Rabu, 23 Oktober 2013

Piwulang Saka Semut



Wis sawetara dina iki Kiky anake Pak Danar katon ora padha karo padatane. Yen biyasane polate katon sumringah nanging pirang-pirang dina iki ora. Bocah umur sepuluh taun iku praupane katon mbesengut terus. Semono uga  kamare sing biyasane tumata kanthi becik lan rapi pirang-pirang dina iki katon pating slengkrah. Apa maneh sikape menyang adhike uga wis malik grembyang. Saben-saben ditakoni adhike ngenani apa wae wangsulane mesthi senggol lan kadhang kala adhike sing jenenge Bayu kuwi diseneni senajan ora nduweni luput menyang dheweke.
Meruhi babagan kang kaya mangkono wiwitane bapake mung menengake, bapake nduwe pandakwa yen Kiky lagi nduweni masalah karo kancane sekolah. Nanging bareng ditokake sawetara dina polate Kiky tetep wae. Mula ing sawijining sore nalika Pak Danar lagi maca koran ing lincak kang ana mburi omah ndangu anake wadon kuwi.
“Ki, Kiky coba mrenea sedhela wae bapak arep takon marang kowe?”
Kiky kang lagi ana kamare wiwitane ora keprungu pandangu bapake merga dheweke lagi asyik nggambar. Nanging bareng pitakone bapake iku diambili maneh Kiky langsung mbukak lawang kamare lan langsung mlayu menyang mburi omah. Sawise teka ing mburi omah Kiky banjur mangsuli pitakone bapake.
“Inggih, pak wonten napa nggih?”
“Kene, kene coba lingguha sing kepenak cedhak karo bapak kene!” panjaluke Pak Danar.
Sawise Kiky lungguh banjur Pak Danar mbukani rembug sore iku.
“Ngene hlo Ki, pirang-pirang dina iki bapak nguwasi ana owah-owahan tumrap sikapmu. Coba blakaa marang bapak ana apa satemene. Apa awakmu ana masalah karo kancamu ing sekolahan utawa ana bab kang ora kepenak sing kok rasakake.”
Keprungu pitakone bapake kasebut Kiky mung meneng wae. Sabanjure Pak Danar nerusake anggene takon marang anake sing sore iku tangane gliprut cat minyak.
“O..iya saliyane iku bapak uga weruh sikapmu marang adhimu uga wis malik grembyang. Apa wae sing ditindakake dening adhimu kayake mungguhmu ora bener kabeh.”
Sepisan iki maneh Kiky tetep ora gelem mangsuli pitakone bapake. Dheweke mung ndingkluk wae tanpa wani nyuwara apa-apa jalaran dheweke wedi yen bapake bakalan duka marang dheweke.
Meruhi anake kang ora wani mangsuli pitakone Pak Danar golek cara liya amrih anake sing mbarep kuwi gelem blaka ngnenani perkara kang lagi diadhepi. Satemene Pak Danar dhewe wis ngerti apa kang lagi dialami dening anake kuwi. Nanging wektu iku Pak danar pengin yen anake kuwi gelem blaka ngenani perkara kang lagi diadhepi lan meruhi yen iku ngono cara ngadhepi perkara kang salah.
Koran kang wiwit mau dicekel dening Pak Daar sawise rampung anggone maca banjur dilempit lan diselehake ing meja kang ana sacedhake lincak kang ana ing mbur omah kuwi. Sawise iku Pak Danar jumeneng lan mlaku tumuju menyang wit pelem kang ora adoh saka lincak. Ing kono pak danar weruh ana sawetara semut kang lagi ngrubung permene adhike Kiky kang ceblok awan mau. Meruhi semut kang ngrubung permene adhike Kiky kang ceblok iku Pak Danar mesem lan ora watara suwe nimbali Kiky.
“Ki, coba mrenea iku ana apa, kok apik temen ya?”
“Pundi hlo pak, kula kok mboten sumerap napa-napa?”
“Iki hlo, wah jian apik temen, coba awakmu mrenea sawangen kanthi trawaca” sinambi nuding wit pelem.
Weruh bapake nuding wit pelem Kiky langsung nyedhaki lan ndulu apa kang dituding dening bapake. Sawise wis cedhak banjur Kiky takon menyang bapake.
“Pundi hlo pak?”
“Iku hlo Ki, mosok awakmu ora weruh?” sinambi nuding arah semut kang lagi nggotong permen menyang sarange.
“Niku rak nggih semut ingkang nggotong permene adhik kang dhawah wau ta pak?”
“Iya, bener Ki, nanging awakmu ngerti ora piwulang kang bisa didudut saka kono?”
“Mboten pak” wangsulane Kiky sinambi nggelengake sirahe kanthi alon.
Meruhi apa kang ditindake dening anake iku Pak Danar mesem maneh. Sawise iku Pak Danar ngandharake sasmita apa kang sumimpen ing kedadeyan sore iku.
“Yen awakmu ora ngerti, iki bapak arep njelasake marang awakmu ngenani sasmita apa kang sumimpen ing kedadeyan kuwi. Nanging syarate mengko sawise bapak njelasake awakmu kudu gelem blaka ngenai perkara kang lagi kok alami lo ya!”
“Inggh, Pak.” Wngsulane Kiky alon.
“Ngene ya Ki, semut iku mung kewan cilik lan sawangen kuwi senajan semut kuwi ceblok saka pange wit pelem kanthi bola-bali semut kuwi tetep ngupaya mrambat ana ing wit pelem kuwi kanthi pangajab bisa nggawa panganane tumuju menyang sarange. Iku ngono mertandhakake yen semut ngono nduweni sipat pantang menyerah. Mula saka iku awake dhewe minangka makhluk kang paling minulya aja nganti kalah karo semut.”
Kiky sing keprungu apa kang diandharake dening bapake iku katon isin. Dheweke rumangsa wis kalah karo semut. Mula sawise bapake rampung ngandharake sasmita ngenani semut kasebut dheweke banjur blaka suta ngenani perkara kang lagi diadhepi.
“Ngeten hlo pak, sejatosipun kula kepingin saged pinter nglukis  kados Rendra kanca kula nika nanging sampun bola-bali nyobi kula tetep mboten saged lan kula rumaos yen napa ingkang ditindakaken dening adhik punika tansah ngganggu konsentrasi kula. Mula kula kerep srengengen kaliyan adhik pak. Menawi ngoten kula tak mandheg mawon pak anggen kula sinau nggambar amargi kula rumaos mboten gadhah bakat nggambar.”
Keprungu anake gelem blaka Pak Danar marem nanging piyambake ora sarujuk marang kekarepane Kiky sing bakal mandheg anggone sinau nggambar. Banjur pak danar nerusake anggene ngomong.
“Hlo, kok mandheg iki piye ta? Apa awakmu pengin kalah karo semut?”
“Mboten Pak” wangsulane Kiky.
“Hla, iku mau awakmu arep mandheg anggonmu sinau nggambar iku ngono teese awakmu wis kalah karo semut. Yen awakmu ora kepengin kalah karo semut terusna anggenmu sinau sauger sikapmu sing kaya wingi kuwi owahana. Lan aja gampang nyeneni adhimu jalaran adhikmu kuwi isih cilik lan durung pati ngerti endi sing bener lan sing salah. Mula minangka mbakyu awakmu kudu bisa mbimbing adhimu lo ya ora malah nyeneni kaya wingi ngono kae! Piye awakmu saguh apa ora?”
“inggih Pak, kula saguh.”
Ora watara suwe keprungu swara adzan saka radio kang diputer ibune lan ora watara suwe ibune kang lagi nggendhong Bayu ngundang Pak danar lan Kiky kanggo nindakake buka pasa. Kekarone sawise keprungu undang-undange ibune enggal jumangkah ninggalake papan kasebut. Saka praupane Kiky sore iku katon ana sing beda, kiky wis bali sumringah kaya wingi uni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar