Rabu, 23 Oktober 2013

Sejarah Surabaya

Tanggal 31 mei ngarep iki Surabaya bakal ngrayakake ulang taune kang kaping 720. Meh kabeh wong padha ngerti yen saben tanggal 31 mei kasebut minangka tanggal madege kutha Surabaya. Ananging isih sethithik banget kang mangerteni kepriye sejarahe tanggal kasebut dipengeti minangka tanggal lairke kutha Surabaya. Saliyane iku uga akeh sing durung ngerti yen sadurunge tanggal 31 mei kuwi kutha Surabaya nate ngrayakake ulang taune nalika tanggal 1 April. Ngenani kepriye sejarahe tanggal 31 Mei kok bisa ditetepake minangka tanggal laire Surabaya lan apa sing njalari dumadine owah-owahan ulang taune Surabaya saka tanggal 1 April kaganti dening tanggal 31 Mei kuwi bakal diandharake ing ngisor iki.

Yen ngomongake kepriye mula buka dumadine kutha Surabaya mesthine ora bisa nglalekake jeneng Ujunggaluh. Jeneng Ujunggaluh kang ing tembe mburine ngalih jeneng dadi Surabaya iki wis kasebut ing sawijining prasasti kang diwetokake nalika jamane Airlangga. Prasasti kang ing njerone tinulis jeneng  Ujunggaluh iki diwetokake nalika taun 959-1037 M

Ing prasasti Kelagen dijelasake ana ngendi papan dumununge Ujungaluh. Manut isine prasasti Kelagen kang ngenani papan dumununge Ujunggaluh iku bisa kaperang dadi telu yaiku. Kapisan Ujunggaluh dumunung ana ing kali Brantas kang miline ngalor lan banjur nyabang dadi telu utawa kanthi cetha bisa sinebut yen Ujunggaluh iku dumunung ana ing kali Surabaya. Kapindho, ujunggaluh iku dumunung ana ing hilire kali Surabaya sawise ngliwati Dusun Kelagen, utawa bisa sinebut yen Ujunggaluh iku dumunung ana papan paling lor dhewe saka dusun Kelagen. Dene kang kaping telu utawa kang pungkasan Ujunggaluh iku minangka sawijining pelabuhan Nusantara.

Dene cathethan liya kang nyebutake sejarah Surabaya uga tinemu ing prasasti Trowulan II. Ing prasasti iki wis tinulis jeneng Surabaya. Prasasti iki dhewe nduweni angka taun 1358. Ing prasasti kasebut disebutake yen Surabaya ngono sawijining desa kang ana ing kakuwasane Majapait lan pikantuk jejibahan kanggo menehi layanan nyebrangake pawongan kang pengin nyebrang ngliwati Kali Brantas lan Bengawan Solo. Kanggo ngayahi ejibahan iki Surabaya ora dhewe nanging uga dieloni dening 40 desa liyane. Papan kanggo nyebrangake pawongan iki dipercaya ana sawijining dhaerah sing saiki jenenge owah dadi Kampung Surabayan kang mapan ana ing dhaerah Tegalsari. Saka anane katrangan iki bisa didudut yen Ujunggaluh iku ana ing saurite Kali Surabaya lan Kali Surabaya iki dhewe dumunung ana ing kutha Surabaya.

Cathethan luwih jangkep ngenani Ujunggaluh iki ana ing sawijining cathethan kang ditulis dening Chau-Ju-Kua. Ing cathethane kang kanthi irah-irahan Chu-Fan-Chi lan karipta rikala taun 1200 ngandharake yen Ujunggaluh iku minangka sawijining dhaerah kang ngasilake uyah teluk, wedhus gibas, lan manuk kakak tua. Saka cathethan iki bisa didudut yen Uunggaluh iki mapan ora adoh saka pesisir. Kanthi nggabungake cathethane Chasasti-pru-Ju-Kua lan prasasti-prasasti kang ana bisa diwenehi dudutan yen Ujunggaluh iki pancen bener-bener ana Muarane Kali Surabaya sarta papan kasebut pancen nyata ana ing Surabaya.

Banjur yen ngomong ngenani saka ngendi asal-usule kutha surabaya samesthine bisa diwawas saka sejarah madege kerajaan Majapahit. Sejarah mula bukane Surabaya kasebut diwiwti nalika tekane Prajurit Tar-tar saka negeri cina utusane Khubilai Khan teka ing bumi Nusantara. Tekane praurit mau menyang bumi nusantara nduweni ancas bakal ngukum raja singasari kang pungkasan yaiku Prabu Singasari sing pungkasan. Anane tentara cina mau nduweni ancas bakal ngukum raja Singasari mau jalaran Prabu Singasari sing jumeneng nalika kuwi yaiku Prabu Kertanegara nulak tunduk marang negara Cina. Prajurit Cina kang bakal ngukum Prabu Kertanegara iki dipimpin dening panglima sing cacahe ana telu. Para panglima kang mimpin prajurit lan bakal ngukum Prabu Kertanegara yaiku Shihpi, Ike Mese lan Kau Hsing.

Nalika wis teka ing bumi nusantara iki para panglima mau banjur mecah pasukane dadi loro yaiku pasukan laut lan pasukan darat. Pasukan laut dipimpin dening Shihpi dene pasukan darat dipimpin dening Mese lan Hsing kan wektu iku mapan ana ing sawiining dhaerah kang nduweni jeneng Pa-Tsieh-Kan. Sawise kapecah dadi loro iki banjur pasukan mau mlaku nggoleki papan dumununge Kerajaan Singasari.

Ing tengah dalan yaiku nalika teka ing dhaerah Sugalu, Shihpi mrintahake saperangan saka praurite amrih gabung marang pasukan liyane kang dipimpin dening Mese lan Hsing. Pinuju wektu iku pasukane klawan Raden Wijaya. Pinuju ketemu pasukane Shihpi iki Raden Wijaya kandha yen tunduk marang tentara Cina. Nanging, perlu kawuninga iki mung siasat kang ditindakake Raden Wijaya. Wektu kandha yen tunduk klawan tentara cina kuwi raden Wijaya kandha menawa pengin nelukake Pa-Tsieh-Kan para prajurit Cina mau kudu nelukake krajaan Kadiri luwih dhisik. Kerajaan Kediri wektu iku dipimpin dening sawijining raja kanthi jeneng Prabu Jayakatwang.

Prabu Jayakatwang iki yaiku sawijining ratu kang wis kasil ngasorake Prabu Kertanegara lumantar perang. Ya merga perang lan gugure Prabu Kertanegara iki kang nyebabake Kerajaan Singasari ngalami pralaya. Cekake crita para tentara cina mau sarujuk bakal nelukake kerajaan kadiri kanthi pangarep-arep bakal bisa nguwasani Pa-Tsieh-Kan. Kanthi gabungan tentarane raden Wijaya lan tentara cina wekasane Jayakatwang kasil dikalahake lan Kerajaan Kadiri wekasane padha-padha nasibe karo kerajaan Singasari yaiku ngalami pralaya.

Sawise kasil ngasorake kerajaan kadiri kang dipimpin Jayakatwang para praurit Cina mau keladuk rasa senenge. Para praurit mau nggelar pesta kanthi mabuk-mabukan meruhi kahanan kang kaya mangekene digunakake dening Raden Wijaya kanthi sabeck-becike. Rden Wijaya nyerang para prajurit cina kang lagi seneng-seneng iku babar pisan ora ngira bakal oleh serangan saka Raden Wijaya. Amarga ora siyaga praurit cina mau pungkasane kalah lan sabanjure oncat saka bumi nusantara.

Kedadeyan serangane Raden Wijaya marang prajurit cina iki mau dumadi nalika dina Minggu tanggal 31 Mei 1293. Wiwit kedadeyan kuwi jeneng Ujunggaluh diganti dening Raden Wijaya dadi Çurabaya. Jeneng Çurabaya nduweni teges wani ngadhepi bebaya. Sabanjure Çurabaya ana ing kakuwasane Kerajaan Majapahit kang didegake dening Raden Wijaya. Gilir gumanti panguwasa kang mrentah kerajaan Majapahit uga njalari Çurabaya dadi sawijining dhaerah kang tansaya rame.

Papan kanggo nyerang tentara cina iki mau ana ing sawijining pelabuhan lan papan iku mau tuwuh dadi pelabuhan nusantara kang rame banget. Puncake nalika Kerajaan Majapahit dipimpin dening Prabu Hayam Wuruk papan kasebut ramene ora jamak. Emane sawise Prabu Hayam Wuruk seda Mjapahit ora nduweni raja kang prigel anggene mrentah. Wekasane merga nduweni raa kang prigel anggone mrentah Maapahit ngalami pralaya sawise oleh serangan saka kasultanan Demak.

Otomatis merga Majapahit ngalami pralaya Çurabaya dadi bawahane Kasultanan Demak. Amarga Kasultanan Demak weruh kaluwihane Çurabaya tinimbang dhaerah liya-liyane mula Kasultanan Demak menehi keistimewaan kanggo Çurabaya amrih ngelola rumah tanggane. Mula saka kuwi ing Çurabaya banjur didegake sawiining kraton kang aran kraton Çurabaya. Nanging emane kraton iki ora langgeng jalaran kraton iki diserang dening kasultanan Mataram ing sangisore pimpinan Sultan Agung. Sisa-sisa kraton Surabaya bisa diwawas ana ing kampung kraton kang ana ing dhaerah Keramat lan pendhapa Kanoman kang saiki dadi taman budaya.

Pancen prastawa serangane Raden Wijaya marang tentara cina iku dumadi rikala tanggal 31 Mei 1293, nanging tanggal 31 Mei lagi ditetepake minangka tanggal laire Surabaya iku lagi diresmikake nalika tanggal 18 Maret 1975 kanthi adhedhasar surat ketetapan kang ditokake dening Soeparno minangka Wali Kota Surabaya kanthi nomor surat 64/WK/75.

Sadurunge tanggal 31 Mei ditetepake minangka tanggal laire Surabaya. kutha Surabaya ngrayakake ulang taune saben-saben tanggal 1 April. Anane kedadeyan kasebut ora bisa uwal saka campur tangane pamrentah Belanda kang ngganti jeneng Surabaya dadi Gumentee Soerabaia. Owah-owahan jeneng kasebut dumadi nalika tanggal 1 April 1906 lan owah-owahan kasebut nduweni ancas amrih pamrentah Belanda luwih kepenak anggone ngatur keamanan minangka masyarakat penjajah. Kanthi kaiiring lumakune wektu apa maneh Indonesia wis bali merdhika mula tanggal laire Surabaya dibalekake maneh dadi tanggal 31 Mei kanthi pangajab bisaa nduweni semangat kayadene semangate Raden Wijaya sing wani ngusir tentara Cina kang bakal njajah bumi pertiwi.

*) Maneka Sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar