Jaman biyen ing sawijining kraton ana tukang kayu kang pinter banget. Wis atusan bangunan kang kasil diripta dening tukang bangunan iki. sawise puluhan taun makarya ing kraton, tukang kayu iki mau pengin pensiun. Jalaran tukang kayu iki mau kepingin enggal pensiun saengga bisa nglumpuk bareng kaluwargane. Dheweke uga ngerti yen dheweke pensiun tegese dheweke bakal kelangan pangupa jiwa kanggo kaluwargane nanging dheweke wis ora bisa nglawan lakune umur sing saya suwe saya ngurangi tenaga lan kekuwatane. Sawise nimbang apik lan orane yen dheweke kudu pensiun banjur dheweke nemoni sang Prabu kanggo njaluk palilah amrih dheweke bisa pensiun.
Keprungu panjaluke Tukang Kayu mau sang Prabu sungkawa banget jalaran yen tukang kayu mau pensiun kraton bakal kelangan salah siji tukang kayune kang paling manjila. Wekasane Prabu gelem ngidini tukang kayu kinasihe mau pensiun. Pikantuk palilah saka sang Prabu kanggo pensiun senenge tukang kayu mau ora njamak. Sawise ngaturake rasa panunuwun marang sang Prabu tukang kayu mau nyuwun pamit ninggalake pasamuan kuwi. Nanging nalika tukang kayu mau jumangkah ninggalake pasamuan kuwi. dheweke ditimbali dening Sang Prabu.
“Wak Braja, kowe oleh pensiun nanging kowe kudu netepi panjalukku” ngendikane Sang Prabu.
“Inggih Gusti, menapa mawong ingkang Gusti kersaken kula sanggup nindakaken.”
“Yen, ngono kowe kudu nggawekake omah kang paling apik. Perkara bahan, model lan wektu kanggo ngrampungake dakpasrahake marang kowe kabeh. Aku pokok ngerti bangunan kuwi mari lan kowe bakal dakidini pensiun” ngendikane sang Prabu.
Keprungu panjaluke sang Prabu mau tukang kayu sing jenenge Wak Braja seneng banget atine. Jalaran dheweke mung kudu nggawekake omah sakarepe dhewe. Ngenani bahan kang digunakake dheweke bebas milih dene wektu kanggo ngrampungake uga dibebasake. Iki cetha beda banget klawan panjaluke Prabu sing sadurung-durunge. Mbiyen nalika dheweke durung ngajokake pensiun sang Prabu mesthi nduweni panjaluk kang aneh-aneh lan kanggo ngrampungake apa kang dikersakake Prabu iku mau kabeh kudu cepet. Mula ora nggumunake yen saperangan wewangunan kang ana ing kraton iki ora bakal ditemokake ing kraton-kraton liya ing tanah jawa. Saliyane iku Wak Braja uga seneng jalaran wektu kanggo ngrampungake panjaluke Prabu mau ora winates tegese dheweke ora perlu nglembur nanti bengi-bengi kaya sing wingi.
Ora kaya padatane Wak Braja ora enggal-enggal nindakake apa kang dikersakake dening Gusti junjungane kuwi. Dina-dina sawise pasamuan wingi kuwi Wak Braja mung leyeh-leyeh ing omah. Banjur yen sore dheweke mancing ing kali. Saben dina kang ditindakake mung ngono wae mung kala-kala dheweke saba menyang pasar kanggo golek bahan kang bakal digunakake kanggo netepi janjine marang junungane.
Sesasi candhake saka pasamuan nalika dheweke ngajokake pepinginane kanggo pensiun Wak Braja miwiti anggene mbangun apa kang dikersakake dening sang Prabu. Emane nalika miwiti mbangun apa kang dikersakake dening sang Prabu iki beda banget karo sing ditindakake dening Wak Braja ing padatane. Yen ing padatane sadurunge mbangun sawijining bangunan Wak Braja tansah nyeyuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Welas Asih amrih nalika ngripta bangunan iki tansah tinebihake saka sekabehane bilahi. Saliyane iku yen ing padatane Wak Braja mesthi milih barang-barang kanthi kwalitas nomer siji dene ing wektu iki anggene milih barang-barang kanggo bangunan kang bakal diripta mung asal-asalan. Ora mung cukup semono wae cara kang ditindakake dening Wak Braja kanggo mungkasi pakaryan kang puluhan taun ditindakake, dheweke katon aras-arasen kanggo ngripta bangunan kuwi. Ora katon semangate kaya nalika mbangun apa kang dikersakake Prabu ing dina wingi-wingi.
Pakaryan sing biyasane bisa dirampungake sewulan iki malah dirampungake kanthi wektu telung sasi. Sawise apa kang dikersake dening sang Prabu iku mau rampung. Wak Braja ora enggal-enggal nglaporake menyang Prabune. Dheweke mbaleni maneh apa kang ditindakake sadurunge mbangun bangunan kuwi. saben dina kang ditindakake mung mancing lan lemah-lemah ing omahe. Meruhi apa kang ditindakake dening sisihane kang kaya mangkono kuwi suwe-suwe Nyi Braja rumangsa risi. Pungkasane dheweke ngakon amrih Wak Braja enggal nglaporake asil kerjane marang sang Prabu. Wiwitane Wak Braja pancen nolak nanging sawise dipeksa denng sisihane kuwi ak Braja ora kumawa nolak panjaluke sisihane jalaran anggene meksa dheweke dirwangi kanthi nangis-nangis barang.
Sesuke Wak Braja ngadep menyang Prabu junjungane lan ngaturake yen apa kang dikersakake dening junjungane mau wis kasil dirampungake. Nanging mane dina kuwi Wak Braja ora bisa ketemu klawan Sang Prabu jalaran junjungane kuwi lagi ana urusan menyang kraton liya. Wekasane dheweke murungake niyate kanggo nglaporake asil karyane kuwi. satekane ngomah Wak Braja ditakoni dening sisihane.
“Piye, kang wis laporan menyang sinuwun Prabu?”
“Durung, Nyi. Sinuwun lagi ana urusan ing kraton liya.”
“Suk-suk wae lo nyi anggenku nglaporake!”
“ora isa kang pokoke sampeyan sesuk kudu menyang kraton maneh.”
“Wegah Nyi kesel aku jikan.”
“Piye, kang ora gelem. Iki ngono dudu panjalukku nanging iki panjaluke anakmu sing lagi dakkandhut, apa sampean kepingin nduwe anak sing ngileran jalran panjaluke ora dituruti.”
“Apa Nyi, dadi sampeyang lagi nggarbini. Matur nuwun Gusti sampun Panjenengan kabulaken donga kula.”
Sesuke tanpa dikongkon dening sisihane Wak Braja budhal menyang kraton tekane Wak Braja dipapag dhewe dening sang Prabu dhewe. Sawise ngandharake apa kekarepane menyang Prabu pungkasane sang Prabu nyoba niti pirsa asil garapane Wak Braja. Sang Prabu kaget banget nalika nyuwurupi asil garapane Wak Braja naning rasa kagete mau dening sang Prabu tansah didingitake. Sarampunge kuwi Sang Prabu ngajak Wak Braja bali menyang kraton. Ana ing kraton sing kaget ganti Wak Braja jalaran nalika ing kraton Sang Prabu ngendika yen omah iku dipasrahake kanggo Wak Braja lan minangka bebana saka anggene ngabdi menyang kraton sawise mataun-taun. Senajan ing tata lair wak karja ngaturake panuwun menyang bendarane nanging ing ati wak braja tansah ngrasa getun kena apa dheweke ora nindakake apa kang dikersakake dening sang prabu kaya sing wingi-wing. Saiki sing ana mung getun lan getun tibane mung ana ing mburi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar