Srengenge wis angslup ing garbaning pertiwi. Panase srengenge wis ilang kesaput grimis riwis-riwis nalika sore mau. saiki mung ninggalake sethithik cahyane kang isih semburat ing poncot langit sisih kulon. Alon sumilir angin nggogrogake godhong-godhong jati saka pange kang pengkuh. Hawa adhem sasi januari kaya-kaya mbeset kulit babar pisan ora dakreken. Senajan wengi iki ing langit kana mbulan lagi nekani wayahe purnamasidi ananging kanggoku wengi iki ora ana bedane karo wengi liyane. Kang ana mung rasa sepi kang ngrerujit ati. Sumunare mbulan ngliwati godhong-godhong jati banjur tumurun nyapa aku kang lagi manjer pandulu nyawang langit kang tanpa winates.
Aku ambegan landhung karepku bisaa ngurangi sumpeg kang lagi dakrasa wengi iki. Aku wis judheg kudu mbabar crita marang sapa amarga kabeh-kabeh rumangsaku ora ana siji-sijiya kang gelem anggenku mbabar ukara. Kabeh kaya-kaya nutup kuping lan aku mung bisa mbabar critaku iki marang angin. Kadhang aku uga ngrasa sarwa salah. Upama biyen aku ora nglakoni lelakon iki samesthine uripku ora bakal nelangsa kaya mangkene.
Wektu terus lumaku mecaki wengi. Alon-alon mbulan tansaya munggah dhuwur saperlu andum cahyane marang sekabehaning titah kang jumangkah ingatase bumi. Kanthi kekancan klawan mayuta-yuta lintang kang sumebyar ing dirgantara. Mbulan klawan lintang mau sajak ngajak aku melu necep endahing wengi. Ananging kaya-kaya pangajake lintang lan mbulan mau mokal kasembadan jalaran abote perkara kang lagi daksandhang dina iki. Saben wengi kang ana ing pikirku mung wewayangane sisihanku kang banget daktresnani. Lan nalika winih-winih tresna kang wiwit tukul iku kepeksa dakbubut jalaran janji kang wis dakucapake sawetara taun kepungkur nalika slirane durung dakrengkuh minangka sisihanku kang sah. Sah miturut adat lan sah miturut agama.
Nalika dakjangkahake laku saperlu mulih menyang omahku, nanging kaya-kaya ati iki durung bisa diajak bali. Kang njalari aku agah-agahen mulih menyang omah ora liya yen ketemu klawan sisihanku. Orane ana rasa mangkel yen ketemu klawan dheweke nanging saben-saben ketemu dheweke kang dakrasakake mung lara kang nunjem ing sajroning pulunge ati. Dak akoni pancen sisihanku iki klaebu pawongan kang ayu tur sumanak. Tepung biyen klawan dheweke jalaran dijodhohake wong tuwaku. Saliyane iku dheweke uga pernahe adhi angkatanku nalika isih kuliyah biyen. Jan-jane ngono upama ditandhingake antarane aku lan slirane pindha Dewi Sembadra ketandhingake dening Sukrasana adoh banget. Nanging amarga kegawa karepe wong tuwa asile aku lan dheweke kasil sumandhing.
Sawise aku sumandhing klawan dheweke orane kabagyan kang mampir nang ati iki, nanging kang ana mung rasa kang banget ngrerujit ati. Wis kaya dadi pakulinan saben wayah wengi ati iki kairis-iris nalika daksawang pasuryane. Kepriye oar senajan aku iki sisihane kang sah durung sepisan-pisana dak aras rambute iku. Mbiyen sadurunge lungguh ing kwade aku wis ngucapake janji marang heweke yen aku ora bakal ndemok dheweke yen dheweke durung bisa nampa aku kanth apa anane. Upama dheweke ora bisa nampa aku bakal dak usahakake dheweke bakal nggayuh kabagyan senajan anggone ngrasakake kabagyan mau kudu ana tumbale kang ora liya aku tetep bakal dak usahakake. Anane dhewekeora bisa nampa aku kanthi apa ananejalaran dheweke durung bisa nglalekake mantan pancangane biyen kang sambung asmarane dipisahake dening wong tuwane jalaran arep dijodhohaku marang aku.
Aku dhewe uga wis mangerteni yen dheweke iku wis nduwe pancangan nanging aku nduweni kuwasa apa. Upama aku mbrontak samesthine bakal dadi wirange wong tuwa. Mulane janji mau kepeksa dakucapake supaya kabeh bisa lumaku kaya samesthine. Pancen yen disawang dening wong liya anggenku jejodhowan klawan sisihanku iki padha dene mimi lan mintuna kang atut runtut. Tangga teparo dalah para kaluwaraga uga kerep aweh pangalembana marang aku amarga sasuwene aku jejodhohan klawan dheweke wong-wong mau ora nate weruh aku tukar padu klawan sisihanku. Pancen wong ing alam onya iki bisane mung sawang sinawan. Durung mesthi kang disawang katone kepenak nanging bareng dilakoni penake ora kaya penake nalika nyawang. Mula yen ana wong takon marang aku apa kang dadi rahasiane hubunganku klawan sisihanku aku mung mesem wae. kamangka pitakonan mau kaya-kaya ndudah tatu kang kasimpen ing jerone ati.
Pancen manungsa urip ing alam donya iki mung sarwa sawang sinawang. Urung mesthi kabeh yen disawang kepenak njur kepenak uga rikala dilakoni semono uga suwalike durung mesthi yen katone angel ditindhakake uga angel ditindhakake. Kabeh mau mung dibalekake marang sapa sing nglakoni perkara iku mau. Saka perkara kang dak lakoini iki aku bisa nduweni panemu. Aja sok gampang aweh pambiji marang wong liya yen durung njajagi apa kang sumimpen ing atine. Lan wong urip ing donya iku padha dene wong kang lagi ngadek ing panggung sandhiwara. Wong liya mung bisa ndulu apa sing awake dhewe tindakake tanpa mangerteni apa kang dirasakake dening paraga mau. Saben-saben lingsir wengi nalika netra iki durung bisa diajak nendra ati iki kerep njerit, nanging emane jeritane atiku mau ora ana sing ngrungokake kejaba aku dhewe. Sajrone panjeritke mau ati iki kerep aweh pitakonan. Kena apa trena iku teka tanpa menehi warta. Lan trena mau kerep ora nyawang dedeg piyadege pawongan kang bakal ketaman tresna mau. Apa wong mau nduweni dedeg kang pengkuh utawa malah nduweni dedeg kang ringkih kaya aku iki babar pisan ora direken. Saliyane iku tresna dhewe upama pengin oncat uga ora kirim pawarta. Lan trena mau ora bakal nggape kaya ngapa surasane ati kang koncatan mau.Paribasan kaya tekane angin tresna mau kaya-kaya malah ngiwi-iwi marang pawongan kang nangisi oncate tresna mau.
Oncate tresna pancen banget mbebayani tumrap pawongan kang nduweni panemu kang kliru. Amarga ana kang nempuh alan kang luput, saengga regane nyawane manungsa kena dietung regane mawa rasa tresna. Iki ora nganyuwara jalaran manungsa kang atine peteng bisa tumindak apa wae. mula yen ana manungsa kang tumindak culika amarga koncatan tresna jamn saiki kaya-kaya wis dianggep lumrah.
Mbuh wis pirang jam anggenku lungguhan aku lungguhan ijen ing papan iki, nganti cagak telpon kang ditabuh dening warga wis kasil mbuyarake lamunanku. Jam tanganku daksawang lan dakweruhi yen wengi wis ngancik jam siji bengi. Meruhi wengi wis ngancik jam siji aku enggal-enggal njangkahake laku menyang omahku. Jam siji luwih sepuluh menit aku wis teka platarane omahku. Sawise ngancik emperan omah enggal-enggal wae dakgrayahi sakclanaku saperlu nggoleki kuncine omah. Aku ora gelem notok lawang jalaran samesthine yah mene iki sisihanku samesthine lagi turu angler, aku wegah yen ngganggu sisihanku jalaran sesuk dheweke uga kudu makarya nggulawenthah bocah-bocah ing SMP kulon bale desa kono. Jan-jane ngono aku sesuk uga ana jam ngajar ing SMP kang padha panggonan karo SMPne sisihanku, nanging jalaran wis dadi pakulinanku wiwit isih kuliyah biyen ora bisa turu yen durung lingsir wengi.
Sawise mlebu ngomah banjur dakbanting awakku ing kursi ruwang tamu. Sinambi leyeh-leyeh sarta ngenam pikir tanpa dakrasa mripat iki nutup dhewe. Wengi iku ing sajroning turuku iku aku ngimpi. Ing ngimpiku mau rumangsaku aku weruh enthung kang gumantung ing lawange omahku, lan nalika dakcedhaki saka enthung mau jumudhul kupu kang wernane endah banget. Urung wae kateg anggenku namatke kupu mau dumaakan alarmku muni, banjur tak saut hp-ku lan ak sawang ing lcd-ne hp-ku mau nuduhake jam lima esuk. Aku age-age mlayu tumuju kamar mandi saperlu njupuk banyu kanggo wudhu. Ning esuk iki rumangsaku rada beda karo dina-dina sing wingi. Jalaran yen dina-dina wingi jam yah mene iki sisihanku wis tangi saperlu masak. Nanging esuk iki kok ora ngono batinku. Perkara iku mung dakbatin wae lan sabubare aku nindakake sembahyang subuh daksawang kamare sisihanku lampune isih murub sarta lawange isih tutupan.
Batinku sisihanku mau isih turu, maklum kekeselen jalaran dheweke wingi kandha marang aku senajan mung liwat sms yen baline saka sekolahan raa sore jalaran arep ngoreksi ulangane bocah-bocah. Mula ora ana prasangaka apa-apa ing atiku. Dakjarake wae ngaanti jam setengah pitu esuk, nanging kamare kok durung dibukak lan lampune uga durung dipateni. Meruhi kahanan kang kaya mangkono iku, wiwit tuwuh rasa was-was ing atiku. Lawang kamar dak thothog nanging ora ana wangsulan. Perkara iki nambahi rasa was-wasku amarga ora ana wangsulan tanpa njaluk pasarujukane aku banjur mlebu kamar iku.
Ing njero kamar iku daksawang sisihanku lagi slimutan brukut, nalika weruh aku ngadeg ing sandhinge dheweke ngomong marang aku. Swarane lirih banget.
“Mas, aku tulung sampeyan ijine yen dina iki aku ora bisa mlebu jalaran awakku nggreges kabeh” kandhane sisihanku.
“Ya, dhik nanging piye? Sampeyan dakterake menyang puskesmas ya?” pangajakku.
“Ora, usah mas aku mengko ngrepoti sampeyan” wangsulane sisihanku.
“Ngrepoti piye ta? Sampeyan anggep aku iki apa. Aku iki rak ya isih bojone sampeyan sing sah, mulane yen ana apa-apane karo sampeyan iku wis dadi kewajibanku. Mulane ora usah dipenggalih sing rena-rena. Saiki uga sampeyan kudu gelem tak ajak priksa nang Puskesmas” wangsulanku setengah karo meksa.
Pungkasane sisihanku mau gelem tak ajak priksa menyang Puskesmas. Saka asil pamriksane mantri jebule bojoku mau ora lara apa-apa nanging mung kekeselen wae lan diakon leren sawetara wektu. saka Puskesmas mau aku diwenehi obat lan ngombene sedina ping telu. Esuk siji, awan siji, ngarepne turu siji. Mulih saka Puskesmas aku mampir dhisik menyang warunge Bu Gono saperlu nukokake sarapan sisihanku. Sawise seminggu teratur anggene ngombe obat pungkasane kesehatane sisihanku bali kaya padatane maneh. Sawise sisihanku iku waras adate marang aku dadi beda.
Nuju sawijining sore nalika aku lungguhan ing ruwang tamu. Dumadakan sisihanku mau teka-teka numbruk aku lan nangis nggugluk ing pangkonanku. Meruhi dheweke nangis mula dakdegake dheweke njur tak takoni sejatine ana apa. Nanging keprungu pitakonku orane tambah lerem nanging tangise tansaya ndadra. Aku adi bingung dhewe meruhi kedaeya iki. Amarga saweruhku sedina iki aku lan dheweke kaya-kaya ora ana beda panemu ning apa kang njalari dheweke nangis aku isih tidha-tidha.
Sawise atine ketata banjur sisihanku mau kandha yen sejatine dheweke rumangsa luput jalaran dheweke ora gelem ngrengkuh aku minangka sisihane sing sah. Lan dheweke uga mung nuruti kekarepane sing nganyuwara kang isih ngarepake katresnan saka pancangane biyen. Kamangka mantan pancangane iku saikine wis nduwe bale wisma dhewe. Minangka jejere dheweke wanita dheweke uga ora kepingin ngrusak bale wismane liyan. Saliyane iku dheweke uga ngrumangsa sasuwene iki dheweke kaya-kaya wis wuta jalaran ana pawongan kang banget nresnanin dheweke nanging babar pisan ora digape, lan dheweke kaya-kaya ngarep-ngarep udan ing mangsa ketiga. Mulane wengi iku sisihanku njaluk pangapura marang aku.
Aku sing keprungu omongane sisihanku mau mung meneng tanpa ukara. Aku mbatin jebul pangiraku bener yen tresna iku teka tanpa weneh warta. Kaya kedadeyan wengi iki. Trena sisihanku pungkasane gelem tuwuh. Lan trsnaku kang tuwuh ing atiku uga ora bakal kejabut maneh. Nalika krungu wangsulanku yen aku gelem aweh pangapura marang sisihanku mau dak sawang ana esem tipis ing pasuryane. Ya esem iki kang dakrantu sasuwene aku sesandhingan karo dheweke.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar