Samungkure lomba kang dianakake
kanggo mengeti kamardikan negara Indonesia wulan wingi ana polatan beda kang
dituduhake dening Widya. Ing lomba nari kang dianakake sekolahane wingi Widya
mung kasil pikantuk juara harapan III. Kamangka ing lomba-lomba tari kang
dianakake sadurunge biyasane Widya bisa ngrengkuh asil kang luih apik yaiku
kasil bisa mlebu tiga besar. Saka
anggone kalah nalika lomba kang dianakake ing wulan wingi kuwi saiki Widya malih
dadi bocah kang sugetan.
Dheweke saiki gampang banget nesu.
Mbuh iku karo kaluargane mligine adhike kang isih cilik uga nesu marang kabeh
kancane. Senajan kancane iku mung guyon nanging anggone nangkep guyon kang
ditindakake dening kancane Widya nganggep guyone kancane iku temenan.
Wiwitane pancen bapak lan ibune mung
ngejarke wae owah-owahan kang dumadi ana ing anake kasebut. Bapak lan ibune
wiwitane apa kang dumadi marang anake kasebut lumrah. Nanging sawise wis ana
sewulan saka sawise anggone kalah nalika lomba nari kasebut baka lan ibune ngrasa
sumelang. Jalaran saiki Widya wis ora gelem latian nari maneh. Kamangka biyen
nalika durung melu lomba iku dheweke sregep banget anggone latian nari.
Saliyane latian nari ana sanggar dheweke uga latian nari marang bulike kang
nduweni kaprigelan nari.
Wis bola-bali bapak lan ibune
ngomongi amrih Widya gelem nari maneh. Jalaran arepa kaya ngapa sing jenenge
kaprigelan kayadene kaprigelan nari yen ora dilatih terus mesthi wae bakate mau
ora bakal ngrembaka lan kepara bakate mau bisa-bisa ora katon maneh. Wiitane
bapak lan ibune ngomongi anake kasebut kanthi cara kang terang-terangan sing
isine njaluk supaya Widya gelem latihan nari maneh. Nanging apa kang dijaluk
dening bapak lan ibune iku mau ditolak. Kaya kedadeyan kang dumadi ing sore
iku.
“Wid, bapak kok is suwe ora weruh
awakmu latian nari maneh ta?” pitakone bapake.
“Mboten pak, percuma mawon kula
sregep latian yen wekasane wonten lomba wingi kula kalah kalian kanca kula
ingkang mboten nate latian pak” ujare Widya.
“Tapi kan ya ora kena ngono hlo nduk.
Sing jenenge kaprigelan kuwi yen ora dilatih kanthi teratur mesthine kaprigelan
kang kokduweni iku ora bakalan ngrembaka” tambahe bapake.
“Ah, mangke-mangke mawon pak, menawi
badhe wonten lomba mawon kula kebut anggen kula latian. Napa malih kula mireng
kabar ngenani menangipun Resty wonten lomba wingi menika jalaran Resty menika
sedheripun salah setunggiling guru wonten sekolahan kula pak. Mula saking niku
para juri langkung milih Resty ingkang dados juara.”
“Hlo, awakmu kok malah nduweni
pangrira kaya mangkono ndhuk. Resty juara iku pancen anggone nari wektu iku
luwih luwes tinimbang peserta liyane. Mula pantes yen para juru milih Rsty sing
dadi juarane.”
Sawise bapake Widya ngomong kaya
mangkono Widya mung meneng wae lan ora
njawab apa kang dikandhakake dening bapake. Sabanjure Widya diceluk dening
ibuke amrih ngewangi ibuke kang nyepakake dhaharan sore.
Nalika Widya menyat ninggalake teras
ngarep bapake banjur mbatin lan mikir kudu golek cara liya kanggo nyadharake
Widya yen apa kang ditindakake iku ora apik. Bapake ngert yen anake kuwi nduwe
bakat nari kang gedhe lan kudu terus diasah kaprigelane. Wekasane bapake nemu
cara kanggo nyadharake Widya lan cara iku bakal ditrepake mengko bengi.
Bubar mangan bengi kaya padatane
kabeh kaluwargane Widya mesthi ngumpul ana ing ruwang kaluwarga. Bapake Widya
maca koran, ibuke nglempiti klambi dene Widya lagi nyorat-nyoret buku gambare.
Nalika Widya lagi asyik anggone
nggambar dumadakan bapake takon marang anake.
“Ndhuk sesuk rak ya liburan, awakmu
kira-kira repot apa ora?” pitakone bapake.
“Mboten pak. Wonten napa nggih?”
“Nek awakmu ora ana acara sesuk ayo
melu bapak mancing yuyu kang ana ing tambake pakdhe Harun!” pangajake bapake.
“Saestu pak? Nggih kula purun kula
sampun dangu mboten maem yuyu. Bu, mangke njenengan masakaken yuyu kados
rumiyin nggih!”
Ibune sing meruhi kelakuane anake
kang kaya mangkono kuwi mung mesem wae. Dene widya sing keprungu pangajake
bapake kuwi katon seneng banget. Jalaran wiwit cilik biyen dheweke kuwi seneng
banget maem nganggo lawuh yuyu tambak. Sesuke isih esuk banget Widya wis tangi.
Lan sawise adus sarta sarapan Widya langsung mbonceng ana mburine bapake.
Sawise teka ing tambake Pakdhe Harun
piranti kanggo mancing yuyu kuwi ditokake dening bapake saka wadhahe. Sawise
pirantine dipasang banjur bapake Widya nguncalake pancinge menyang tambak.
Weruh cara mancinge bapake kang kaya mangkono kuwi Widya ngrasa nggumun banjur
takon menyang bapake.
“Hlo pak kok pancinge namung mekaten
napa nggih saged angsal yuyu?” pitakone Widya.
“Ya, genah isa ta. Awakmu mesthi
bingung ya weruh piranti pancing sing digunakake dening bapak.”
“Inggih pak.”
“Sik delengen kanthi premati mengko
yen wis oleh yuyu bakal dakcritane kena apa pancing sing digunakake dening
bapak mung kaya ngene.”
Ora watara suwe bapake Widya kasil
ngangkat yuyu sing lumayan gedhe. Bareng diangkat yuyu mau banjur diwadhahi ana
panci. Kaya janjine mau bapake Widya banjur crita ngenani piranti pancing sing
digunakake kuwi.
“Ngene ya ndhuk bapak nggunakake
piranti kaya mangkene iki jalaran bapak wis ngerti sipate yuyu. Yen pengin
mancing yuyu ngono sejatine ora perlu nganggo pakan kang neka-neka. Cukup
nganggo pring, tali, lan watu. Watu sing bapak daktalekake ana pancinge bapak
iku sengaja dipasang kanggo ngganggu yuyu. Saka anggone keganggi dening watu
iki mau yuyu kasebut bakal njepit taline kanthi rosa lan sawise iku kari diangkat
wae. Mulane awakmu aja kaya sing gampang nesu jalaran nesu iku mebayani banget”
kandhane bapake.
Keprungu apa sing dikandhakake
bapake kasebut Widya mung meneng wae. Dheweke mung mbatin lan ngrasakake apa
sing wis ditindakake sawetara dina iki pancen salah. Dheweke kerep
uring-uringan tanpa sebab. Ing njero atine dheweke nduweni tekad ora bakal
gampang nesu maneh. Samungkure kuwi sawise dirasa cukup anggone mancing bapak
lan anak iku banjur mulih. Ing panci iku ana yuyu cacah rong puluh lan wis dirasa
luwih saka cukup yen mung digawe lawuh dina iki.
Satekane ngomah yuyu mau banjur
dideleh ana pawon. Wektu ndeleh ana pawon iku Widya ndelok kelakuane yuyu mau
kanthi premati. Ing atine nggumun kena apa yuyu iku ora ana sing kasil bisa
metu saka panci kuwi. Kamangka yen miturut pamikire mesthine yuyu kuwi bisa
ucul kanthi gampang.
Weruh anake kang ndulu yuyu mau
kanthi premati ibuke sing nyawang tumindake anake kawit mau banjur ngomong
marang anake.
“Ndhuk, mesthine awakmu bingung kena
apa yuyu iku ora bisa metu?”
“Inggih bu. Kula bingung kenging
menapa yuyu mau mboten saged medal saking panci kamangka miturut kula mesthine
yuyu niki lak nggih saged ucul kanthi gampang” ujare Widya.
“Ngene ya ndhuk dakkandhani.
Sejatine yuyu iku bisa wae ucul kanthi gampang. Ananging anane yuyu mau ora
bisa ucul jalaran iku kabeh merga sipat iren kang diduweni dening yuyu iku
dhewe. Coba delengen saben-saben ana kancane kang arep metu yuyu sing sijine
mesthi nggandholi utawa nggeret siji kan sijine. Iku ngono ditindakake yuyu-yuyu
kuwi jalaran kewan yuyu iku padha nduweni sipat iren marang siji lan sijine.
Ora seneng yen ndeleng kancane kasil mungah saka panci iki. Mula ibu njaluk
menyang awakmu aja dadi kaya yuyu sing nduweni sipat iren ya ndhuk” panjaluke
ibuke marang anake.
“Inggih,Bu” wangsulane Widya.
Sawise keprungu apa kang
dingendikake dening ibuke iku mau Wdya sadar yen anggone ora gelem nari iku
sejatine adhedhasar rasa iri marang Resty sing wis kasil ngrengkuh juara nalika
ana lomba kang dianakake ing sekolahe wingi. Mula sawise ngerti apa kang
dingendikake dening bapak lan ibuke kasebut dheweke ngrasa yen sasuwene iki
dheweke wis tumindak kayadene kang ditindakake dening yuyu. Amarga dheweke ora
gelem kaya nasib kang bakal tumiba marang yuyu banjur dheweke nduweni tekad
bakal ngrubah sekabehane sikape sing sasuwene iki mung ngrugekake awake dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar