Kegawa
rasa lara ing njero atine nganti Resty ora keprungu yen HP-ne wis
bola-bali muni. Wektu HP-ne muni kang pungkasan dheweke nyaut HP kang
digletakake ing pinggire dheweke lungguh. Nalika dibukak wis ana sepuluh
es-em-es saka Widya kanca nunggal koste. Lan sepuluh es-em-es iku kabeh
isine padha. Es-em-es kang dikirim dening Widya kanca rakete mau isine
kabeh nakokake ana ngendi dheweke saiki. Apese nalika arep mbalesi
es-em-es’e Widya mau ora bisa jalaran dheweke kelalen ora ngisi pulsa
ing kiose Pak Tukit kang manggon ing ngarep kost’e. Amarga dheweke ora
bisa mbalesi kanca rakete hp banjur digletakake maneh ing papan
sadurunge. Ing njero batin Resty takon marang awake dhewe.
“Apa
pepisahan telung wulan nalika PPL iku tansah njalari Ms Deny minangka
priya kinasihe iku lali marang aku? Utawa wektu telung wulan iku wis
kasil gawe lunture rasa tresnane marang aku?” pitakon-pitakon iku
bola-bali ditakokake marang awake dhewe senajan tanpa mangerteni kepriye
wangsulane. Resty banjur nggraita marang awake dhewe. Dheweke mbenerake
ujare kandha yen priya ngono pancen gampang nglalekake samubarang
kayata ing babagan tresna. Priya gampang banget nuwuhake tresna lan
gampang nyidrani sucine katresnan iku dhewe. Dene wanita senajan angel
nuwuhake rasa tresna nanging yen wis kadhung tresna marang sawijining
pawongan angel banget ngilangake rasa tresnane. Lan tresna iku pancen
ora nywang bandha lan rupa, mung ati pawitane. Nalika Resty kegawa ing
lamunane dumadakan hp-ne muni lan nalika disawang pranyata iku telpon
saka Widya mula telpon saka kanca rakete iku enggal diangkat.
“Halo, Res saiki awakmu ana ngendi?” pitakone Widya.
“Aku ana ngarep gerbang Wid. Ana apa? Wangsulane Resty kanthi swara pedhot-pedhot.
“Hlo, awakmu kena apa Res kok sawara pedhot-pedhot kaya wong kang mentas nangis?”
“Ora, kok Wid iki mung kepedesen kok.”
“Kok dengaren awakmu gelem dolan ana gerbang lagi galau ya?” panggodhane Widya
“Ora, kok Wid iki mung pengin nentremake pikir”.
“Awakmu karo Mas Deny ye? Nek awakmu karo mas Deny aku tak ora sida mrono, tiwas aku mung dadi obat nyamuk wae hehehe”.
“Ora kok Wid, aku ijenan iki. Mreneya aku lagi butuh kanca gawe curhat”.
“Oke,
saiki awakmu ana ngarep gerbang sing sisih ndi? Tunggunen aku, aku arep
ngomong karo awakmu Res ana babagan kang wigati banget.
“Babagan apa hlo wid?”
“mengko wae tak omongi ora penak yen dakomongake lewat telpon. O, ia awakmu nang sisih ndi?”
“Aku ana gerbang ngarep Wid, cedhake bakul bakso sing lor dhewe.”
“Iya Res. Iki aku budhal.”
Ora
watara suwe Widya wis teka ing ngarep gerbang. Sadurunge dheweke
bingung nggoleki ana ngendi resty. Nanging sawise weruh bocah kanthi
nganggo jaket werna abang lan rambut dikuncrit sangisore bau, dheweke
yakin yen iku Resty. Niyate mau arep ngageti Resty nanging sawise cedhak
saka panggone Resty lungguhan dheweke weruh mripate kancane iku
kaca-kaca. Dheweke banjur nduwe panduga yen kancane mau lagi nandang
kasusahan kang banget.
“Hayo, ana apa kok katone awakmu mentas nangis maneh?” pitakone Widya sinambi lungguh lan ngrangkul kancane kuwi.
“Ora
kok. Aku ora nangis kok iki lo aku mentas kecipratan sambel mripatku”
wangsulane Resty sajak ora blaka ngenani perkara kang lagi diadhepi.
“Alah
Res..Res, awake dhewe iki lho wis ngancik enem semester kekancan,
kuliyah sagedhung lan ngekos wae uga saomah. Aku wis apal karo kabeh
karo patrapmu. Mula menawa lagi ana masalah blaka wae karo aku. Menawa
aku bisa ngrewangi ruweting masalahmu kuwi. Apa awakmu ora eling
kandhane Bu Dangu kae. Sing jarene wong sing lagi ana masalah lan mung
nyidhem masalahe kuwi bisa nuwuhake kukul. Apa awakmu pengin praupanmu
sing ayu kuwi malih metu kukule. Hiiiiiiii.......nek aku sih wegah.
Hahahaha.”
“Iya
Wid, jan-jane ngono aku lagi ana masalah nanging arep curhat menyang
awakmu kok nanging aku rumangsa sungkan marang awakmu kok saben-saben
ana masalah aku mesthi curhat menyang awakmu sing tembe mburine bakal
ngreptake awakmu Wid.”
“Alah,
Res...Res awake dhewe iki rak wis suwe kenal tur awakmu ki wis dak
anggep luwih saka sedulurku dhewe. Upama awakmu ngrasa bungah aku uga
bakal ngrasa bungah, suwalike yen awakmu ngrasa susah aku uga malah
susah jalaran aku ngrasa aku nduwe luput marang kancaku awit sipatku
utawa tumindakku kang ora mranani ing pangrasamu. Mula yen awakmu lagi
ngadhepi masalah kang abot becike enggal critaa menyang aku mbok menawa
aku bisa ngrewangi ngudhari masalahmu kuwi.”
Sawise
diajangi kancane kaya mangkono banjur Resty nyuntak sekabehane masalah
kang diadhepi marang mitrane kuwi. Widya kang ngerti ana ngendi punjere
prakara kang diadhep dening kancane kuwi mung manthuk-manthuk lan nyoba
nlesih kepriye carane amrih dheweke bisa aweh pambiyantu saengga kancane
kuwi bisa uwal saka prakara kang lagi diadhepi. Mulane mau dheweke
nggoleki Resty jalaran dheweke kepingin menehi weruh marang Resty yen
saiki Deny wis nduwe sesambungan kanthi raket marang sawijining
mahasiswa adhik angkatane. Kanggo nentremake atine kancane mau Widya
banjur kandha marang Resty.
“Wis
ta Res awakmu aja menggalih sing werna-werna dhisik, durung mesthi yen
Mas Deny tumindak kaya ngono kuwi? Sebab aku karo awakmu rak ya wis
ngerti padha ngerti yen mas Deny ngono priya kang ora thukmis.”
“Kudu
ana bukti apa maneh ta Wid? Apa iku kabeh durung menehi gambaran sing
nyata yen Mas Deny wis cidra marang janjine kang diucapke rikala semana
ing ngarep gerbang iki.”
“Ngene
lo Res, awakmu lan aku rak ya padha durung ngerti sapa sejatine bocah
wadon kuwi. Senajan dheweke iku adhik angkatane kene nanging awake dhewe
rak ya durung ngerti sapa sejatine dheweke. Mula sesuk aku nyoba takon
marang adhik-adhik angkatan liyane ngenani sapa sejatine bocah iku. Sapa
ngerti bocah iku mung pengin njaluk weruh marang Mas Deny ngenani
babagan tugas. Awakmu ngerti dhewe mas Deny ngono klebu Mahasiswa sing
pinter dadi ora mokal yen dheweke tansah dadi jujugan adhi-adhi
ankatane.”
“Alah, aku wis ora percaya maneh yen mung njaluk warah tugas wong mesra jarene bocah-bocah mesra banget kok.”
“Dadi
awakmu durung mesthekne dhewe ta? Awakmu ki aja percaya karo kandhane
bocah-bocah durung mesthi yen apa sing dikandhake iku bener. Ngene wae
sesuk dakpesthekake dhewe nek wis dakmangerteni ana apa sejatine
antarane Mas Deny karo bocah wadon kuwi awakmu lagi oleh njupuk dudutan,
apa sesambunganmu karo Mas Deny iki bakal kok terusake apa kok buyarne
iku urusanmu. Bakune awakmu kudu ngerti ana apa sejatine antarane Mas
Deny karo kenya kuwi.”
Sawise
kancane ngomong kaya mangkono Resty mung meneng wae, lan dhewke mbuwang
panyawange menyang imbang langit sisih kulon. Senajan wektu iku
srengenge wis angslub ing garbane pertiwi nanging semburat cahyane kang
ngripta laire candhikayu isih bisa kadulu. Bareng angslube srengenge
lampu-lampu kutha Surabaya wiwit sumunar nambah endahing wengi.
Mangerteni wektu wis mlebu ing wanci surub Widya ngajak Resty bali
menyang kost-kostane ing gang V Lidah Wetan. Resty kang diajak ora bisa
suwala amarga dheweke uga pengin enggal mulih menyang koste jalaran
kepingin ngrampungake tugas Apresiasi Sastra Jawa Modern kang diwenehake
dening BU Dewi esuk mau.
Dina
candhake ing kampus isih rada sepi jalaran kanca-kanca saangakatane
Resty lan Widya saperangan isih ana ing panggon PPL. Bu Dewi dhewe dina
iki ora bisa rawuh jalaran Bu Dewi ngetreni sarasehan ana ing
universitas. Kalodhangan kuwi digunakake dening Widya kanggo mangerteni
ana apa antarane Deny klawan kenya kang ujare kandha wis dadi pacar
anyare kasebut. Kebeneran wektu iku Deny kang minangka asisten dhosen
mata kuliyah sastra bandingan isih ngoreksi garapane bocah-bocah. Mula
Widya banjur natagake ati sarta lungguh ing sacedhake Deny lan takon
marang Deny ngenani kepriye sesambungane klawan Resty ing dina iki.
weruh tekane Widya ana rasa marem ing atin Deny jalaran mungguhe Deny
lumantar Widya iki bakal bisa nglurusake masalah antarane dheweke lan
Resty. Kanggone Deny siji-sijine dalan kanggo ngraketake maneh
sesambungane klawan kenya kinasihe iku mung bisa saka anane cawe-cawe
saka Widya.
Sawise
Widya lungguh ing sacedhake banjur Deny ngomong marang Widya sing
intine njaluk tulung anane cawe-cawe Widya amrih sesambungane klawan
Resty ora kepedhot ing tengah dalan.
“Dhik Wid aku oleh njaluk tulung menyang awakmu apa ora?” kandhane Deny.
“Njaluk tulung ing babagan apa lho mas?” Widya ganti takon
“Njaluk tulung ing babagan apa lho mas?” Widya ganti takon
“Ngene
hlo Wid, aku njaluk tulung menyang awakmu menehi ngerti yen antarane
aku lan Anita ngono babar pisa ora ana apa-apa dheweke iku ngono
sejatine isih dulur karo aku lan menawa Resty ngerti aku runtang-runtung
bareng klawan Anita nalika semana iku ngono disebabkake wektu iku aku
dikongkon mbaturi Anita pindah kost-kostan. Lan upama awakmu iki mengko
awakmu ora bisa ngyakinake Resty marang apa sing dakakndhakake mau aku
njaluk tulung mengko bengi jaken Resty metu menyang gapura ngarep mengko
aku dak ngomong dhewe!”
“Iya
mas, becike ya ngono sampeyan ngomong dhewe menyang Resty ngenani
kahann kang sabenere. Mengko menawa sing kadha aku Resty durung mesthi
dheweke percaya menyang aku. Lan apa sing dakkandhakake mung sawates
tembung kang nganyuwara.” Mengkono kandhane Widya marang Deny, ing atine
Widya rumangsa seneng jalaran dheweke ora perlu takon angel-angel
ngenani sapa wanita kuwi marang Deny.
Sore
kuwi bubar andhok ing warunge pak darma Widya ngajak Resty lungguhan
ing gerbang kampus. Wiwitne Resty nolak nanging sawise dijelasake dening
Widya yen wengi iki ana fenomena blue moon pungkasane
Resty gelem. Tanpa dimangerteni dening Resty dumadakan saka mburi ana
Deny sing metu saka rerungkutan kang ana ing mburine Resty. Pancen wis
wiwit mau Deny singidan ana ing papan kono. Meruhi tekane Deny kang ora
dinana-nyana iku Resty enggal mlayu nanging durung sempet dheweke mlayu
tangane wis kasil dicandhet dening Deny. Amarga kalah tenaga pungkasane
Resty mung bisa pasrah. Sawise kuwi mripat loro padha pandeng-pandengan.
Sawise kuwi Deny banjur ngomong marang Resty.
“Dhik,
mesthine sampeyan ngrasa cuwa marang aku nalika sampeyan keprungu kabar
kuwi. Aku uga njaluk ngapura marang sampeyan yen aku ora blaka menyang
sampeyan sapa sejatine kenya sing dikabarake lagi cedhak karo aku.
Sampeyan kudu ngerti kenya kuwi isih sedulur karo aku prenahe isih
ponakanku. Pancen aku sing cupet nalarku lan ora gelem menehi ngerti
marang sampeyan. Kaya dhek nalika sampeyan ngayahi PPL ing Kediri kae
aku jarang banget es-em-es utawa telpon marang sampeyan iku ngono
daktindakake jalaran aku ora pengin ngganggu sampeyan kang lagi ngayahi
tugas.”
Keprungu
Deny kang ngomong kaya mangkono kuwi Resty isih meneng wae tanpa
kumecap apa-apa. Amarga rumangsa Restu durung menehi pangapura marang
dheweke banjur deny nerusake anggene ngomong.
“Dhik,
ngertenana nganti seprene ora ana siji-sijiya wanita sing bisa ngganti
sliramu saka telenging atiku. Sampeyan dhewe mesthine isih eling janji
kang dakucapake rikala semana ing ngarep gerbang iki ngucap prasetya
marang sliramu. Kembang-kembang mlathi kuwi isih werna putih lan suci
semono uga tresnaku marang sampeyan”.
Keprungu
kandhane Deny kang pungkasan iku banjur Rsety ambruk ing rangkulane
Deny. Mripate katon kaca-kaca lan dheweke ora ngomong apa-apa kajaba,
“Mas, apuranen aku sing wis ora percaya karo sampeyan”.
“iya dhik padha-padha” sambunge deny.
Kekarone
padha rangkulan kanthi raket banget. Fenomena blue moon sidane wengi
iki kedadeyan tenan. Ing langit mbulane katon moblong-moblong. Wengi
kang sampurna banget kanggone Deny lan Resty sarta sok sapa wae kang
gelem ngeningake cipta ngresepi anugrah kang wis diwenehake dening
Gusti. Gandha arum lan sucine mlathi kuwi tansah nggambarake tresna kang
ana ing atine titah kaloron kang lagi ketaman asmara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar