Tampilkan postingan dengan label Roman Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Roman Jawa. Tampilkan semua postingan

Rabu, 23 Oktober 2013

Esemmu sing Daktunggu


Srengenge wis angslup ing garbaning pertiwi. Panase srengenge wis ilang kesaput grimis riwis-riwis nalika sore mau. saiki mung ninggalake sethithik cahyane kang isih semburat ing poncot langit sisih kulon. Alon sumilir angin nggogrogake godhong-godhong jati saka pange kang pengkuh. Hawa adhem sasi januari kaya-kaya mbeset kulit babar pisan ora dakreken. Senajan wengi iki ing langit kana mbulan lagi nekani wayahe purnamasidi ananging kanggoku wengi iki ora ana bedane karo wengi liyane. Kang ana mung rasa sepi kang ngrerujit ati. Sumunare mbulan ngliwati godhong-godhong jati banjur tumurun nyapa aku kang lagi manjer pandulu nyawang langit kang tanpa winates.
Aku ambegan landhung karepku bisaa ngurangi sumpeg kang lagi dakrasa wengi iki. Aku wis judheg kudu mbabar crita marang sapa amarga kabeh-kabeh rumangsaku ora ana siji-sijiya kang gelem anggenku mbabar ukara. Kabeh kaya-kaya nutup kuping lan aku mung bisa mbabar critaku iki marang angin. Kadhang aku uga ngrasa sarwa salah. Upama biyen aku ora nglakoni lelakon iki samesthine uripku ora bakal nelangsa kaya mangkene.
Wektu terus lumaku mecaki wengi. Alon-alon mbulan tansaya munggah dhuwur saperlu andum cahyane marang sekabehaning titah kang jumangkah ingatase bumi. Kanthi kekancan klawan mayuta-yuta lintang kang sumebyar ing dirgantara. Mbulan klawan lintang mau sajak ngajak aku melu necep endahing wengi. Ananging kaya-kaya pangajake lintang lan mbulan mau mokal kasembadan jalaran abote perkara kang lagi daksandhang dina iki. Saben wengi kang ana ing pikirku mung wewayangane sisihanku kang banget daktresnani. Lan nalika winih-winih tresna kang wiwit tukul iku kepeksa dakbubut jalaran janji kang wis dakucapake sawetara taun kepungkur nalika slirane durung dakrengkuh minangka sisihanku kang sah. Sah miturut adat lan sah miturut agama.
Nalika dakjangkahake laku saperlu mulih menyang omahku, nanging kaya-kaya ati iki durung bisa diajak bali. Kang njalari aku agah-agahen mulih menyang omah ora liya yen ketemu klawan sisihanku. Orane ana rasa mangkel yen ketemu klawan dheweke nanging saben-saben ketemu dheweke kang dakrasakake mung lara kang nunjem ing sajroning pulunge ati. Dak akoni pancen sisihanku iki klaebu pawongan kang ayu tur sumanak. Tepung biyen klawan dheweke jalaran dijodhohake wong tuwaku. Saliyane iku dheweke uga pernahe adhi angkatanku nalika isih kuliyah biyen. Jan-jane ngono upama ditandhingake antarane aku lan slirane pindha Dewi Sembadra ketandhingake dening Sukrasana adoh banget. Nanging amarga kegawa karepe wong tuwa asile aku lan dheweke kasil sumandhing.
Sawise aku sumandhing klawan dheweke orane kabagyan kang mampir nang ati iki, nanging kang ana mung rasa kang banget ngrerujit ati. Wis kaya dadi pakulinan saben wayah wengi ati iki kairis-iris nalika daksawang pasuryane. Kepriye oar senajan aku iki sisihane kang sah durung sepisan-pisana dak aras rambute iku. Mbiyen sadurunge lungguh ing kwade aku wis ngucapake janji marang heweke yen aku ora bakal ndemok dheweke yen dheweke durung bisa nampa aku kanth apa anane. Upama dheweke ora bisa nampa aku bakal dak usahakake dheweke bakal nggayuh kabagyan senajan anggone ngrasakake kabagyan mau kudu ana tumbale kang ora liya aku tetep bakal dak usahakake. Anane dhewekeora bisa nampa aku kanthi apa ananejalaran dheweke durung bisa nglalekake mantan pancangane biyen kang sambung asmarane dipisahake dening wong tuwane jalaran arep dijodhohaku marang aku.
Aku dhewe uga wis mangerteni yen dheweke iku wis nduwe pancangan nanging aku nduweni kuwasa apa. Upama aku mbrontak samesthine bakal dadi wirange wong tuwa. Mulane janji mau kepeksa dakucapake supaya kabeh bisa lumaku kaya samesthine. Pancen yen disawang dening wong liya anggenku jejodhowan klawan sisihanku iki padha dene mimi lan mintuna kang atut runtut. Tangga teparo dalah para kaluwaraga uga kerep aweh pangalembana marang aku amarga sasuwene aku jejodhohan klawan dheweke wong-wong mau ora nate weruh aku tukar padu klawan sisihanku. Pancen wong ing alam onya iki bisane mung sawang sinawan. Durung mesthi kang disawang katone kepenak nanging bareng dilakoni penake ora kaya penake nalika nyawang. Mula yen ana wong takon marang aku apa kang dadi rahasiane hubunganku klawan sisihanku aku mung mesem wae. kamangka pitakonan mau kaya-kaya ndudah tatu kang kasimpen ing jerone ati.
Pancen manungsa urip ing alam donya iki mung sarwa sawang sinawang. Urung mesthi kabeh yen disawang kepenak njur kepenak uga rikala dilakoni semono uga suwalike durung mesthi yen katone angel ditindhakake uga angel ditindhakake. Kabeh mau mung dibalekake marang sapa sing nglakoni perkara iku mau. Saka perkara kang dak lakoini iki aku bisa nduweni panemu. Aja sok gampang aweh pambiji marang wong liya yen durung njajagi apa kang sumimpen ing atine. Lan wong urip ing donya iku padha dene wong kang lagi ngadek ing panggung sandhiwara. Wong liya mung bisa ndulu apa sing awake dhewe tindakake tanpa mangerteni apa kang dirasakake dening paraga mau. Saben-saben lingsir wengi nalika netra iki durung bisa diajak nendra ati iki kerep njerit, nanging emane jeritane atiku mau ora ana sing ngrungokake kejaba aku dhewe. Sajrone panjeritke mau ati iki kerep aweh pitakonan. Kena apa trena iku teka tanpa menehi warta. Lan trena mau kerep ora nyawang dedeg piyadege pawongan kang bakal ketaman tresna mau. Apa wong mau nduweni dedeg kang pengkuh utawa malah nduweni dedeg kang ringkih kaya aku iki babar pisan ora direken. Saliyane iku tresna dhewe upama pengin oncat uga ora kirim pawarta. Lan trena mau ora bakal nggape kaya ngapa  surasane ati kang koncatan mau.Paribasan kaya tekane angin tresna mau kaya-kaya malah ngiwi-iwi marang pawongan kang nangisi oncate tresna mau.
Oncate tresna pancen banget mbebayani tumrap pawongan kang nduweni panemu kang kliru. Amarga ana kang nempuh alan kang luput, saengga regane nyawane manungsa kena dietung regane mawa rasa tresna. Iki ora nganyuwara jalaran manungsa kang atine peteng bisa tumindak apa wae. mula yen ana manungsa kang tumindak culika amarga koncatan tresna jamn saiki kaya-kaya wis dianggep lumrah.
Mbuh wis pirang jam anggenku lungguhan aku lungguhan ijen ing papan iki, nganti cagak telpon kang ditabuh dening warga wis kasil mbuyarake lamunanku. Jam tanganku daksawang lan dakweruhi yen wengi wis ngancik jam siji bengi. Meruhi wengi wis ngancik jam siji aku enggal-enggal njangkahake laku menyang omahku. Jam siji luwih sepuluh menit aku wis teka platarane omahku. Sawise ngancik emperan omah enggal-enggal wae dakgrayahi sakclanaku saperlu nggoleki kuncine omah. Aku ora gelem notok lawang jalaran samesthine yah mene iki sisihanku samesthine lagi turu angler, aku wegah yen ngganggu sisihanku jalaran sesuk dheweke uga kudu makarya nggulawenthah bocah-bocah ing SMP kulon bale desa kono. Jan-jane ngono aku sesuk uga ana jam ngajar ing SMP kang padha panggonan karo SMPne sisihanku, nanging jalaran wis dadi pakulinanku wiwit isih kuliyah biyen  ora bisa turu yen durung lingsir wengi.
Sawise mlebu ngomah banjur dakbanting awakku ing kursi ruwang tamu. Sinambi leyeh-leyeh sarta ngenam pikir tanpa dakrasa mripat iki nutup dhewe. Wengi iku ing sajroning turuku iku aku ngimpi. Ing ngimpiku mau rumangsaku aku weruh enthung kang gumantung ing lawange omahku, lan nalika dakcedhaki saka enthung mau jumudhul kupu kang wernane endah banget. Urung wae kateg anggenku namatke kupu mau dumaakan alarmku muni, banjur tak saut hp-ku lan ak sawang ing lcd-ne hp-ku mau nuduhake jam lima esuk. Aku age-age mlayu tumuju kamar mandi saperlu njupuk banyu kanggo wudhu. Ning esuk iki rumangsaku rada beda karo dina-dina sing wingi. Jalaran yen dina-dina wingi jam yah mene iki sisihanku wis tangi saperlu masak. Nanging esuk iki kok ora ngono batinku. Perkara iku mung dakbatin wae lan sabubare aku nindakake sembahyang subuh daksawang kamare sisihanku lampune isih murub sarta lawange isih tutupan.
Batinku sisihanku mau isih turu, maklum kekeselen jalaran dheweke wingi kandha marang aku senajan mung liwat sms yen baline saka sekolahan raa sore jalaran arep ngoreksi ulangane bocah-bocah. Mula ora ana prasangaka apa-apa ing atiku. Dakjarake wae ngaanti jam setengah pitu esuk, nanging kamare kok durung dibukak lan lampune uga durung dipateni. Meruhi kahanan kang kaya mangkono iku, wiwit tuwuh rasa was-was ing atiku. Lawang kamar dak thothog nanging ora ana wangsulan. Perkara iki nambahi rasa was-wasku amarga ora ana wangsulan  tanpa njaluk pasarujukane aku banjur mlebu kamar iku.
Ing njero kamar iku daksawang sisihanku lagi slimutan brukut, nalika weruh aku ngadeg ing sandhinge dheweke ngomong marang aku. Swarane lirih banget.
“Mas, aku tulung sampeyan ijine yen dina iki aku ora bisa mlebu jalaran awakku nggreges kabeh” kandhane sisihanku.
“Ya, dhik nanging piye? Sampeyan dakterake menyang puskesmas ya?” pangajakku.
“Ora, usah mas aku mengko ngrepoti sampeyan” wangsulane sisihanku.
“Ngrepoti piye ta? Sampeyan anggep aku iki apa. Aku iki rak ya isih bojone sampeyan sing sah, mulane yen ana  apa-apane karo sampeyan iku wis dadi kewajibanku. Mulane ora usah dipenggalih sing rena-rena. Saiki uga sampeyan kudu gelem tak ajak priksa nang Puskesmas” wangsulanku setengah karo meksa.
Pungkasane sisihanku mau gelem tak ajak priksa menyang Puskesmas. Saka asil pamriksane mantri jebule bojoku mau ora lara apa-apa nanging mung kekeselen wae lan diakon leren sawetara wektu. saka Puskesmas mau aku diwenehi obat lan ngombene sedina ping telu. Esuk siji, awan siji, ngarepne turu siji. Mulih saka Puskesmas aku mampir dhisik menyang warunge Bu Gono saperlu nukokake sarapan sisihanku. Sawise seminggu teratur anggene ngombe obat pungkasane kesehatane sisihanku bali kaya padatane maneh. Sawise sisihanku iku waras adate marang aku dadi beda.
Nuju sawijining sore nalika aku lungguhan ing ruwang tamu. Dumadakan sisihanku mau teka-teka numbruk aku lan nangis nggugluk ing pangkonanku. Meruhi dheweke nangis mula dakdegake dheweke njur tak takoni sejatine ana apa. Nanging keprungu pitakonku orane tambah lerem nanging tangise tansaya ndadra. Aku adi bingung dhewe meruhi kedaeya iki. Amarga saweruhku sedina iki aku lan dheweke kaya-kaya ora ana beda panemu ning apa kang njalari dheweke nangis aku isih tidha-tidha.
Sawise atine ketata banjur sisihanku mau kandha yen sejatine dheweke rumangsa luput jalaran dheweke ora gelem ngrengkuh aku minangka sisihane sing sah. Lan dheweke uga mung nuruti kekarepane sing nganyuwara kang isih ngarepake katresnan saka pancangane biyen. Kamangka mantan pancangane iku saikine wis nduwe bale wisma dhewe. Minangka jejere dheweke wanita dheweke uga ora kepingin ngrusak bale wismane liyan. Saliyane iku dheweke uga ngrumangsa sasuwene iki dheweke kaya-kaya wis wuta jalaran ana pawongan kang banget nresnanin dheweke nanging babar pisan ora digape, lan dheweke kaya-kaya ngarep-ngarep udan ing mangsa ketiga. Mulane wengi iku sisihanku njaluk pangapura marang aku.
Aku sing keprungu omongane sisihanku mau mung meneng tanpa ukara. Aku mbatin jebul pangiraku bener yen tresna iku teka tanpa weneh warta. Kaya kedadeyan wengi iki. Trena sisihanku pungkasane gelem tuwuh. Lan trsnaku kang tuwuh ing atiku uga ora bakal kejabut maneh. Nalika krungu wangsulanku yen aku gelem aweh pangapura marang sisihanku mau dak sawang ana esem tipis ing pasuryane. Ya esem iki kang dakrantu sasuwene aku sesandhingan karo dheweke.


Paseksen


    Kaya padatane saben dina jemuah sore kahanan kost-kostan mesthi sepi. Awit saben dina kasebut para mahasiswa kang racake saka luwar wewengkon kutha Surabaya akeh sing bali menyang dhaerahe dhewe-dhewe. Aeng pancen jarene rega angkutan umum ing dina iki padha larang nanging kok isih akeh wae mahasiswa kang kerep bali menyang dhaerahe saben minggune. Apa ora eman marang dhuwit kang digunakake kanggo mulih kuwi. Prayogane rak ya dhuwit kalamau bisa ditabung lan digunakake kanggo nyukupi kabutuhan kuliyahe. Sajak ora ngreken marang kanca-kancane kang padha mulih menyang dhaerahe ing kost-kostane Bu Yuli kang dumunung ing gang 5 lidah wetan kuwi katon bocah wadon loro kang isih asik dhiskusi ngenani tugas kampuse. Nalika ana sing aweh panyaruwe marang bocah loro kuwi mau, bocah loro kuwi mau mung nggeguyu lan nerusake anggene rembugan. Upama ora ana tugas kang kudu dikumpulake dina senin kuwi samesthine Resty lan Widya samesthine uga bakal melu mulih menyang dhaerahe.
    Sawise watara suwe anggene rembugan ing emperan kost-kostan kuwi, bocah loro mau banjur mlebu ing kamare dhewe-dhewe. Pancen senajan nunggal kampus lan nunggal kost-kostan bocah loro iku mau ora bisa kelakon sakamar jalaran nalika semana anggene Resty ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi rada telat. Sadurunge ngekost ing daleme BU Yuli kuwi Resty nate ngontrak bareng kanca-kancane SMA ing dhaerah Babatan. Nanging amarga kepingin njemabarake pasrawungan tumrap para kanca lan kepingin ngrasakake swasana kang anyar. Pungkasane Resty melu ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi. Anane Resty ngekost ing daleme Bu Yuli iki disebabake amarga pangaribawane Widya kang kandha marang dheweke yen ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi kepenak banget jalaran bocah-bocah kang ngekost ing rancakake bocah kang asale saka sanjabane Surabaya mula ora nduweni polah kang neka-neka.
    Pancen yen ndulu jagading pawiyatan luhur iku ana saperangan cilik kang dadi gawe mirising ati. Akeh para mahasiswa kang padha tumindak nyimpang saka norma kasusilan. Nanging untunge bocah-bocah kang ngekost ing daleme Bu Yuli iki sajake padha nduweni sangu agama saka kaluwarga kang kuwat banget. Jalaran ora ana siji-sijiya bocah kang ngekost ing kono kang wani nerjang norma kasusilan. Saliyane kuwi Bu Yuli uga aweh kawigaten kang banget tumrap para anak koste. Bocah-bocah kang ngekost ing kono ora mung dianggep anak koste wae nanging uga diwengku kaya dene anake dhewe. Bu Yuli dhewe uga ora nate duka yen ana anak koste kang telat anggene mbayar kost jalaran Bu Yuli dhewe uga nate ngrasakake manis lan paiting dadi anak kost. Saka kawigatene iki bocah-bocah kang ngekost ing kono uga wis nganggep BU Yuli iku kaya ibune dhewe. Bu Yuli uga kerep dadi papan curhate anak koste wiwit saka prakara kuliyah lan nganti prakara asmara.
    Ing njero kamar bocah loro kuwi padha ngempakake laptop-e awit bocah loro kuwi mau enggal-enggal kepingin ngrampungake tugase. Watara wwis telung jam anggene bocah loro kuwi ngetik tugas ing laptop-e amarga wis rumangsa kesel anggene ngetik tugase mau Widya metu saka kamare lan jumangkah tumuju ing kamare Resty. Nalika mlebu ing kamare Resty iku Widya njomblak kaget amarga ing kamar kuwi Widya meruhi kancane iku kekembeng luh.  Amarga meruhi kancane nangis kuwi Widya age-age mlayu lan lungguh ing sapinggire Resty.
    “Ana, masalah apa ta Res kok awakmu nangis iki?”
    “Ah, gak ana apa-apa kok Wid mung iki mripatku kelebon lebu” .
    “Ora usah mbujuk Res, awake dhewe iki wis padha gedhene lan wis suwe anggene memitran mula yen ana masalah kuwi aja mung diendhem dhewe. Sapa ngerti aku bisa ngrewangi awakmu ucul saka masalah iki”.
    “Ah, gak ana apa-apa kok Wid!”.
    “Ora usah mbujuk Res, wis ta lha kandhaa karo aku mripatmu kuwi hlo ora bisa mbujuki aku. Saka cahyaning mripatmu kuwi aku bisa aweh ppandguga yen awakmu lagi prakara kang  abot banget. Apa iki gara-gara tugase Bu Santi kae?”
    “Ora kok Wid, iki babar pisan ora ana gegayutane marang pakuliahan nanging iki perkara ati”.
    “Apa? Perkara ati?” Widya njomblak kaget.
    “Iya, Wid”.
    “Hla terus apa ana pawongan sing wis wani natoni atimu saengga awakmu nangis kaya ngene iki. Yen ana, hayo kandhaa menyang aku. Bakal tak labrake wong iku. Aja kok pikir yen aku ora wani wong ngene-ngene iki aku ya nate melu bela dhiri, priya ngendi sing wani natoni atine kancaku wis ora jamane yen wanita iku mung kanggo dolanan kaum priya”.
    Durung nganti Widya ngentekake tetembunge nanging omangane Widya mau kapedhot dening swarane Resty
    “Wis ta Wid, wis ora ana babar pisan sing natoni atiku”
    “Hla terus kepriye nalare kok awakmu nganti nangis iki”
    “Ngene lo Wid sejatine aku iki nduweni rasa marang sawijining priya, aku wis menehi kawigaten kang linuwih marang dheweke nanging dheweke sajake ora ngrasa yen sajake aku ana rasa marang dheweke”.
    “Hla banjur sapa bocah lanang sing kok karepake iku mau?”
    “Mas Deny”
    “Mas Deny kakak angkatane dhewe kae ta?”
    Keprungu pitakone Widya kasebut Resty ora mangsuli pitakone kancane mau nanging mung manthuk kanthi alon. Widya sajak tanggap ing sasmita marang kahanan kang lagi dialami dening kancane iku. Dheweke nyoba nentremake Resty lan kandha bakal aweh bantuwan amrih Deny bisa weruh apa kang dirasakake dening kancane kuwi. Meruhi ana kanca kang nduweni kawigaten kang gedhe tumrap dheweke Resty mung bisa ngucapake marang kancane kang wis dianggep kayadene sedulure kuwi.
    Dina senin kahanane kampus rame banget. Tugas saka Bu Santi kang kudu dikumpulake dina iki jebule wurung dikumpulake jalaran dina iki lagi ana tugas saka kampus supaya ngrawuhi workshop ing Malang. Bocah-bocah kang durung rampung anggone ngerjakake tugas mau padha sumringah. Bocah-bocah sing kewedhen amarga ora ngumpulake tugas mau bisa mesem kanthi kebak kabagyan. Anane bocah-bocah mau wedi marang Bu Santi jalaran ana sebageyan mahasiswa  kang kandha yen Bu Santi iku kelebu dhosen kang killer. Nanging iku mung pandugane saperangan cilik mahasiswa wae. jalaran akeh mahasiswa liya kang kandha yen BU Santi mujudake sawijining dhosen kang palng penak ing jurusan iki, jalaran Bu Santi kerep nyilihi buku marang mahasiswane kang mbutuhake referensi kanggo ngerjakake tugas kuliyahe. Pancen Bu Santi yen lagi duka ora ana siji-sijiya mahasiswa kang wani slengekan marang piyambake. Bu Santi pancen kerep duka marang mahasiswane kang telat anggene melu kuliyah sarta telat anggene ngrampungake tugas-tugas mata kuliyahe.
    Saka bocah-bocah kang melu seneng amarga Bu Santi ora awuh yaiku Widya. Pancen dina iki tugase Widya durung rampung lan ing kalodhangan iki digunakake dening Widya kanggo nambah referensi kanthi maca buku-buku kang cundhuk klawan tugas-tugas mau ing perpustakaan kampus. Ing perpustakaan mau Widya ketemu klawan Deny. Bocah lanang kang lagi digandrungi dening Resty. Nalika Widya ndulu dedeg piyadege Deny mau dheweke manggut-manggut. Ing njero atine dheweke ngomong pantes yen Resty kepincut klawan priya siji iki, jalaran Deny ngono beda klawan bocah lanang liyane kang padha-padha jurusan sastra. Bocah-bocah sastra kang biyasane sandahang penganggone sakarepe dhewe lan rambute digawe gondrong jebule ora tinemu ing Deny. Deny mesthi dandan kang necis senajan iku dandane iku prasaja.
Saliyane prasaja Deny ngono uga kalebu mahasiswa kang lathip kang pikir. Nyatane iki nalika kancane isih padha bingung anggene ngerjakake skripsi. Deny wis rampung anggene ngerjakake skripsi lan iki mung ngenteni kapan winisuda dening kampus. Meruhi Deny kang lagi asyk maca buku reriptane Kahlil Gibran kasebut Widya langsung lungguh ing sacedhake Deny. Untung wae kahanan perpus nalika iku lumayan sepi. Saengga akeh papan kosong kanggo maca. Sawise lungguh ing sacedhake Deny banjur Widya ngeblak pundhake Deny. Deny kang kaget banjur ngarahake panyawange marang pawongan kang ngeblak dheweke iku.
“Hlo, dhik Widya ana apa dhik sajake kok wigati banget?”
“Iki hlo mas, aku arep ngomong ngenani perkarane kancaku si Resty lan sampeyan”.
“Gayutane ana apa kok katone wigati banget”
“Iya mas iki wigati banget kanggo kancaku Rsety”.
“Hla ana apa kok kudu kudu aku lan resty?”
“Ngene hlo mas kancaku resty iku nduweni rasa marang sampeyan, jan-jane kancaku si Resty wis menehi pratandha marang sampeyan menawa dheweke nduweni rasa seneng utawa sing luwih trep yen diarani tresna marang sampeyan dak jaluk nek sampeyan nduweni rasa kang padha klawan Resty sampeyan uga enggala ngomong utawa sampeyan nulak kudune sampeyan nulak kanthi alus saengga ora gawe cuwaning kancaku iku saliyane iku aku uga ora kepingn kancaku iku ajur IP-ne jalaran kepikiran sampeyan terus”.
“O..alah jebule iku ta perkarane. Aku dhewe jan-jane uga nduweni rasa marang kancamu nanging dina aku isih kepingin kancamu iki munjerake kawigatene marang tugas-tugase lan ora kepingin kancamu iku nglirwakake tugase”.
Weruh wangsulane deny kang kaya mangkono ku mau banjur Widya ngerti kena apa kang ndadekake Resty nduweni pandakwa tumrap Deny kang dianggep ora nduweni kawigaten tumrap dheweke. Sawise keprungu wangsulane Deny kang kaya mangkono kuwi Widya age-age ninggalake ruwang perpus iku jalaran bakal ana kuliyah. Dina candhake nalika Resty lungguhan ijen ana ing kampus weruh resty lungguh ijen Deny langsung lungguh ing pinggire Resty. Untung wae swasana kampus wektu iku rada sepi dadi ora sepiraa mahasiswa kang ndulu wong loro kuwi mau.
“Dhik, aku oleh apa ora blaka karo sampeyan?” pitakone Deny marang resty.
“Blaka marang apa hlo mas?” wangsulane Resty sajak ora ngerti.
“Aku arep blaka marang sampeyan yen sejatine aku iki tresna banget marang sampeyan. Dak suwun jembar pangapuramu awit wingi-wingi aku ora nuduhake ulat tresna marang sliramu. Aku nindakake iku kabeh jalaran aku kepingin aku ora kepingin nglirwakake sekabehaning tugas-tugasmu. Sepisan maneh dak suwun pangapuramu”.
“Dadi sing wingi iku kabeh mung sandhiwara wae ta mas? Lan sandhiwara iku kabeh sampeyan tindakake kanggo aku?”
Keprungu pitakone Resty kang pungkasan iki Deny ora semaur lan mung manthuk kanthi alon. Angin sumilir tipis nggawa gandha arume mlathi kang tinandhur kanthi asri ing pawiyatan kuwi. bocah loro iku mung meneng wae, nanging saka sunare mripat bocah loro iku katon reroncening tali asih kang suci pindha mlathi. Ati loro wis kasil manunggal dadi siji. Muga-muga tali isih iki tetep lestari lan mugiya bisa ngadhepi sekabehaning pacoban. Ing sadawane laku kang kerep ngreridhu.


   

Ing Sawalike Fenomena Blue Moon

Resty nyawang kembang-kembang mlathi kang lagi nedheng-nedheng mekar kuwi kanthi kebak pangrasa. Dheweke katon marem banget bisa nyawang endahe kembang mlathi kasebut. Nanging sawalike rasa marem iku atine tansah keranta-ranta. Anane dheweke ngrasa keranta-ranta iku jalaran priya kang banget dheweke tresnani wis tega nglarani sarta gawe gelane atine. Resty kaya-kaya ora percaya yen priya kang paling dipercaya bisa njaga sarta ngayomi dheweke malah gawe lara atine. Isih cetha ing pikire weng iku kanthi disekseni gandha arum kembang mlathi kang suci Deny ngucap janji tresna marang Resty yen dheweke saguh ngenteni Resty nganti lulus kuliyah. Nanging, nyatane telung wulan sawise lulus saka pawiyatan iki Deny wis nggandheng wanita liya. Kang nambah rasa lara ing atine Resty wanita kang digandheng Deny iku adhi angkatane. Luh wening terus mili saka mripate Resty saben-saben nyawang kembang mlathi kuwi. Amarga ing antarane kembang-kembang mlathi iku nate kaukir janji prasetya antarane dheweke klawan Deny.
Kegawa rasa lara ing njero atine nganti Resty ora keprungu yen HP-ne wis  bola-bali muni. Wektu HP-ne muni kang pungkasan dheweke nyaut HP kang digletakake ing pinggire dheweke lungguh. Nalika dibukak wis ana sepuluh es-em-es saka Widya kanca nunggal koste. Lan sepuluh es-em-es iku kabeh isine padha. Es-em-es kang dikirim dening Widya kanca rakete mau isine kabeh nakokake ana ngendi dheweke saiki. Apese nalika arep mbalesi es-em-es’e Widya mau ora bisa jalaran dheweke kelalen ora ngisi pulsa ing kiose Pak Tukit kang manggon ing ngarep kost’e.  Amarga dheweke ora bisa mbalesi kanca rakete hp banjur digletakake maneh ing papan sadurunge. Ing njero batin Resty takon marang awake dhewe.
“Apa pepisahan telung wulan nalika PPL iku tansah njalari Ms Deny minangka priya kinasihe iku lali marang aku? Utawa wektu telung wulan iku wis kasil gawe lunture rasa tresnane marang aku?” pitakon-pitakon iku bola-bali ditakokake marang awake dhewe senajan tanpa mangerteni kepriye wangsulane. Resty banjur nggraita marang awake dhewe. Dheweke mbenerake ujare kandha yen priya ngono pancen gampang nglalekake samubarang kayata ing babagan tresna. Priya gampang banget nuwuhake tresna lan gampang nyidrani sucine katresnan iku dhewe. Dene wanita senajan angel nuwuhake rasa tresna nanging yen wis kadhung tresna marang sawijining pawongan angel banget ngilangake rasa tresnane. Lan tresna iku pancen ora nywang bandha lan rupa, mung ati pawitane. Nalika Resty kegawa ing lamunane dumadakan hp-ne muni lan nalika disawang pranyata iku telpon saka Widya mula telpon saka kanca rakete iku enggal diangkat.
“Halo, Res saiki awakmu ana ngendi?” pitakone Widya.
“Aku ana ngarep gerbang Wid. Ana apa? Wangsulane Resty kanthi swara pedhot-pedhot.
“Hlo, awakmu kena apa Res kok sawara pedhot-pedhot kaya wong kang mentas nangis?”
“Ora, kok Wid iki mung kepedesen kok.”
“Kok dengaren awakmu gelem dolan ana gerbang lagi galau ya?” panggodhane Widya
“Ora, kok Wid iki mung pengin nentremake pikir”.
“Awakmu karo Mas Deny ye? Nek awakmu karo mas Deny aku tak ora sida mrono, tiwas aku mung dadi obat nyamuk wae hehehe”.
“Ora kok Wid, aku ijenan iki. Mreneya aku lagi butuh kanca gawe curhat”.
“Oke, saiki awakmu ana ngarep gerbang sing sisih ndi? Tunggunen aku, aku arep ngomong karo awakmu Res ana babagan kang wigati banget.
“Babagan apa hlo wid?”
“mengko wae tak omongi ora penak yen dakomongake lewat telpon. O, ia awakmu nang sisih ndi?”
“Aku ana gerbang ngarep Wid, cedhake bakul bakso sing lor dhewe.”
“Iya Res. Iki aku budhal.”
Ora watara suwe Widya wis teka ing ngarep gerbang. Sadurunge dheweke bingung nggoleki ana ngendi resty. Nanging sawise weruh bocah kanthi nganggo jaket werna abang lan rambut dikuncrit sangisore bau, dheweke yakin yen iku Resty. Niyate mau arep ngageti Resty nanging sawise cedhak saka panggone Resty lungguhan dheweke weruh mripate kancane iku kaca-kaca. Dheweke banjur nduwe panduga yen kancane mau lagi nandang kasusahan kang banget.
“Hayo, ana apa kok katone awakmu mentas nangis maneh?” pitakone Widya sinambi lungguh lan ngrangkul kancane kuwi.
“Ora kok. Aku ora nangis kok iki lo aku mentas kecipratan sambel mripatku” wangsulane Resty sajak ora blaka ngenani perkara kang lagi diadhepi.
“Alah Res..Res, awake dhewe iki lho wis ngancik enem semester kekancan, kuliyah sagedhung lan ngekos wae uga saomah. Aku wis apal karo kabeh karo patrapmu. Mula menawa lagi ana masalah blaka wae karo aku. Menawa  aku bisa  ngrewangi ruweting masalahmu kuwi. Apa awakmu ora eling kandhane Bu Dangu kae. Sing jarene wong sing lagi ana masalah lan mung nyidhem masalahe kuwi bisa nuwuhake kukul. Apa awakmu pengin praupanmu sing ayu kuwi malih metu kukule. Hiiiiiiii.......nek aku sih wegah. Hahahaha.”
“Iya Wid, jan-jane ngono aku lagi ana masalah nanging arep curhat menyang awakmu kok nanging aku rumangsa sungkan marang awakmu kok saben-saben ana masalah aku mesthi curhat menyang awakmu sing tembe mburine bakal ngreptake awakmu Wid.”
“Alah, Res...Res awake dhewe iki rak wis suwe kenal tur awakmu ki wis dak anggep luwih saka sedulurku dhewe. Upama awakmu ngrasa bungah aku uga bakal ngrasa bungah, suwalike yen awakmu ngrasa susah aku uga malah susah jalaran aku ngrasa aku nduwe luput marang kancaku awit sipatku utawa tumindakku kang ora mranani ing pangrasamu. Mula yen awakmu lagi ngadhepi masalah kang abot becike enggal critaa menyang aku mbok menawa aku bisa ngrewangi ngudhari masalahmu kuwi.”
Sawise diajangi kancane kaya mangkono banjur Resty nyuntak sekabehane masalah kang diadhepi marang mitrane kuwi. Widya kang ngerti ana ngendi punjere prakara kang diadhep dening kancane kuwi mung manthuk-manthuk lan nyoba nlesih kepriye carane amrih dheweke bisa aweh pambiyantu saengga kancane kuwi bisa uwal saka prakara kang lagi diadhepi. Mulane mau dheweke nggoleki Resty jalaran dheweke kepingin menehi weruh marang Resty yen saiki Deny wis nduwe sesambungan kanthi raket marang sawijining mahasiswa adhik angkatane. Kanggo nentremake atine kancane mau Widya banjur kandha marang Resty.
“Wis ta Res awakmu aja menggalih sing werna-werna dhisik, durung mesthi yen Mas Deny tumindak kaya ngono kuwi? Sebab aku karo awakmu rak ya wis ngerti padha ngerti yen mas Deny ngono priya kang ora thukmis.”
“Kudu ana bukti apa maneh ta Wid? Apa iku kabeh durung menehi gambaran sing nyata yen Mas Deny wis cidra marang janjine kang diucapke rikala semana ing ngarep gerbang iki.”
“Ngene lo Res, awakmu lan aku rak ya padha durung ngerti sapa sejatine bocah wadon kuwi. Senajan dheweke iku adhik angkatane kene nanging awake dhewe rak ya durung ngerti sapa sejatine dheweke. Mula sesuk aku nyoba takon marang adhik-adhik angkatan liyane ngenani sapa sejatine bocah iku. Sapa ngerti bocah iku mung pengin njaluk weruh marang Mas Deny ngenani babagan tugas. Awakmu ngerti dhewe mas Deny ngono klebu Mahasiswa sing pinter dadi ora mokal yen dheweke tansah dadi jujugan adhi-adhi ankatane.”
“Alah, aku wis ora percaya maneh yen mung njaluk warah tugas wong mesra jarene bocah-bocah mesra banget kok.”
“Dadi awakmu durung mesthekne dhewe ta? Awakmu ki aja percaya karo kandhane bocah-bocah durung mesthi yen apa sing dikandhake iku bener. Ngene wae sesuk dakpesthekake dhewe nek wis dakmangerteni ana apa sejatine antarane Mas Deny karo bocah wadon kuwi awakmu lagi oleh njupuk dudutan, apa sesambunganmu karo Mas Deny iki bakal kok terusake apa kok buyarne iku urusanmu. Bakune awakmu kudu ngerti ana apa sejatine antarane Mas Deny karo kenya kuwi.”
Sawise kancane ngomong kaya mangkono Resty mung meneng wae, lan dhewke mbuwang panyawange menyang imbang langit sisih kulon. Senajan wektu iku srengenge wis angslub ing garbane pertiwi nanging semburat cahyane kang ngripta laire candhikayu isih bisa kadulu. Bareng angslube srengenge lampu-lampu kutha Surabaya wiwit sumunar nambah endahing wengi. Mangerteni wektu wis mlebu ing wanci surub Widya ngajak Resty bali menyang kost-kostane ing gang V Lidah Wetan. Resty kang diajak ora bisa suwala amarga dheweke uga pengin enggal mulih menyang koste jalaran kepingin ngrampungake tugas Apresiasi Sastra Jawa Modern kang diwenehake dening BU Dewi esuk mau.
Dina candhake ing kampus isih rada sepi jalaran kanca-kanca saangakatane Resty lan Widya saperangan isih ana ing panggon PPL. Bu Dewi dhewe dina iki ora bisa rawuh jalaran Bu Dewi ngetreni sarasehan ana ing universitas. Kalodhangan kuwi digunakake dening Widya kanggo mangerteni ana apa antarane Deny klawan kenya kang ujare kandha wis dadi pacar anyare kasebut. Kebeneran wektu iku Deny kang minangka asisten dhosen mata kuliyah sastra bandingan isih ngoreksi garapane bocah-bocah. Mula Widya banjur natagake ati sarta lungguh ing sacedhake Deny lan takon marang Deny ngenani kepriye sesambungane klawan Resty ing dina iki. weruh tekane Widya ana rasa marem ing atin Deny jalaran mungguhe Deny lumantar Widya iki bakal bisa nglurusake masalah antarane dheweke lan Resty. Kanggone Deny siji-sijine dalan kanggo ngraketake maneh sesambungane  klawan kenya kinasihe iku mung bisa saka anane cawe-cawe saka Widya.
Sawise Widya lungguh ing sacedhake banjur Deny ngomong marang Widya sing intine njaluk tulung anane cawe-cawe Widya amrih sesambungane klawan Resty ora kepedhot ing tengah dalan.
“Dhik Wid aku oleh njaluk tulung menyang awakmu apa ora?” kandhane Deny.
“Njaluk tulung ing babagan apa lho mas?” Widya ganti takon  
“Ngene hlo Wid, aku njaluk tulung menyang awakmu menehi ngerti yen antarane aku lan Anita ngono babar pisa ora ana apa-apa dheweke iku ngono sejatine isih dulur karo aku lan menawa Resty ngerti aku runtang-runtung bareng klawan Anita nalika semana iku ngono disebabkake wektu iku aku dikongkon mbaturi Anita pindah kost-kostan. Lan upama awakmu iki mengko awakmu ora bisa ngyakinake Resty marang apa sing dakakndhakake mau aku njaluk tulung mengko bengi jaken Resty metu menyang gapura ngarep mengko aku dak ngomong dhewe!”
“Iya mas, becike ya ngono sampeyan ngomong dhewe menyang Resty ngenani kahann kang sabenere. Mengko menawa sing kadha aku Resty durung mesthi dheweke percaya menyang aku. Lan apa sing dakkandhakake mung sawates tembung kang nganyuwara.” Mengkono kandhane Widya marang Deny, ing atine Widya rumangsa seneng jalaran dheweke ora perlu takon angel-angel ngenani sapa wanita kuwi marang Deny.
Sore kuwi bubar andhok ing warunge pak darma Widya ngajak Resty lungguhan ing gerbang kampus. Wiwitne Resty nolak nanging sawise dijelasake dening Widya yen wengi iki ana fenomena blue moon pungkasane Resty gelem. Tanpa dimangerteni dening Resty dumadakan saka mburi ana Deny sing metu saka rerungkutan kang ana ing mburine Resty. Pancen wis wiwit mau Deny singidan ana ing papan kono. Meruhi tekane Deny kang ora dinana-nyana iku Resty enggal mlayu nanging durung sempet dheweke mlayu tangane wis kasil dicandhet dening Deny. Amarga kalah tenaga pungkasane Resty mung bisa pasrah. Sawise kuwi mripat loro padha pandeng-pandengan. Sawise kuwi Deny banjur ngomong marang Resty.
“Dhik, mesthine sampeyan ngrasa cuwa marang aku nalika sampeyan keprungu kabar kuwi. Aku uga njaluk ngapura marang sampeyan yen aku ora blaka menyang sampeyan sapa sejatine kenya sing dikabarake lagi cedhak karo aku. Sampeyan kudu ngerti kenya kuwi isih sedulur karo aku prenahe isih ponakanku. Pancen aku sing cupet nalarku lan ora gelem menehi ngerti marang sampeyan. Kaya dhek nalika sampeyan ngayahi PPL ing Kediri kae aku jarang banget es-em-es utawa telpon marang sampeyan iku ngono daktindakake jalaran aku ora pengin ngganggu sampeyan kang lagi ngayahi tugas.”
Keprungu Deny kang ngomong kaya mangkono kuwi Resty isih meneng wae tanpa kumecap apa-apa. Amarga rumangsa Restu durung menehi pangapura marang dheweke banjur deny nerusake anggene ngomong.
“Dhik, ngertenana nganti seprene ora ana siji-sijiya wanita sing bisa ngganti sliramu saka telenging atiku. Sampeyan dhewe mesthine isih eling janji kang dakucapake rikala semana ing ngarep gerbang iki ngucap prasetya marang sliramu. Kembang-kembang mlathi kuwi isih werna putih lan suci semono uga tresnaku marang sampeyan”.
Keprungu kandhane Deny kang pungkasan iku banjur Rsety ambruk ing rangkulane Deny. Mripate katon kaca-kaca lan dheweke ora ngomong apa-apa kajaba, “Mas, apuranen aku sing wis ora percaya karo sampeyan”.
“iya dhik padha-padha” sambunge deny.
Kekarone padha rangkulan kanthi raket banget. Fenomena blue moon sidane wengi iki kedadeyan tenan. Ing langit mbulane katon moblong-moblong. Wengi kang sampurna banget kanggone Deny lan Resty sarta sok sapa wae kang gelem ngeningake cipta ngresepi anugrah kang wis diwenehake dening Gusti. Gandha arum lan sucine mlathi kuwi tansah nggambarake tresna kang ana ing atine titah kaloron kang lagi ketaman asmara.

Kepencut Ayune

Wis dadi adate bocah kost-kostan yen kudu ngirit sangu kiriman saka ngomah. Apa maneh yen isih kuliyah lan durung nyekel gawe babar pisan. Lan kuliyahe iku ing sawijining kutha sing gedhene kaya Surabaya. Apa-apa kudu mbayar, pancen yen dipikir-pikir ngono pancen luwih penak kuliyah ana ngomah. Saliyane bisa luwih ngirit uga bisa rada ngenthengake wong tuwa anggene mbiyayani kuliyah. Nanging merga jurusan sing dakpilih iki anane mung ana ing Surabaya dadi gelem ora gelem aku kudu ngekost ana ing Surabaya.
Jujur wae aku iki tipe wong sing krasanan dadi yen wis ngrasa bosen marang kost-kostan sing dakkosti aku mesthi pindhah. Senanjan  anggenku kost iku mau isih telung wulan yen wis ngrasa ora krasan aku mesthi pindhah lan ora ana sing bisa nggondheli aku. Yen dakitung-itung sasuwene kuliyah wolung semester wis luwih saka limang kost-kostan sing dakpanggoni. Rata-rata sing njalari aku ora krasan yaiku solah bawane ibu kost sing cerewet lan cethile ngalah-ngalahke bang thithil wae. Durung jatuh tempo wae mesthi wis dijaluki dhuwik kostan. Yen wis nemoni ibu kost modhel kaya mangkono ora ana telung dina aku bakal oncat saka papan kono lan golek kost-kostan liya sing ibu koste bisa mangerteni kahanane anak koste.
Nanging nyatane ing surabaya kuwi angel banget nggoleki ibu kost sng bisa mangerteni kahanane anak kose. Rata-rata ibu kost kang ana ing dhaerah kampusku nduweni patrap kang padha. Kaya ibu kostku sing keri iki wis cerewet tur cethile jian ora umum. Obah saobah sing ditindakake dening anak kostse mesthi diluputake. Nganti ana bocah sing kost lagi sedina langsung pindhah merga ora kuwat ngadhepi ibu kostku. Anehe ing kostku sing keri iki aku rada krasan yen dibandhingake klawan kost-kostanku sing biyen. Sing njalari krasan iki mau ora perkara kost-kostane sing murah utawa panggene sing kepenak. Nanging merga pitepunganku klawan kenya ayu sing dodolan tahu ing sacedhake kostku.
Kenalku klawan kenya ayu sing bakul tahu iku pancen ora sengaja. Wiwit jaman semester siji biyen aku wis biyasa masak sega dhewe dene lawuhe kari golek ing warung-warung kang sumebar ing kawasan kampus. Wektu iku kampus nepaki lagi liburan lan akeh warung-warung kang tutup. Beras sing dakmasak wis malih rupa dadi sega lan weteng iki wis ora kena diapusi lan njaluk enggal diisi. Senajan wektu iku Surabaya lagi disawuri udan grimis saka langit nanging ora bisa ngalang-ngalangi jangkahku kanggo golek adune sega.
Sawise muter-muter sepuluh gang nanging durung daktemoni anane tandha-tandha warung sing bukak. Nalika teka ing gang pitu ana warung bukak. Meruhi kahanan kang kaya mangkono kuwi aku ngrasa marem jalaran sega sing ana ing kamar kostku ora suwe maneh bakal mlebu menyang wetengku. Lan cacing-cacing sing wis wiwit sore mau protes enggal mandheg anggene protes. Tibane apa sing dumadi sabanjure ora kaya sing dakkarepake warung kuwi ora ngedol lawuh lan menawa gelem tuku kudu tuku sasegane. Meruhi kahanan kang kaya mangkono aku banjur mundur lan golek papan liya sing gelem ngedol lawuh wae.
Anggenku nerusake laku nganti gang telu ing kono aku ngincer bakul gorengan langgananku. Apese bakul gorengan langgananku iku mau ora dodol. Jarene wong-wong sing ana sakiwa tengene kono panjenengane lagi ngeterake manten menyang mojokerto. Ing njero ati aku banjur mbatin, “kojur tenan iki mengko, mosok kudu mutih?”
Nalika pengarep-arepku kanggo golek adune sega sing wis mateng iku pupus saka kadohan aku nyawang ana lampu ublik kang manggon ora adoh saka bakul tahu langgananku. Yen weruh sasmita kaya mangkono aku percaya yen ing kana mesthi dodolan gorengan. Ora suwe-suwe langsung wae aku mlayu menyang papan kang ana lampu ublike iku. Kaya ngapa senengku bareng cedhak saka kono aku weruh tahu goreng kang nggodha banget. Tahune gedhe-gedhe lan katone gurih banget tur isih kemendheng jalaran isih nembe diangkat saka wajan.
Ing kono aku tolah-toleh merga ora nyumurupi ana ngendi bakule. Amarga wis ora tahan ngempet rasa ngelihe weteng aku banjur cluluk.
“Bu, tumbas bu?”
Anggenku ngambali ana kaping telu nanging bakule tahu ora mangsuli babar pisan. Banjur nalika anggenku cluluk kaping papat saka arah wetan ana sawijining kenya nganggo kaos oblong lan clana jeans sadengkul nyedhaki rombong tahu kuwi. Saya cedhak saya katon yen kenya kuwi isih enom tur ayu banget banget. Ayune ayu alami tanpa nganggo make-up kayadene sing ditindakake dening kenya jaman saiki. Saliyane iku sing ndadekake aku kepranan sandhang penganggo sing digawe iku sederhana banget beda adoh yenditandhingake klawan kanca-kanca kuliyahku. Endi sing niru selebritis korea, endi amrik lah pokoke rena-rena. Tapi kenya iki senajan nganggo sandhang penganggo kang sederhana tetep katon ayune lan ora ngalongi ayune barang sacuwil-cuwila. Wiwitane dakkira yen kenya iku uga arep tuku padha karo aku. Nanging tibane aku kliru, kenya ayu kuwi jebule  sing dodolan tahu.
“Ngersakake pinten mas? Sepurane mas iki mau mentas golek uyah ana toko sebelah” kandhane kenya kuwi.
Aku ngrasa kisinan amarga mau wis nyeluk ibu marang dheweke. Sinambi ngempet isin aku banjur mangsuli.
“Anu mbak tigang ewu mawon,” kandhaku.
“Ndamel petis napa mboten mas.”
“Mboten wae, mbak nanging lomboke radi kathah nggih” panjalukku.
“Iya, Mas.”
Ora watara suwe tahu sing tak pesen dielungake dening kenya kuwi. Nalika nampa tahu kang dielungake dening kenya kuwi atiku dadi trataban. Untunge aku bisa ngendalekake awak saengga ora katon grogi. Bubar nampa tahu saka dheweke aku langsung mulih menyang kost-kostan.
Tekan kost-kostan aku langsung njupuk piring lan tahu kang mentas tak tuku langsung taksaut. Ora kelalen kecap sewu telunan uga tak suwek lan tak campur dadi siji karo sega lan tahu. Pancen mung lawuhan tahu lan kecap nanging aku muji syukur marang Gusti awit ing dina iki aku isih diparingi rejeki bisa mangan nganti wareg.
Mbuh kena daya apa wiwit kedadeyan iku aku tansah kelingan terus karo kenya kang dodolan tahu kasebut. Sedina wae ora tuku tahune ana rasa kang ora kepenak ing njero dhadha. Senajan ing dina kasebut aku ditukokake lawuh sate dening kancaku sing mentas jadian nanging aku ngrasa isih kurang yen durung tuku tahu ing rombonge kenya ayu kasebut.  Aku banjur mbatin. Kira-kira “Apa iki sing diarani cinta pada pandangan pertama?”
Amarga ing njero dhadha isih ana rasa ngganjel merg pengin ngerti sapa jenenge kenya ayu kuwi. Pepinginan kanggo mangerteni sapa sejatine kenya ayu sing bakul tahu iku ora bisa diempet maneh aku banjur njaluk tulung menyang kancaku wadon sing kebenaran ngekos ora adoh saka panggenane kenya ayu kang bakul tahu kuwi kanggo meruhi sapa sejatine dheweke.
Seminggu candhake kancaku kuwi wis ngerti sapa sejatine kenya ayu kang bakul tahu kuwi. Nanging kancaku wadon kuwi tibane ora gelem gratisan anggene nindakake panjalukku kasebut. Dheweke njaluk bebana arupa martabak Holand kang kawentar enak. Mbuh merga lagi kasmaran utawa merga perkara liya wekasane aku nyarujuki pepinginane kancaku wadon kasebut. Sawise tuku  martabak Holand aku langsung marani kancaku wadon kasebut.
Ing sadawane dalan antarane papan anggenku tuku martabak Holand tumuju menyang kost-kostane kancaku wadon kuwi gegambaran kenya ayu bakul tahu kuwi nglenggana ing pikiranku. Aku dadi mesam-mesem dhewe perkara dikira aku wong edan aku ora nggas penting dina ik aku bakal weruh sapa sejatine kenya ayu bakul tahu sing wis kasil ndudut pangrasaku.
Satekane kost-kostane langsung wae kancaku wadon kuwi dak telpon.
“Halo, Fit saiki aku wis ana ngarep kostmu enggal metua iki pesenanmu wis dakgawakake?”
“iki Deni ya?”
“iya, sapa maneh dadak macak lali nomerku ora kok simpen ta?”
“Hp-ku mari rusak Den dadi nomermu lan nomerek kanca-kanca ilang kabeh.”
“O,alah ngono ta? Ayo ndang gage metu selak ora sabar aku!”
“Oke bos, sedhilut maneh iki lagi nembe sembahyang aku.”
Ora watara suwe Fitri metu saka njero kost-kostane lan mlayu banjur nyaut plastik kang ana tanganku. Bareng dipesthekake yen martabak sing dakgawa iku pancen martabak Holand temenan banjur Fitri ngomong.
“Sadurunge sepurane sing akeh lo Den ya yen kabar sing bakal kok weruhi iki ora kaya sing kok karepake.”
“Wis ta, critaa sapa jenenge aln asline ngendi?”
“Ya aku bakal ngomong sapa sejatine dheweke. Bakul tahu sing ayu tur ws kasil nyolong atimu kae jenenge Ririn asline saka Trenggalek...”
“Terus” Durung rampung anggone Fitri ngomong kepeksa dakpunggel.
“Ah, rungokna dhisik ta yen aku crita” Fitri katon mangkel wektu takpunggel critane.
“Dheweke iku ana kene merga melu bojone kerja ana surabaya. yen kowe kepingin ngerti kost-kostane dakterke.”
Keprungu tembung ngetutake bojone kerja menyang Surabaya langsung ilang dayaku senajan ing ati ora trima merga kenya sing tak senengi di duweni wong liya nanging aku kudu lila legawa. Menawa iku wis dadi pesthining Gusti. Aku isih dheleg-dheleg nampa kasunyatan kuwi. Fitri sing nyawang aku dheleg-dheleg terus kanthi sengaja muterake lagune Didi Kempot sing judule “Jambu Alas” keprungu lagu kuwi dadi tansaya sumpeg rasane dhadha. Nasib...nasibbb batinku.