Pundhen
kang ana ing desa Tambakboyo Kecamatan Tawangsari Kabupaten Sukoharjo iki
pancen kapetung beda yen dibandhingake klawan punden-punden salumrahe. Yen ing
padatane punden ngono nduweni wujud kuburan kuno utawa wit-wit gedhe kang
dikeramatake nanging ora yen nyebut punden sing siji iki. Punden kang dumunung
ana cedhake kantor desa tambakboyo iki malah nduweni wujud kaya dene umpak kaya
kang kerep ditemokake ing bangunan-bangunan kuno.
Miturut
critane Setyo Wiyono bekas carik kang nate mrentah ana desa kasebut biyene
punden utawa umpak kasebut ora ana papan kono (sacedhahe bale desa) nanging
biyene punden utawa umpak kasebut ana ing sacedhake bengawan Solo sing mili ora
adoh saka bale desa. Jalaran biyene punden kasebut kerep ngganggu para warga
kang lagi nggunakake banyu kang mili saka bengawan solo banjur dening para
sesepuh pundhen kasebut dipindhah menyang sacedhake bale desa.
Saka
crita sing ditampa Setyo Wiyono saka leluhure punden kasebut sejatine asale
dudu saka desa Tambakboyo ananging asale punden kasebut saka Demak. Isih
miturut critane para sesepuh sejatine pundhen utawa upak kasebut biyene bakal
digunakake kanggo wadhahe salah sawijining saka guru ing masjid Demak. Jalaran cacahe
umpak wis jangkep banjur umpak iki dibuwang menyang bengawan Solo lan sabanjure
keli nganti tekan desa tambakboyo.
Nalika
dipindah saka pinggiran bengawan solo menyang papane saiki yaiku ana ing
sacedhake kantor bale desa Tambakboyo ana kedadeyan kang ora tinemu nalar.
Wektu iku ana atusan pawongan saka desa Tambakboyo sing kerja bakti kanggo mindhah
umpak kasebut. Nanging senajan tenagane wong cacah atusan iku babar pisan ora
bisa ngangkat umpak kasebut saka papane.
Amarga
ngrasa ana sing ora lumrah banjur sawijining sesepuh desa kono sing nduweni
kaluwihan ing babagan ilmu spirtual banjur ngeningake cipta. Sawise ngeningake
cipta sesepuh kasebut oleh wangsit yen kepingin mindhah umpak kasebut kudu
nindakake telung perkara. Telung perkara kang ditampa dening sesepuh kasebut
yaiku anggone mindhah kudu dina Jemuah Kliwon, nalika dipindhah kudu kanthi ana
iringan gamelan, lan sing pungkasan yaiku sadurunge mindhah kudu nggelar
tayuban kang sing joged kudu isih prawan lan ayu.
Sawise
wangsit kasebut ditindakake wekasane umpak iku kasil dipindhahake lan anggone
mindhahake umpak kuwi mung mbutuhake tenagane wong papat. Sawise umpak iku
dipindhah banjur tuwuh kapercayan anyar kang ana ing masyarakat desa
Tambakboyo. Kapercayan kasebut yaiku mesthi nganakake bersih desa saben dina
jemuah kliwon kang manggon ing antarane wulan agustus lan sepetember.
Upama
wae adicara bersih desa iku lali ora ditindakake masyarakat kono percaya bakal
nampa kedadeyan kang ora dikepinginake. Saben-saben nindakake bersih desa
kasebut ora lali desa tambakboyo mesthi nggelar tayub sing penarine utawa
tedheke isih prawan. Iki ngono ditindakake kaya dene wangsit kang ditampa
dening sesepuh biyen nalika mindah umpak kasebut. Upama tledheke sing njoged
wektu adicara bersih desa iku ora prawan mesthi bakal udan senajan iku mangsa
ketiga.
Sing nganti seprene uga isih diuri-uri dening
warga desa Tambakboyo yaiku saben-saben ana wargane kang dadi manten. Manten
anyar kasebut bakal diubengake umpak kasebut kanthi pangajab anggene bebojoan
bakal langgeng lan sing paling wigati yaiku manten kasebut ora bakal nemahi
bilahi. Jalaran akeh kedadeyan sing wis dumadi ana saperangan manten anyar sing
ora percaya lan ora gelem ngubengi umpak kasebut banjur wekasane manten kasebut
dadi edan. Bener orane iku kabeh mung Gusti Allah sing mangerteni.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar