Kaya padatane saben dina jemuah sore kahanan kost-kostan mesthi sepi. Awit saben dina kasebut para mahasiswa kang racake saka luwar wewengkon kutha Surabaya akeh sing bali menyang dhaerahe dhewe-dhewe. Aeng pancen jarene rega angkutan umum ing dina iki padha larang nanging kok isih akeh wae mahasiswa kang kerep bali menyang dhaerahe saben minggune. Apa ora eman marang dhuwit kang digunakake kanggo mulih kuwi. Prayogane rak ya dhuwit kalamau bisa ditabung lan digunakake kanggo nyukupi kabutuhan kuliyahe. Sajak ora ngreken marang kanca-kancane kang padha mulih menyang dhaerahe ing kost-kostane Bu Yuli kang dumunung ing gang 5 lidah wetan kuwi katon bocah wadon loro kang isih asik dhiskusi ngenani tugas kampuse. Nalika ana sing aweh panyaruwe marang bocah loro kuwi mau, bocah loro kuwi mau mung nggeguyu lan nerusake anggene rembugan. Upama ora ana tugas kang kudu dikumpulake dina senin kuwi samesthine Resty lan Widya samesthine uga bakal melu mulih menyang dhaerahe.
Sawise watara suwe anggene rembugan ing emperan kost-kostan kuwi, bocah loro mau banjur mlebu ing kamare dhewe-dhewe. Pancen senajan nunggal kampus lan nunggal kost-kostan bocah loro iku mau ora bisa kelakon sakamar jalaran nalika semana anggene Resty ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi rada telat. Sadurunge ngekost ing daleme BU Yuli kuwi Resty nate ngontrak bareng kanca-kancane SMA ing dhaerah Babatan. Nanging amarga kepingin njemabarake pasrawungan tumrap para kanca lan kepingin ngrasakake swasana kang anyar. Pungkasane Resty melu ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi. Anane Resty ngekost ing daleme Bu Yuli iki disebabake amarga pangaribawane Widya kang kandha marang dheweke yen ngekost ing daleme Bu Yuli kuwi kepenak banget jalaran bocah-bocah kang ngekost ing rancakake bocah kang asale saka sanjabane Surabaya mula ora nduweni polah kang neka-neka.
Pancen yen ndulu jagading pawiyatan luhur iku ana saperangan cilik kang dadi gawe mirising ati. Akeh para mahasiswa kang padha tumindak nyimpang saka norma kasusilan. Nanging untunge bocah-bocah kang ngekost ing daleme Bu Yuli iki sajake padha nduweni sangu agama saka kaluwarga kang kuwat banget. Jalaran ora ana siji-sijiya bocah kang ngekost ing kono kang wani nerjang norma kasusilan. Saliyane kuwi Bu Yuli uga aweh kawigaten kang banget tumrap para anak koste. Bocah-bocah kang ngekost ing kono ora mung dianggep anak koste wae nanging uga diwengku kaya dene anake dhewe. Bu Yuli dhewe uga ora nate duka yen ana anak koste kang telat anggene mbayar kost jalaran Bu Yuli dhewe uga nate ngrasakake manis lan paiting dadi anak kost. Saka kawigatene iki bocah-bocah kang ngekost ing kono uga wis nganggep BU Yuli iku kaya ibune dhewe. Bu Yuli uga kerep dadi papan curhate anak koste wiwit saka prakara kuliyah lan nganti prakara asmara.
Ing njero kamar bocah loro kuwi padha ngempakake laptop-e awit bocah loro kuwi mau enggal-enggal kepingin ngrampungake tugase. Watara wwis telung jam anggene bocah loro kuwi ngetik tugas ing laptop-e amarga wis rumangsa kesel anggene ngetik tugase mau Widya metu saka kamare lan jumangkah tumuju ing kamare Resty. Nalika mlebu ing kamare Resty iku Widya njomblak kaget amarga ing kamar kuwi Widya meruhi kancane iku kekembeng luh. Amarga meruhi kancane nangis kuwi Widya age-age mlayu lan lungguh ing sapinggire Resty.
“Ana, masalah apa ta Res kok awakmu nangis iki?”
“Ah, gak ana apa-apa kok Wid mung iki mripatku kelebon lebu” .
“Ora usah mbujuk Res, awake dhewe iki wis padha gedhene lan wis suwe anggene memitran mula yen ana masalah kuwi aja mung diendhem dhewe. Sapa ngerti aku bisa ngrewangi awakmu ucul saka masalah iki”.
“Ah, gak ana apa-apa kok Wid!”.
“Ora usah mbujuk Res, wis ta lha kandhaa karo aku mripatmu kuwi hlo ora bisa mbujuki aku. Saka cahyaning mripatmu kuwi aku bisa aweh ppandguga yen awakmu lagi prakara kang abot banget. Apa iki gara-gara tugase Bu Santi kae?”
“Ora kok Wid, iki babar pisan ora ana gegayutane marang pakuliahan nanging iki perkara ati”.
“Apa? Perkara ati?” Widya njomblak kaget.
“Iya, Wid”.
“Hla terus apa ana pawongan sing wis wani natoni atimu saengga awakmu nangis kaya ngene iki. Yen ana, hayo kandhaa menyang aku. Bakal tak labrake wong iku. Aja kok pikir yen aku ora wani wong ngene-ngene iki aku ya nate melu bela dhiri, priya ngendi sing wani natoni atine kancaku wis ora jamane yen wanita iku mung kanggo dolanan kaum priya”.
Durung nganti Widya ngentekake tetembunge nanging omangane Widya mau kapedhot dening swarane Resty
“Wis ta Wid, wis ora ana babar pisan sing natoni atiku”
“Hla terus kepriye nalare kok awakmu nganti nangis iki”
“Ngene lo Wid sejatine aku iki nduweni rasa marang sawijining priya, aku wis menehi kawigaten kang linuwih marang dheweke nanging dheweke sajake ora ngrasa yen sajake aku ana rasa marang dheweke”.
“Hla banjur sapa bocah lanang sing kok karepake iku mau?”
“Mas Deny”
“Mas Deny kakak angkatane dhewe kae ta?”
Keprungu pitakone Widya kasebut Resty ora mangsuli pitakone kancane mau nanging mung manthuk kanthi alon. Widya sajak tanggap ing sasmita marang kahanan kang lagi dialami dening kancane iku. Dheweke nyoba nentremake Resty lan kandha bakal aweh bantuwan amrih Deny bisa weruh apa kang dirasakake dening kancane kuwi. Meruhi ana kanca kang nduweni kawigaten kang gedhe tumrap dheweke Resty mung bisa ngucapake marang kancane kang wis dianggep kayadene sedulure kuwi.
Dina senin kahanane kampus rame banget. Tugas saka Bu Santi kang kudu dikumpulake dina iki jebule wurung dikumpulake jalaran dina iki lagi ana tugas saka kampus supaya ngrawuhi workshop ing Malang. Bocah-bocah kang durung rampung anggone ngerjakake tugas mau padha sumringah. Bocah-bocah sing kewedhen amarga ora ngumpulake tugas mau bisa mesem kanthi kebak kabagyan. Anane bocah-bocah mau wedi marang Bu Santi jalaran ana sebageyan mahasiswa kang kandha yen Bu Santi iku kelebu dhosen kang killer. Nanging iku mung pandugane saperangan cilik mahasiswa wae. jalaran akeh mahasiswa liya kang kandha yen BU Santi mujudake sawijining dhosen kang palng penak ing jurusan iki, jalaran Bu Santi kerep nyilihi buku marang mahasiswane kang mbutuhake referensi kanggo ngerjakake tugas kuliyahe. Pancen Bu Santi yen lagi duka ora ana siji-sijiya mahasiswa kang wani slengekan marang piyambake. Bu Santi pancen kerep duka marang mahasiswane kang telat anggene melu kuliyah sarta telat anggene ngrampungake tugas-tugas mata kuliyahe.
Saka bocah-bocah kang melu seneng amarga Bu Santi ora awuh yaiku Widya. Pancen dina iki tugase Widya durung rampung lan ing kalodhangan iki digunakake dening Widya kanggo nambah referensi kanthi maca buku-buku kang cundhuk klawan tugas-tugas mau ing perpustakaan kampus. Ing perpustakaan mau Widya ketemu klawan Deny. Bocah lanang kang lagi digandrungi dening Resty. Nalika Widya ndulu dedeg piyadege Deny mau dheweke manggut-manggut. Ing njero atine dheweke ngomong pantes yen Resty kepincut klawan priya siji iki, jalaran Deny ngono beda klawan bocah lanang liyane kang padha-padha jurusan sastra. Bocah-bocah sastra kang biyasane sandahang penganggone sakarepe dhewe lan rambute digawe gondrong jebule ora tinemu ing Deny. Deny mesthi dandan kang necis senajan iku dandane iku prasaja.
Saliyane prasaja Deny ngono uga kalebu mahasiswa kang lathip kang pikir. Nyatane iki nalika kancane isih padha bingung anggene ngerjakake skripsi. Deny wis rampung anggene ngerjakake skripsi lan iki mung ngenteni kapan winisuda dening kampus. Meruhi Deny kang lagi asyk maca buku reriptane Kahlil Gibran kasebut Widya langsung lungguh ing sacedhake Deny. Untung wae kahanan perpus nalika iku lumayan sepi. Saengga akeh papan kosong kanggo maca. Sawise lungguh ing sacedhake Deny banjur Widya ngeblak pundhake Deny. Deny kang kaget banjur ngarahake panyawange marang pawongan kang ngeblak dheweke iku.
“Hlo, dhik Widya ana apa dhik sajake kok wigati banget?”
“Iki hlo mas, aku arep ngomong ngenani perkarane kancaku si Resty lan sampeyan”.
“Gayutane ana apa kok katone wigati banget”
“Iya mas iki wigati banget kanggo kancaku Rsety”.
“Hla ana apa kok kudu kudu aku lan resty?”
“Ngene hlo mas kancaku resty iku nduweni rasa marang sampeyan, jan-jane kancaku si Resty wis menehi pratandha marang sampeyan menawa dheweke nduweni rasa seneng utawa sing luwih trep yen diarani tresna marang sampeyan dak jaluk nek sampeyan nduweni rasa kang padha klawan Resty sampeyan uga enggala ngomong utawa sampeyan nulak kudune sampeyan nulak kanthi alus saengga ora gawe cuwaning kancaku iku saliyane iku aku uga ora kepingn kancaku iku ajur IP-ne jalaran kepikiran sampeyan terus”.
“O..alah jebule iku ta perkarane. Aku dhewe jan-jane uga nduweni rasa marang kancamu nanging dina aku isih kepingin kancamu iki munjerake kawigatene marang tugas-tugase lan ora kepingin kancamu iku nglirwakake tugase”.
Weruh wangsulane deny kang kaya mangkono ku mau banjur Widya ngerti kena apa kang ndadekake Resty nduweni pandakwa tumrap Deny kang dianggep ora nduweni kawigaten tumrap dheweke. Sawise keprungu wangsulane Deny kang kaya mangkono kuwi Widya age-age ninggalake ruwang perpus iku jalaran bakal ana kuliyah. Dina candhake nalika Resty lungguhan ijen ana ing kampus weruh resty lungguh ijen Deny langsung lungguh ing pinggire Resty. Untung wae swasana kampus wektu iku rada sepi dadi ora sepiraa mahasiswa kang ndulu wong loro kuwi mau.
“Dhik, aku oleh apa ora blaka karo sampeyan?” pitakone Deny marang resty.
“Blaka marang apa hlo mas?” wangsulane Resty sajak ora ngerti.
“Aku arep blaka marang sampeyan yen sejatine aku iki tresna banget marang sampeyan. Dak suwun jembar pangapuramu awit wingi-wingi aku ora nuduhake ulat tresna marang sliramu. Aku nindakake iku kabeh jalaran aku kepingin aku ora kepingin nglirwakake sekabehaning tugas-tugasmu. Sepisan maneh dak suwun pangapuramu”.
“Dadi sing wingi iku kabeh mung sandhiwara wae ta mas? Lan sandhiwara iku kabeh sampeyan tindakake kanggo aku?”
Keprungu pitakone Resty kang pungkasan iki Deny ora semaur lan mung manthuk kanthi alon. Angin sumilir tipis nggawa gandha arume mlathi kang tinandhur kanthi asri ing pawiyatan kuwi. bocah loro iku mung meneng wae, nanging saka sunare mripat bocah loro iku katon reroncening tali asih kang suci pindha mlathi. Ati loro wis kasil manunggal dadi siji. Muga-muga tali isih iki tetep lestari lan mugiya bisa ngadhepi sekabehaning pacoban. Ing sadawane laku kang kerep ngreridhu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar