Minggu, 03 November 2013

Layang Kanggo Widyadari



Karang kang anteng nyawang obahing ombak
Aweh panyapa tumrap wedhi-wedhi pesisir
Tansah nyasmitakake kasunyataning urip
Nimas,
Nganti tekane angin wengi sing ndadar rasa sepi
Tumrap ati rengka ing jembare tegal pangumbaran
Nyatane isih durung bisa dakbuwang saka ati lan angen-angenku
Ngenani wewayanganmu
Rupa ayu, esem lan swaramu isih dumeling ana pangrungu
Lan isih kumawa nyuwara nalikane rasa suwung
Ngebaki jerone kedhung jantung

Nalikane langit jingga nggelar tembang kanggo mapag tekane wengi
Aku isih ana kene sumendhe kanthi pasrah ing garising pesthi
Sinambi nulisake layang kanggo widyadari
Dakudhal sekabehane rasa sing sasuwene iki mung cumondhok
Ana telenge ati
Senajan mung prasaja dakajab iki bakal dadi pepiling
Menawa pepinginan durung mesthi dadi kasunyatan

Nimas,
Kanggoku sliramu wis kayadene udan sing tumeka nalikane mangsa ketiga
Awit kanthi tekane panyapamu kanthi migunakake
Tetembungan kang endah sarta prasaja
Kasil ngajak aku lelayaran ing endahe taman asmara
Senajan kaya mangkono aku isih eling yen ing gumelare donya
Kabeh tinakdir nduweni pasangan
Kayadene ana langit ana bumi sarta ana wengi lan uga mesthi ana awan
Emane slirane cinipta dudu kanggo aku
Masiya kaya mangkono memitran kang wis kacacang
Ora bakal ilang kagiles lumakune jaman

Cahyane rembulan kang ngambah petenge senthongku
Babar pisan ora gelem aweh wangsulan tumrap sekabehane pitakonku
Menawa wae dheweke uga melu nangis
Nalika weruh aku nyawang potretmu ing tengahe wengi kang atis
Bebarengan tumekane swara jago kluruk kae
Guritan-guritan sing nate dakdeder ana plataranmu
Kabeh padha ngutahe tangis sinambi nyebar ganda wangi kang nyalawadi

Nimas,
Aku mung pangumbara sing kelara-lara ing tengahe jagad pangumbaran
Sepi sarta sepa wis padha manjing minangka mitra
Nalika slirane milih mabur menyang jembare langit
Sadurunge tembung-tembung iki rinakit maujud sawijining gurit
Ing kene aku isih sumendhe kanthi pasrah ana pinggir bengawan
Nglarung dluwang-dluwang sing biyen nate dakajab kanggo mangun prasasti
Menawa antarane awake dhewe bisa nyawiji lungguh bebarengan
Mapag tumekane wengi

Surakarta, 2013

Yen Ora diubengke bisa Edan




Pundhen kang ana ing desa Tambakboyo Kecamatan Tawangsari Kabupaten Sukoharjo iki pancen kapetung beda yen dibandhingake klawan punden-punden salumrahe. Yen ing padatane punden ngono nduweni wujud kuburan kuno utawa wit-wit gedhe kang dikeramatake nanging ora yen nyebut punden sing siji iki. Punden kang dumunung ana cedhake kantor desa tambakboyo iki malah nduweni wujud kaya dene umpak kaya kang kerep ditemokake ing bangunan-bangunan kuno.
Miturut critane Setyo Wiyono bekas carik kang nate mrentah ana desa kasebut biyene punden utawa umpak kasebut ora ana papan kono (sacedhahe bale desa) nanging biyene punden utawa umpak kasebut ana ing sacedhake bengawan Solo sing mili ora adoh saka bale desa. Jalaran biyene punden kasebut kerep ngganggu para warga kang lagi nggunakake banyu kang mili saka bengawan solo banjur dening para sesepuh pundhen kasebut dipindhah menyang sacedhake bale desa.
Saka crita sing ditampa Setyo Wiyono saka leluhure punden kasebut sejatine asale dudu saka desa Tambakboyo ananging asale punden kasebut saka Demak. Isih miturut critane para sesepuh sejatine pundhen utawa upak kasebut biyene bakal digunakake kanggo wadhahe salah sawijining saka guru ing masjid Demak. Jalaran cacahe umpak wis jangkep banjur umpak iki dibuwang menyang bengawan Solo lan sabanjure keli nganti tekan desa tambakboyo.
Nalika dipindah saka pinggiran bengawan solo menyang papane saiki yaiku ana ing sacedhake kantor bale desa Tambakboyo ana kedadeyan kang ora tinemu nalar. Wektu iku ana atusan pawongan saka desa Tambakboyo sing kerja bakti kanggo mindhah umpak kasebut. Nanging senajan tenagane wong cacah atusan iku babar pisan ora bisa ngangkat umpak kasebut saka papane.
Amarga ngrasa ana sing ora lumrah banjur sawijining sesepuh desa kono sing nduweni kaluwihan ing babagan ilmu spirtual banjur ngeningake cipta. Sawise ngeningake cipta sesepuh kasebut oleh wangsit yen kepingin mindhah umpak kasebut kudu nindakake telung perkara. Telung perkara kang ditampa dening sesepuh kasebut yaiku anggone mindhah kudu dina Jemuah Kliwon, nalika dipindhah kudu kanthi ana iringan gamelan, lan sing pungkasan yaiku sadurunge mindhah kudu nggelar tayuban kang sing joged kudu isih prawan lan ayu.
Sawise wangsit kasebut ditindakake wekasane umpak iku kasil dipindhahake lan anggone mindhahake umpak kuwi mung mbutuhake tenagane wong papat. Sawise umpak iku dipindhah banjur tuwuh kapercayan anyar kang ana ing masyarakat desa Tambakboyo. Kapercayan kasebut yaiku mesthi nganakake bersih desa saben dina jemuah kliwon kang manggon ing antarane wulan agustus lan sepetember.
Upama wae adicara bersih desa iku lali ora ditindakake masyarakat kono percaya bakal nampa kedadeyan kang ora dikepinginake. Saben-saben nindakake bersih desa kasebut ora lali desa tambakboyo mesthi nggelar tayub sing penarine utawa tedheke isih prawan. Iki ngono ditindakake kaya dene wangsit kang ditampa dening sesepuh biyen nalika mindah umpak kasebut. Upama tledheke sing njoged wektu adicara bersih desa iku ora prawan mesthi bakal udan senajan iku mangsa ketiga.
Sing nganti seprene uga isih diuri-uri dening warga desa Tambakboyo yaiku saben-saben ana wargane kang dadi manten. Manten anyar kasebut bakal diubengake umpak kasebut kanthi pangajab anggene bebojoan bakal langgeng lan sing paling wigati yaiku manten kasebut ora bakal nemahi bilahi. Jalaran akeh kedadeyan sing wis dumadi ana saperangan manten anyar sing ora percaya lan ora gelem ngubengi umpak kasebut banjur wekasane manten kasebut dadi edan. Bener orane iku kabeh mung Gusti Allah sing mangerteni.

Dea Kudu Bisa



Sawise kepilih dadi ketua kelas ing pemilihan ketua kelas kang dianakake rikla dina sepisan mlebu sekolah biyen tanggung jawabe Dea ana sekolahan dadi tansaya akeh. Dheweke saliyane ngayahi jejibahane minangka murid dheweke uga kudu bisa ngoordinir kanca-kancane saengga ora ana kancane kang nyalahi utawa nglanggar aturan kang ana ing sekolahan. Saliyane iku dheweke uga kudu bisa dadi sesulihe bu guru nalika bu guru ora bisa rawuh jalaran gerah utawa nalika bu guru oleh tugas saka sekolahan. Saka akehe jejibahan kang kudu dilakoni kuwi kadhang kala dheweke ngrasa yen wis ora sanggup maneh dadi ketua kelas.
Anane pamikikiran kang kaya mangkono kuwi karana saya suwe kanca-kancane padha angel diatur lan diomongi. Kabeh padha kepingin sakarepe dhewe, apa maneh nalika bu guru ora rawuh lan panjenengane mung ngutus ngerjakake tugas sing mengkone yen wis rampung anggene ngerjakake diajab kabeh padha ngumpulake tugase. Nanging kasunyatane kanca-kancane Dea iku ora ana sing nganggep apa sing diomongke Dea. Kanca-kancane padha asyik anggone dolanan dhewe lan babar pisan ora ana sing nganggep pesen kasebut.
Wektu iku nalika kanca-kancane akeh sing ora gelem ngerjakake tugas sing wekasane ora ana kanca-kancane sing ngumpulake tugas bu guru duka banget marang kabeh bocah-bocah kelas 6. Sejatine ing kedadeyan kasebut Dea ora luput nanging tetep wae dheweke ngrasa salah jalaran ora bisa nindakake apa kang dingendikake dening gurune kasebut. Senajan wektu iku bu guru wis kandha yen sing salah iku dudu dheweke ning tetep wae Dea ngrasa ora kepenak jalaran ora bisa nglekasanakake tugase kanthi becik.
Amerga kedadeyan kuwi nalika ana ngomah Dea kerep nglamun jalaran nenimbang kepinginane sing pengin mundhur saka anggene dadi ketua kelas. Merga kerep nglamun kuwi Dea kadang kala nganti kerep lali anggone mangan. Ngenani pepinginane sing bakal mundhur saka ketua kelas kuwi wis dipikirake ana telung minggunan. Apa maneh nalika kelase kalah nalika melu lomba kebersihan sing dianakake sekolahane sawetara wektu kepungkur. Tansaya ndadekake Dea ngrasa yen dheweke wis ora pantes maneh dadi ketua kelas.
Kaya kang dumadi ing sore kuwi, wektu iku ing ngomah kaya padatane saben sore Dea mesthi ngrewangi ibune resik-resik omah. Wiwit cilik biyen Dea pancen wis biyasa ngrewangi ibune reresik omah. Nyirami tetanduran, nyapu latar, lan nyapu teras wis biyasa ditindhakake Dea wiwit isih cilik. Ibune pancen wis nggulawenthah Dea amrih seneng nyambut gawe lan ora dadi bocah sing manja.
Sore iku anggene Dea ngrewangi resik-resik omah dirasa dening ibune ora sabaene. Anake sing kelas 6 SD iku kerep meneng wae. Saka sorot mripate ibune nduweni panduga yen anake kuwi lagi ana masalah kang lagi diadhepi. Mula samungkure ngunoni kembang sing ana ngarep omah ibune ngajak anake kasebut lungguhan ana kursi kang manggon ana sacedhake taman.
“De, sajake kok awakmu lagi ana masalaj sing kok adhepi. Coba crita nang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu?”
“Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat maneh dados ketua kelas” kandhane Dea.
“Hlo, kena apa De?” ibune kaget.
“Ngeten Hlo Bu, kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipun kandhani. Sedaya kados kepingin sakarepe piyambak lan mboten wonten malih ingkang dipun pimpin. Napa malih wonten pemilihan kelas ingkang paling resik sawetara wekdal kepengker kelas kula kalah kalih kelas sanese jalaran kanca-kanca mboten saged kompak malih kados rumiyin. Saking kedadosan menika kula ngraos yen kula sampun mboten pantes dados ketua kelas.”
“Aja kesusu njupuk keputusan hlo ndhuk. Awakmu biyen kepilih dadi ketua kelas lak ya sing milih kuwi kancamu kabeh. Tegese kanca-kancamu wis padha percaya marang awakmu. Perkara menang utawa kalah kaya sing kok omongne iku mau perkara lumrah. Nanging yen sing diarani kekompakane kelas kuwi sing kudu dicara.”
“Maksudipun pripun bu?” pitakone Dea.
“Maksude ibu ngene hlo de. Kekompakan kelas iku ora tuwuh sakarepe dhewe nanging kudu dicara amrih kekompakan mau bisa tuwuh lan jinaga saengga kabeh sing ana kelasmu bisa kompak lan nyedulur antarane siji lan sijine. Ngenani kepriye awakmu lan kancamu sing ngerti.”
Kebeneran wektu lungguhan bareng karo anake kasebut ibuke Dea weruh ana semut sing lagi baris. Nalika kuwi ibuke nemu cara kanggo ngyakinake anake kuwi pentinge tandhang gawe kanthi bebarengan. Weruh ana semut sing mlaku pating jlentrek ibuke banjur njupuk sapu sing maune diselehake ana pinggir anggene lungguh.
“De, coba sawangen iki?” prentahe ibuke.
“Wonten napa Bu?” kandhane De sinambi ndingkluk ndelok apa sing dituding dening ibuke.
“Iku sawangen ana apa?”
“Wonten semut Bu” kandhane Dea cekak.
“Awakmu bisa njupuk piwulang apa saka kedadeyan sing kok sekseni kasebut?”
Dea mung nggelengake sirah tandha ora mangerti apa sing diutus dening ibune. Meruhi anake ora mangeri marang apa sing dipenginake wekasane ibune njlentrehake piwulang apa sing bisa didudut saka kedadeyan kuwi.
“Ngene De, ibu bakal njelasake marang awakmu ngenani perkara iki, nanging ibu nduweni syarat awakmu kudu dadi bocah sing tatag lan ora gampang nyerah. Salah sijine yaiku awakmu kudu tetep dadi ketua kelas nganti mbesuk lulus saka kelas 6.”
“Inggih, Bu” wangsulane Dea.
“Ibu, iki mau sengaja ndeleh sapu ana dalan sing diliwati semut iku mau kanggo nglambangake perkara sing kok adhepi. Senajan semut-semut iku mau dalane katutup klawan sapu nanging semut-semut kuwi tetep ngupaya ngliwati sapau kasebut lan tanpa nggresah. Semut kuwi tetep semangat ngliwati rintangan lan tetep mlaku menyang ngarep lan babar pisan ora mundhur. Saliyane kuwi awakmu mau ya weruh yen ana semut sing nggawa barang sing luwih gedhe saka awake. Senajan barang sing digawa iku mau abot nanging semut mau ora kelangan ngakal. Semut-smut kuwi mau kerja sama antarane siji lan sijine saenggan barang sing luwih gedhe saka awake kasebut bisa dipindhahake” jlentrehe ibune Dea.
Sawise keprungu apa kang dingendhikake dening ibune kasebut Dea dadi sadar ngenani apa tumindake. Dheweke sadar menawa yen dheweke ngundhurake dhiri saka tugase dadi ketua kelas ateges dheweke nyalahi amanat sing wis dipercayakake dening kanca-kancane marang dheweke. Saliyane iku Dea uga ngrasa yen sasuwene iki dheweke mung kerja individu lan ora gelem nglibatake kanca-kancane. Menawa wae saka tumindake kang kaya mangkono kuwi kanca-kancane dadi ora kompak.
Dheweke uga ngrasa apa kang dingendhikake ibune kuwi pancen bener. Mula wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kaya kang dicontoni dening ibune. Yaiku kudu kerja sama karo kabeh kancane. Tanpa mandeng sapa kancane kasebut. Ing atine saiki wis tuwuh yen ora ana perkara abot yen ditindakake kanthi bebarengan. Mula saka kuwi dheweke mantebake awake dhewe. Saben-saben ngadhepi perkara kang abot ing atine dheweke bakal ngomong, “Dea kudu bisa.”
Dea ngucapake rasa matur nuwun kang gedhe banget marang ibune jalaran ibune wis menehi pituduh kanggo dheweke supaya dadi bocah sing luwih apik lan ora gampang nyerah. Ora watara suwe saka ngarep omah ana taksi sing mandheg lan saka njero taksi kasebut bapake Dea sing wis ana rong taun kerja ana Malaysia mulih. Weruh bapake mulih kasebut Dea seneng banget lan Dea langsung mlayu kanggo mapag tekane bapake. Ibune sing weruh kelakuane anake kang kaya mangkono kuwi mesem lan age-age melu mapag tekane sisihane.

Rabu, 23 Oktober 2013

Esemmu sing Daktunggu


Srengenge wis angslup ing garbaning pertiwi. Panase srengenge wis ilang kesaput grimis riwis-riwis nalika sore mau. saiki mung ninggalake sethithik cahyane kang isih semburat ing poncot langit sisih kulon. Alon sumilir angin nggogrogake godhong-godhong jati saka pange kang pengkuh. Hawa adhem sasi januari kaya-kaya mbeset kulit babar pisan ora dakreken. Senajan wengi iki ing langit kana mbulan lagi nekani wayahe purnamasidi ananging kanggoku wengi iki ora ana bedane karo wengi liyane. Kang ana mung rasa sepi kang ngrerujit ati. Sumunare mbulan ngliwati godhong-godhong jati banjur tumurun nyapa aku kang lagi manjer pandulu nyawang langit kang tanpa winates.
Aku ambegan landhung karepku bisaa ngurangi sumpeg kang lagi dakrasa wengi iki. Aku wis judheg kudu mbabar crita marang sapa amarga kabeh-kabeh rumangsaku ora ana siji-sijiya kang gelem anggenku mbabar ukara. Kabeh kaya-kaya nutup kuping lan aku mung bisa mbabar critaku iki marang angin. Kadhang aku uga ngrasa sarwa salah. Upama biyen aku ora nglakoni lelakon iki samesthine uripku ora bakal nelangsa kaya mangkene.
Wektu terus lumaku mecaki wengi. Alon-alon mbulan tansaya munggah dhuwur saperlu andum cahyane marang sekabehaning titah kang jumangkah ingatase bumi. Kanthi kekancan klawan mayuta-yuta lintang kang sumebyar ing dirgantara. Mbulan klawan lintang mau sajak ngajak aku melu necep endahing wengi. Ananging kaya-kaya pangajake lintang lan mbulan mau mokal kasembadan jalaran abote perkara kang lagi daksandhang dina iki. Saben wengi kang ana ing pikirku mung wewayangane sisihanku kang banget daktresnani. Lan nalika winih-winih tresna kang wiwit tukul iku kepeksa dakbubut jalaran janji kang wis dakucapake sawetara taun kepungkur nalika slirane durung dakrengkuh minangka sisihanku kang sah. Sah miturut adat lan sah miturut agama.
Nalika dakjangkahake laku saperlu mulih menyang omahku, nanging kaya-kaya ati iki durung bisa diajak bali. Kang njalari aku agah-agahen mulih menyang omah ora liya yen ketemu klawan sisihanku. Orane ana rasa mangkel yen ketemu klawan dheweke nanging saben-saben ketemu dheweke kang dakrasakake mung lara kang nunjem ing sajroning pulunge ati. Dak akoni pancen sisihanku iki klaebu pawongan kang ayu tur sumanak. Tepung biyen klawan dheweke jalaran dijodhohake wong tuwaku. Saliyane iku dheweke uga pernahe adhi angkatanku nalika isih kuliyah biyen. Jan-jane ngono upama ditandhingake antarane aku lan slirane pindha Dewi Sembadra ketandhingake dening Sukrasana adoh banget. Nanging amarga kegawa karepe wong tuwa asile aku lan dheweke kasil sumandhing.
Sawise aku sumandhing klawan dheweke orane kabagyan kang mampir nang ati iki, nanging kang ana mung rasa kang banget ngrerujit ati. Wis kaya dadi pakulinan saben wayah wengi ati iki kairis-iris nalika daksawang pasuryane. Kepriye oar senajan aku iki sisihane kang sah durung sepisan-pisana dak aras rambute iku. Mbiyen sadurunge lungguh ing kwade aku wis ngucapake janji marang heweke yen aku ora bakal ndemok dheweke yen dheweke durung bisa nampa aku kanth apa anane. Upama dheweke ora bisa nampa aku bakal dak usahakake dheweke bakal nggayuh kabagyan senajan anggone ngrasakake kabagyan mau kudu ana tumbale kang ora liya aku tetep bakal dak usahakake. Anane dhewekeora bisa nampa aku kanthi apa ananejalaran dheweke durung bisa nglalekake mantan pancangane biyen kang sambung asmarane dipisahake dening wong tuwane jalaran arep dijodhohaku marang aku.
Aku dhewe uga wis mangerteni yen dheweke iku wis nduwe pancangan nanging aku nduweni kuwasa apa. Upama aku mbrontak samesthine bakal dadi wirange wong tuwa. Mulane janji mau kepeksa dakucapake supaya kabeh bisa lumaku kaya samesthine. Pancen yen disawang dening wong liya anggenku jejodhowan klawan sisihanku iki padha dene mimi lan mintuna kang atut runtut. Tangga teparo dalah para kaluwaraga uga kerep aweh pangalembana marang aku amarga sasuwene aku jejodhohan klawan dheweke wong-wong mau ora nate weruh aku tukar padu klawan sisihanku. Pancen wong ing alam onya iki bisane mung sawang sinawan. Durung mesthi kang disawang katone kepenak nanging bareng dilakoni penake ora kaya penake nalika nyawang. Mula yen ana wong takon marang aku apa kang dadi rahasiane hubunganku klawan sisihanku aku mung mesem wae. kamangka pitakonan mau kaya-kaya ndudah tatu kang kasimpen ing jerone ati.
Pancen manungsa urip ing alam donya iki mung sarwa sawang sinawang. Urung mesthi kabeh yen disawang kepenak njur kepenak uga rikala dilakoni semono uga suwalike durung mesthi yen katone angel ditindhakake uga angel ditindhakake. Kabeh mau mung dibalekake marang sapa sing nglakoni perkara iku mau. Saka perkara kang dak lakoini iki aku bisa nduweni panemu. Aja sok gampang aweh pambiji marang wong liya yen durung njajagi apa kang sumimpen ing atine. Lan wong urip ing donya iku padha dene wong kang lagi ngadek ing panggung sandhiwara. Wong liya mung bisa ndulu apa sing awake dhewe tindakake tanpa mangerteni apa kang dirasakake dening paraga mau. Saben-saben lingsir wengi nalika netra iki durung bisa diajak nendra ati iki kerep njerit, nanging emane jeritane atiku mau ora ana sing ngrungokake kejaba aku dhewe. Sajrone panjeritke mau ati iki kerep aweh pitakonan. Kena apa trena iku teka tanpa menehi warta. Lan trena mau kerep ora nyawang dedeg piyadege pawongan kang bakal ketaman tresna mau. Apa wong mau nduweni dedeg kang pengkuh utawa malah nduweni dedeg kang ringkih kaya aku iki babar pisan ora direken. Saliyane iku tresna dhewe upama pengin oncat uga ora kirim pawarta. Lan trena mau ora bakal nggape kaya ngapa  surasane ati kang koncatan mau.Paribasan kaya tekane angin tresna mau kaya-kaya malah ngiwi-iwi marang pawongan kang nangisi oncate tresna mau.
Oncate tresna pancen banget mbebayani tumrap pawongan kang nduweni panemu kang kliru. Amarga ana kang nempuh alan kang luput, saengga regane nyawane manungsa kena dietung regane mawa rasa tresna. Iki ora nganyuwara jalaran manungsa kang atine peteng bisa tumindak apa wae. mula yen ana manungsa kang tumindak culika amarga koncatan tresna jamn saiki kaya-kaya wis dianggep lumrah.
Mbuh wis pirang jam anggenku lungguhan aku lungguhan ijen ing papan iki, nganti cagak telpon kang ditabuh dening warga wis kasil mbuyarake lamunanku. Jam tanganku daksawang lan dakweruhi yen wengi wis ngancik jam siji bengi. Meruhi wengi wis ngancik jam siji aku enggal-enggal njangkahake laku menyang omahku. Jam siji luwih sepuluh menit aku wis teka platarane omahku. Sawise ngancik emperan omah enggal-enggal wae dakgrayahi sakclanaku saperlu nggoleki kuncine omah. Aku ora gelem notok lawang jalaran samesthine yah mene iki sisihanku samesthine lagi turu angler, aku wegah yen ngganggu sisihanku jalaran sesuk dheweke uga kudu makarya nggulawenthah bocah-bocah ing SMP kulon bale desa kono. Jan-jane ngono aku sesuk uga ana jam ngajar ing SMP kang padha panggonan karo SMPne sisihanku, nanging jalaran wis dadi pakulinanku wiwit isih kuliyah biyen  ora bisa turu yen durung lingsir wengi.
Sawise mlebu ngomah banjur dakbanting awakku ing kursi ruwang tamu. Sinambi leyeh-leyeh sarta ngenam pikir tanpa dakrasa mripat iki nutup dhewe. Wengi iku ing sajroning turuku iku aku ngimpi. Ing ngimpiku mau rumangsaku aku weruh enthung kang gumantung ing lawange omahku, lan nalika dakcedhaki saka enthung mau jumudhul kupu kang wernane endah banget. Urung wae kateg anggenku namatke kupu mau dumaakan alarmku muni, banjur tak saut hp-ku lan ak sawang ing lcd-ne hp-ku mau nuduhake jam lima esuk. Aku age-age mlayu tumuju kamar mandi saperlu njupuk banyu kanggo wudhu. Ning esuk iki rumangsaku rada beda karo dina-dina sing wingi. Jalaran yen dina-dina wingi jam yah mene iki sisihanku wis tangi saperlu masak. Nanging esuk iki kok ora ngono batinku. Perkara iku mung dakbatin wae lan sabubare aku nindakake sembahyang subuh daksawang kamare sisihanku lampune isih murub sarta lawange isih tutupan.
Batinku sisihanku mau isih turu, maklum kekeselen jalaran dheweke wingi kandha marang aku senajan mung liwat sms yen baline saka sekolahan raa sore jalaran arep ngoreksi ulangane bocah-bocah. Mula ora ana prasangaka apa-apa ing atiku. Dakjarake wae ngaanti jam setengah pitu esuk, nanging kamare kok durung dibukak lan lampune uga durung dipateni. Meruhi kahanan kang kaya mangkono iku, wiwit tuwuh rasa was-was ing atiku. Lawang kamar dak thothog nanging ora ana wangsulan. Perkara iki nambahi rasa was-wasku amarga ora ana wangsulan  tanpa njaluk pasarujukane aku banjur mlebu kamar iku.
Ing njero kamar iku daksawang sisihanku lagi slimutan brukut, nalika weruh aku ngadeg ing sandhinge dheweke ngomong marang aku. Swarane lirih banget.
“Mas, aku tulung sampeyan ijine yen dina iki aku ora bisa mlebu jalaran awakku nggreges kabeh” kandhane sisihanku.
“Ya, dhik nanging piye? Sampeyan dakterake menyang puskesmas ya?” pangajakku.
“Ora, usah mas aku mengko ngrepoti sampeyan” wangsulane sisihanku.
“Ngrepoti piye ta? Sampeyan anggep aku iki apa. Aku iki rak ya isih bojone sampeyan sing sah, mulane yen ana  apa-apane karo sampeyan iku wis dadi kewajibanku. Mulane ora usah dipenggalih sing rena-rena. Saiki uga sampeyan kudu gelem tak ajak priksa nang Puskesmas” wangsulanku setengah karo meksa.
Pungkasane sisihanku mau gelem tak ajak priksa menyang Puskesmas. Saka asil pamriksane mantri jebule bojoku mau ora lara apa-apa nanging mung kekeselen wae lan diakon leren sawetara wektu. saka Puskesmas mau aku diwenehi obat lan ngombene sedina ping telu. Esuk siji, awan siji, ngarepne turu siji. Mulih saka Puskesmas aku mampir dhisik menyang warunge Bu Gono saperlu nukokake sarapan sisihanku. Sawise seminggu teratur anggene ngombe obat pungkasane kesehatane sisihanku bali kaya padatane maneh. Sawise sisihanku iku waras adate marang aku dadi beda.
Nuju sawijining sore nalika aku lungguhan ing ruwang tamu. Dumadakan sisihanku mau teka-teka numbruk aku lan nangis nggugluk ing pangkonanku. Meruhi dheweke nangis mula dakdegake dheweke njur tak takoni sejatine ana apa. Nanging keprungu pitakonku orane tambah lerem nanging tangise tansaya ndadra. Aku adi bingung dhewe meruhi kedaeya iki. Amarga saweruhku sedina iki aku lan dheweke kaya-kaya ora ana beda panemu ning apa kang njalari dheweke nangis aku isih tidha-tidha.
Sawise atine ketata banjur sisihanku mau kandha yen sejatine dheweke rumangsa luput jalaran dheweke ora gelem ngrengkuh aku minangka sisihane sing sah. Lan dheweke uga mung nuruti kekarepane sing nganyuwara kang isih ngarepake katresnan saka pancangane biyen. Kamangka mantan pancangane iku saikine wis nduwe bale wisma dhewe. Minangka jejere dheweke wanita dheweke uga ora kepingin ngrusak bale wismane liyan. Saliyane iku dheweke uga ngrumangsa sasuwene iki dheweke kaya-kaya wis wuta jalaran ana pawongan kang banget nresnanin dheweke nanging babar pisan ora digape, lan dheweke kaya-kaya ngarep-ngarep udan ing mangsa ketiga. Mulane wengi iku sisihanku njaluk pangapura marang aku.
Aku sing keprungu omongane sisihanku mau mung meneng tanpa ukara. Aku mbatin jebul pangiraku bener yen tresna iku teka tanpa weneh warta. Kaya kedadeyan wengi iki. Trena sisihanku pungkasane gelem tuwuh. Lan trsnaku kang tuwuh ing atiku uga ora bakal kejabut maneh. Nalika krungu wangsulanku yen aku gelem aweh pangapura marang sisihanku mau dak sawang ana esem tipis ing pasuryane. Ya esem iki kang dakrantu sasuwene aku sesandhingan karo dheweke.


Paseksen


    Kaya padatane saben dina jemuah sore kahanan kost-kostan mesthi sepi. Awit saben dina kasebut para mahasiswa kang racake saka luwar wewengkon kutha Surabaya akeh sing bali menyang dhaerahe dhewe-dhewe. Aeng pancen jarene rega angkutan umum ing dina iki padha larang nanging kok isih akeh wae mahasiswa kang kerep bali menyang dhaerahe saben minggune. Apa ora eman marang dhuwit kang digunakake kanggo mulih kuwi. Prayogane rak ya dhuwit kalamau bisa ditabung lan digunakake kanggo nyukupi kabutuhan kuliyahe. Sajak ora ngreken marang kanca-kancane kang padha mulih menyang dhaerahe ing kost-kostane Bu Yuli kang dumunung ing gang 5 lidah wetan kuwi katon bocah wadon loro kang isih asik dhiskusi ngenani tugas kampuse. Nalika ana sing aweh panyaruwe marang bocah loro kuwi mau, bocah loro kuwi mau mung nggeguyu lan nerusake anggene rembugan. Upama ora ana tugas kang kudu dikumpulake dina senin kuwi samesthine Resty lan Widya samesthine uga bakal melu mulih menyang dhaerahe.
    Sawise watara suwe anggene rembugan ing emperan kost-kostan kuwi, bocah loro mau banjur mlebu ing kamare dhewe-dhewe. Pancen senajan nunggal kampus lan nunggal kost-kostan bocah loro iku mau ora bisa kelakon sakamar jalaran nalika semana anggene Resty ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi rada telat. Sadurunge ngekost ing daleme BU Yuli kuwi Resty nate ngontrak bareng kanca-kancane SMA ing dhaerah Babatan. Nanging amarga kepingin njemabarake pasrawungan tumrap para kanca lan kepingin ngrasakake swasana kang anyar. Pungkasane Resty melu ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi. Anane Resty ngekost ing daleme Bu Yuli iki disebabake amarga pangaribawane Widya kang kandha marang dheweke yen ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi kepenak banget jalaran bocah-bocah kang ngekost ing rancakake bocah kang asale saka sanjabane Surabaya mula ora nduweni polah kang neka-neka.
    Pancen yen ndulu jagading pawiyatan luhur iku ana saperangan cilik kang dadi gawe mirising ati. Akeh para mahasiswa kang padha tumindak nyimpang saka norma kasusilan. Nanging untunge bocah-bocah kang ngekost ing daleme Bu Yuli iki sajake padha nduweni sangu agama saka kaluwarga kang kuwat banget. Jalaran ora ana siji-sijiya bocah kang ngekost ing kono kang wani nerjang norma kasusilan. Saliyane kuwi Bu Yuli uga aweh kawigaten kang banget tumrap para anak koste. Bocah-bocah kang ngekost ing kono ora mung dianggep anak koste wae nanging uga diwengku kaya dene anake dhewe. Bu Yuli dhewe uga ora nate duka yen ana anak koste kang telat anggene mbayar kost jalaran Bu Yuli dhewe uga nate ngrasakake manis lan paiting dadi anak kost. Saka kawigatene iki bocah-bocah kang ngekost ing kono uga wis nganggep BU Yuli iku kaya ibune dhewe. Bu Yuli uga kerep dadi papan curhate anak koste wiwit saka prakara kuliyah lan nganti prakara asmara.
    Ing njero kamar bocah loro kuwi padha ngempakake laptop-e awit bocah loro kuwi mau enggal-enggal kepingin ngrampungake tugase. Watara wwis telung jam anggene bocah loro kuwi ngetik tugas ing laptop-e amarga wis rumangsa kesel anggene ngetik tugase mau Widya metu saka kamare lan jumangkah tumuju ing kamare Resty. Nalika mlebu ing kamare Resty iku Widya njomblak kaget amarga ing kamar kuwi Widya meruhi kancane iku kekembeng luh.  Amarga meruhi kancane nangis kuwi Widya age-age mlayu lan lungguh ing sapinggire Resty.
    “Ana, masalah apa ta Res kok awakmu nangis iki?”
    “Ah, gak ana apa-apa kok Wid mung iki mripatku kelebon lebu” .
    “Ora usah mbujuk Res, awake dhewe iki wis padha gedhene lan wis suwe anggene memitran mula yen ana masalah kuwi aja mung diendhem dhewe. Sapa ngerti aku bisa ngrewangi awakmu ucul saka masalah iki”.
    “Ah, gak ana apa-apa kok Wid!”.
    “Ora usah mbujuk Res, wis ta lha kandhaa karo aku mripatmu kuwi hlo ora bisa mbujuki aku. Saka cahyaning mripatmu kuwi aku bisa aweh ppandguga yen awakmu lagi prakara kang  abot banget. Apa iki gara-gara tugase Bu Santi kae?”
    “Ora kok Wid, iki babar pisan ora ana gegayutane marang pakuliahan nanging iki perkara ati”.
    “Apa? Perkara ati?” Widya njomblak kaget.
    “Iya, Wid”.
    “Hla terus apa ana pawongan sing wis wani natoni atimu saengga awakmu nangis kaya ngene iki. Yen ana, hayo kandhaa menyang aku. Bakal tak labrake wong iku. Aja kok pikir yen aku ora wani wong ngene-ngene iki aku ya nate melu bela dhiri, priya ngendi sing wani natoni atine kancaku wis ora jamane yen wanita iku mung kanggo dolanan kaum priya”.
    Durung nganti Widya ngentekake tetembunge nanging omangane Widya mau kapedhot dening swarane Resty
    “Wis ta Wid, wis ora ana babar pisan sing natoni atiku”
    “Hla terus kepriye nalare kok awakmu nganti nangis iki”
    “Ngene lo Wid sejatine aku iki nduweni rasa marang sawijining priya, aku wis menehi kawigaten kang linuwih marang dheweke nanging dheweke sajake ora ngrasa yen sajake aku ana rasa marang dheweke”.
    “Hla banjur sapa bocah lanang sing kok karepake iku mau?”
    “Mas Deny”
    “Mas Deny kakak angkatane dhewe kae ta?”
    Keprungu pitakone Widya kasebut Resty ora mangsuli pitakone kancane mau nanging mung manthuk kanthi alon. Widya sajak tanggap ing sasmita marang kahanan kang lagi dialami dening kancane iku. Dheweke nyoba nentremake Resty lan kandha bakal aweh bantuwan amrih Deny bisa weruh apa kang dirasakake dening kancane kuwi. Meruhi ana kanca kang nduweni kawigaten kang gedhe tumrap dheweke Resty mung bisa ngucapake marang kancane kang wis dianggep kayadene sedulure kuwi.
    Dina senin kahanane kampus rame banget. Tugas saka Bu Santi kang kudu dikumpulake dina iki jebule wurung dikumpulake jalaran dina iki lagi ana tugas saka kampus supaya ngrawuhi workshop ing Malang. Bocah-bocah kang durung rampung anggone ngerjakake tugas mau padha sumringah. Bocah-bocah sing kewedhen amarga ora ngumpulake tugas mau bisa mesem kanthi kebak kabagyan. Anane bocah-bocah mau wedi marang Bu Santi jalaran ana sebageyan mahasiswa  kang kandha yen Bu Santi iku kelebu dhosen kang killer. Nanging iku mung pandugane saperangan cilik mahasiswa wae. jalaran akeh mahasiswa liya kang kandha yen BU Santi mujudake sawijining dhosen kang palng penak ing jurusan iki, jalaran Bu Santi kerep nyilihi buku marang mahasiswane kang mbutuhake referensi kanggo ngerjakake tugas kuliyahe. Pancen Bu Santi yen lagi duka ora ana siji-sijiya mahasiswa kang wani slengekan marang piyambake. Bu Santi pancen kerep duka marang mahasiswane kang telat anggene melu kuliyah sarta telat anggene ngrampungake tugas-tugas mata kuliyahe.
    Saka bocah-bocah kang melu seneng amarga Bu Santi ora awuh yaiku Widya. Pancen dina iki tugase Widya durung rampung lan ing kalodhangan iki digunakake dening Widya kanggo nambah referensi kanthi maca buku-buku kang cundhuk klawan tugas-tugas mau ing perpustakaan kampus. Ing perpustakaan mau Widya ketemu klawan Deny. Bocah lanang kang lagi digandrungi dening Resty. Nalika Widya ndulu dedeg piyadege Deny mau dheweke manggut-manggut. Ing njero atine dheweke ngomong pantes yen Resty kepincut klawan priya siji iki, jalaran Deny ngono beda klawan bocah lanang liyane kang padha-padha jurusan sastra. Bocah-bocah sastra kang biyasane sandahang penganggone sakarepe dhewe lan rambute digawe gondrong jebule ora tinemu ing Deny. Deny mesthi dandan kang necis senajan iku dandane iku prasaja.
Saliyane prasaja Deny ngono uga kalebu mahasiswa kang lathip kang pikir. Nyatane iki nalika kancane isih padha bingung anggene ngerjakake skripsi. Deny wis rampung anggene ngerjakake skripsi lan iki mung ngenteni kapan winisuda dening kampus. Meruhi Deny kang lagi asyk maca buku reriptane Kahlil Gibran kasebut Widya langsung lungguh ing sacedhake Deny. Untung wae kahanan perpus nalika iku lumayan sepi. Saengga akeh papan kosong kanggo maca. Sawise lungguh ing sacedhake Deny banjur Widya ngeblak pundhake Deny. Deny kang kaget banjur ngarahake panyawange marang pawongan kang ngeblak dheweke iku.
“Hlo, dhik Widya ana apa dhik sajake kok wigati banget?”
“Iki hlo mas, aku arep ngomong ngenani perkarane kancaku si Resty lan sampeyan”.
“Gayutane ana apa kok katone wigati banget”
“Iya mas iki wigati banget kanggo kancaku Rsety”.
“Hla ana apa kok kudu kudu aku lan resty?”
“Ngene hlo mas kancaku resty iku nduweni rasa marang sampeyan, jan-jane kancaku si Resty wis menehi pratandha marang sampeyan menawa dheweke nduweni rasa seneng utawa sing luwih trep yen diarani tresna marang sampeyan dak jaluk nek sampeyan nduweni rasa kang padha klawan Resty sampeyan uga enggala ngomong utawa sampeyan nulak kudune sampeyan nulak kanthi alus saengga ora gawe cuwaning kancaku iku saliyane iku aku uga ora kepingn kancaku iku ajur IP-ne jalaran kepikiran sampeyan terus”.
“O..alah jebule iku ta perkarane. Aku dhewe jan-jane uga nduweni rasa marang kancamu nanging dina aku isih kepingin kancamu iki munjerake kawigatene marang tugas-tugase lan ora kepingin kancamu iku nglirwakake tugase”.
Weruh wangsulane deny kang kaya mangkono ku mau banjur Widya ngerti kena apa kang ndadekake Resty nduweni pandakwa tumrap Deny kang dianggep ora nduweni kawigaten tumrap dheweke. Sawise keprungu wangsulane Deny kang kaya mangkono kuwi Widya age-age ninggalake ruwang perpus iku jalaran bakal ana kuliyah. Dina candhake nalika Resty lungguhan ijen ana ing kampus weruh resty lungguh ijen Deny langsung lungguh ing pinggire Resty. Untung wae swasana kampus wektu iku rada sepi dadi ora sepiraa mahasiswa kang ndulu wong loro kuwi mau.
“Dhik, aku oleh apa ora blaka karo sampeyan?” pitakone Deny marang resty.
“Blaka marang apa hlo mas?” wangsulane Resty sajak ora ngerti.
“Aku arep blaka marang sampeyan yen sejatine aku iki tresna banget marang sampeyan. Dak suwun jembar pangapuramu awit wingi-wingi aku ora nuduhake ulat tresna marang sliramu. Aku nindakake iku kabeh jalaran aku kepingin aku ora kepingin nglirwakake sekabehaning tugas-tugasmu. Sepisan maneh dak suwun pangapuramu”.
“Dadi sing wingi iku kabeh mung sandhiwara wae ta mas? Lan sandhiwara iku kabeh sampeyan tindakake kanggo aku?”
Keprungu pitakone Resty kang pungkasan iki Deny ora semaur lan mung manthuk kanthi alon. Angin sumilir tipis nggawa gandha arume mlathi kang tinandhur kanthi asri ing pawiyatan kuwi. bocah loro iku mung meneng wae, nanging saka sunare mripat bocah loro iku katon reroncening tali asih kang suci pindha mlathi. Ati loro wis kasil manunggal dadi siji. Muga-muga tali isih iki tetep lestari lan mugiya bisa ngadhepi sekabehaning pacoban. Ing sadawane laku kang kerep ngreridhu.