Minggu, 03 November 2013

Dea Kudu Bisa



Sawise kepilih dadi ketua kelas ing pemilihan ketua kelas kang dianakake rikla dina sepisan mlebu sekolah biyen tanggung jawabe Dea ana sekolahan dadi tansaya akeh. Dheweke saliyane ngayahi jejibahane minangka murid dheweke uga kudu bisa ngoordinir kanca-kancane saengga ora ana kancane kang nyalahi utawa nglanggar aturan kang ana ing sekolahan. Saliyane iku dheweke uga kudu bisa dadi sesulihe bu guru nalika bu guru ora bisa rawuh jalaran gerah utawa nalika bu guru oleh tugas saka sekolahan. Saka akehe jejibahan kang kudu dilakoni kuwi kadhang kala dheweke ngrasa yen wis ora sanggup maneh dadi ketua kelas.
Anane pamikikiran kang kaya mangkono kuwi karana saya suwe kanca-kancane padha angel diatur lan diomongi. Kabeh padha kepingin sakarepe dhewe, apa maneh nalika bu guru ora rawuh lan panjenengane mung ngutus ngerjakake tugas sing mengkone yen wis rampung anggene ngerjakake diajab kabeh padha ngumpulake tugase. Nanging kasunyatane kanca-kancane Dea iku ora ana sing nganggep apa sing diomongke Dea. Kanca-kancane padha asyik anggone dolanan dhewe lan babar pisan ora ana sing nganggep pesen kasebut.
Wektu iku nalika kanca-kancane akeh sing ora gelem ngerjakake tugas sing wekasane ora ana kanca-kancane sing ngumpulake tugas bu guru duka banget marang kabeh bocah-bocah kelas 6. Sejatine ing kedadeyan kasebut Dea ora luput nanging tetep wae dheweke ngrasa salah jalaran ora bisa nindakake apa kang dingendikake dening gurune kasebut. Senajan wektu iku bu guru wis kandha yen sing salah iku dudu dheweke ning tetep wae Dea ngrasa ora kepenak jalaran ora bisa nglekasanakake tugase kanthi becik.
Amerga kedadeyan kuwi nalika ana ngomah Dea kerep nglamun jalaran nenimbang kepinginane sing pengin mundhur saka anggene dadi ketua kelas. Merga kerep nglamun kuwi Dea kadang kala nganti kerep lali anggone mangan. Ngenani pepinginane sing bakal mundhur saka ketua kelas kuwi wis dipikirake ana telung minggunan. Apa maneh nalika kelase kalah nalika melu lomba kebersihan sing dianakake sekolahane sawetara wektu kepungkur. Tansaya ndadekake Dea ngrasa yen dheweke wis ora pantes maneh dadi ketua kelas.
Kaya kang dumadi ing sore kuwi, wektu iku ing ngomah kaya padatane saben sore Dea mesthi ngrewangi ibune resik-resik omah. Wiwit cilik biyen Dea pancen wis biyasa ngrewangi ibune reresik omah. Nyirami tetanduran, nyapu latar, lan nyapu teras wis biyasa ditindhakake Dea wiwit isih cilik. Ibune pancen wis nggulawenthah Dea amrih seneng nyambut gawe lan ora dadi bocah sing manja.
Sore iku anggene Dea ngrewangi resik-resik omah dirasa dening ibune ora sabaene. Anake sing kelas 6 SD iku kerep meneng wae. Saka sorot mripate ibune nduweni panduga yen anake kuwi lagi ana masalah kang lagi diadhepi. Mula samungkure ngunoni kembang sing ana ngarep omah ibune ngajak anake kasebut lungguhan ana kursi kang manggon ana sacedhake taman.
“De, sajake kok awakmu lagi ana masalaj sing kok adhepi. Coba crita nang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu?”
“Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat maneh dados ketua kelas” kandhane Dea.
“Hlo, kena apa De?” ibune kaget.
“Ngeten Hlo Bu, kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipun kandhani. Sedaya kados kepingin sakarepe piyambak lan mboten wonten malih ingkang dipun pimpin. Napa malih wonten pemilihan kelas ingkang paling resik sawetara wekdal kepengker kelas kula kalah kalih kelas sanese jalaran kanca-kanca mboten saged kompak malih kados rumiyin. Saking kedadosan menika kula ngraos yen kula sampun mboten pantes dados ketua kelas.”
“Aja kesusu njupuk keputusan hlo ndhuk. Awakmu biyen kepilih dadi ketua kelas lak ya sing milih kuwi kancamu kabeh. Tegese kanca-kancamu wis padha percaya marang awakmu. Perkara menang utawa kalah kaya sing kok omongne iku mau perkara lumrah. Nanging yen sing diarani kekompakane kelas kuwi sing kudu dicara.”
“Maksudipun pripun bu?” pitakone Dea.
“Maksude ibu ngene hlo de. Kekompakan kelas iku ora tuwuh sakarepe dhewe nanging kudu dicara amrih kekompakan mau bisa tuwuh lan jinaga saengga kabeh sing ana kelasmu bisa kompak lan nyedulur antarane siji lan sijine. Ngenani kepriye awakmu lan kancamu sing ngerti.”
Kebeneran wektu lungguhan bareng karo anake kasebut ibuke Dea weruh ana semut sing lagi baris. Nalika kuwi ibuke nemu cara kanggo ngyakinake anake kuwi pentinge tandhang gawe kanthi bebarengan. Weruh ana semut sing mlaku pating jlentrek ibuke banjur njupuk sapu sing maune diselehake ana pinggir anggene lungguh.
“De, coba sawangen iki?” prentahe ibuke.
“Wonten napa Bu?” kandhane De sinambi ndingkluk ndelok apa sing dituding dening ibuke.
“Iku sawangen ana apa?”
“Wonten semut Bu” kandhane Dea cekak.
“Awakmu bisa njupuk piwulang apa saka kedadeyan sing kok sekseni kasebut?”
Dea mung nggelengake sirah tandha ora mangerti apa sing diutus dening ibune. Meruhi anake ora mangeri marang apa sing dipenginake wekasane ibune njlentrehake piwulang apa sing bisa didudut saka kedadeyan kuwi.
“Ngene De, ibu bakal njelasake marang awakmu ngenani perkara iki, nanging ibu nduweni syarat awakmu kudu dadi bocah sing tatag lan ora gampang nyerah. Salah sijine yaiku awakmu kudu tetep dadi ketua kelas nganti mbesuk lulus saka kelas 6.”
“Inggih, Bu” wangsulane Dea.
“Ibu, iki mau sengaja ndeleh sapu ana dalan sing diliwati semut iku mau kanggo nglambangake perkara sing kok adhepi. Senajan semut-semut iku mau dalane katutup klawan sapu nanging semut-semut kuwi tetep ngupaya ngliwati sapau kasebut lan tanpa nggresah. Semut kuwi tetep semangat ngliwati rintangan lan tetep mlaku menyang ngarep lan babar pisan ora mundhur. Saliyane kuwi awakmu mau ya weruh yen ana semut sing nggawa barang sing luwih gedhe saka awake. Senajan barang sing digawa iku mau abot nanging semut mau ora kelangan ngakal. Semut-smut kuwi mau kerja sama antarane siji lan sijine saenggan barang sing luwih gedhe saka awake kasebut bisa dipindhahake” jlentrehe ibune Dea.
Sawise keprungu apa kang dingendhikake dening ibune kasebut Dea dadi sadar ngenani apa tumindake. Dheweke sadar menawa yen dheweke ngundhurake dhiri saka tugase dadi ketua kelas ateges dheweke nyalahi amanat sing wis dipercayakake dening kanca-kancane marang dheweke. Saliyane iku Dea uga ngrasa yen sasuwene iki dheweke mung kerja individu lan ora gelem nglibatake kanca-kancane. Menawa wae saka tumindake kang kaya mangkono kuwi kanca-kancane dadi ora kompak.
Dheweke uga ngrasa apa kang dingendhikake ibune kuwi pancen bener. Mula wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kaya kang dicontoni dening ibune. Yaiku kudu kerja sama karo kabeh kancane. Tanpa mandeng sapa kancane kasebut. Ing atine saiki wis tuwuh yen ora ana perkara abot yen ditindakake kanthi bebarengan. Mula saka kuwi dheweke mantebake awake dhewe. Saben-saben ngadhepi perkara kang abot ing atine dheweke bakal ngomong, “Dea kudu bisa.”
Dea ngucapake rasa matur nuwun kang gedhe banget marang ibune jalaran ibune wis menehi pituduh kanggo dheweke supaya dadi bocah sing luwih apik lan ora gampang nyerah. Ora watara suwe saka ngarep omah ana taksi sing mandheg lan saka njero taksi kasebut bapake Dea sing wis ana rong taun kerja ana Malaysia mulih. Weruh bapake mulih kasebut Dea seneng banget lan Dea langsung mlayu kanggo mapag tekane bapake. Ibune sing weruh kelakuane anake kang kaya mangkono kuwi mesem lan age-age melu mapag tekane sisihane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar