Ing antarane udan grimis sing nyambangi kuthamu
wingi
Daktitipake sawijining crita
Sing menawa nate dakbabarake
Rikala aku isih kerep sumrambah
Lan nyoba nothog lawange atimu
Kanthi ukara-ukara prasaja
Minangka tandha memitran
Ing critaku kuwi mesthine sliramu eling
Yen pangumbaran ngono minangka sawijining papan
Sing bakal bisa nyipta sarta mbukak weninge kaca
rasa
Ngenani apa kang wigati sajroning uripmu
Samesthine sliramu uga ngerti
yen dudu perkara bandha kang paling utama
sajrone ana alam donya
Ananging sing paling wigati
Ora liya kepriye anggene dhewe bisa mulyakake wong
tuwa
Amarga kaya kang padha-padha wis dimangerteni
Yen wong tuwa ngono minangka Gusti kang nyata
Tidak ada komentar:
Posting Komentar