Rabu, 23 Oktober 2013

Sapejagong Klawan Angin



Samungkure maca tulisane Soe Hok Gie sawijining aktivis Indonesia ing antarane taun 1960-an aku dadi ngrasa apa kang dirasakake dheweke. Ing salah sawijining tulisane dheweke nulisake “Happy is the people without history” kang dijupuk saka cathethane Dowson. Tulisan kasebut upama dijarwakake ngandhut isi “seneng iku mung kanggo pawongan kang ora nduweni sejarah”. Saka tulisan kasebut banjur aku ngrasa yen Soe Hok Gie lagi ngrasa rasa sepi kang gedhe banget ing njero atine.
Menawa rasa sepi sepa kaya kang lagi dakrasakake iki sing ndadekake Soe Hok Gie nulis cathtethan kasebut ing sawetara kapungkur sadurunge dheweke nemahi pati ing pucuking semeru, gunung paling dhuwur ing pulo Jawa. Senajan kadhang kala ing antarane sepi bisa nuwuhake inspirasi sarta bisa dadi sarana kanggo instropeksi dhiri nanging rasa sepi kang terus ngreridhu kaya mangkene uga ora kepenak dadine.
Nganti seprene aku isih durung mangerti apa ing antarane sepi lan ngundhuh wohing pakerti iku nduwe sesambungan aku dhewe uga ora bisa mangsuli. Sebab, saben-saben aku takon marang pawongan kang daktemoni kabeh ora ana sing gelem mangsuli. Yen wis kaya mangkono kang dumadi aku mung bisa crita marang angin kang nganti seprene isih setya ngiring jangkahku lan mungkure candhikala sawise kasil mapag wengi.
“Ah, apa pancen manungsa iku ora oleh nindakake salah” takonku marang angin ing sawijining sore.
Angin sing daktakoni uga ora bisa mangsuli pitakonku. Dheweke mung sumilir kanthi lembut ngaras rambutku kayadene arasan astane simbok nalika aku arep turu ing wektu-wektu kapungkur. Urip ing pangumbaran lan adoh saka ngomah iku pancen ora kepenak, nanging masiya kay minangka  mangkono kahanane tetep kudu daklakoni sebab menawa kanthi cara kaya mangkono aku bisa netepi garising pesthi. Saben-saben aku ngrasa sepi sumusup ing pulunge ati aku tansah kelingan marang tulisan mau. Menawa  iki kang bakal dadi dalanku nulisake sejarah sing ing tembe mburine bisa diwaca dening anak putu.
Ing sawijining sore kaya padatane nalika bebarengan angin mapag tekane candhik ala sinambi nintingi sepi aku kaya-kaya oleh bisikan saka angin sing isine ngandharake yen saben-saben pawongan kang jumangkah ing alam donya iki kebak dening pandakwa. Wiwitane aku babar pisan ora mangerti apa kang dikandhakake dening angin marang aku kasebut.
Nanging sabubare candhikala bali mulih sawise kasil kasingkur dening wengi. Aku wiwit mbatin lan golek pangerten ngenani pandakwa kaya kang dikandhakake dening angin marang aku. Nalika hawa tansaya atis lan nggawa wewangi saka taman mlathi kang ana ing plataraning omah gedhe kang magrong-magrong ing kidul bale desa. Tanpa daknyana angin nggeret tanganku mumbul dhuwur menyang sawijining papan kang durung nate daktemoni babar pisan.
Anehe ing papan kono aku bisa ndulu sekabehaning kahanan tanpa ana sing mangerteni dumunungku. Saengga aku bisa weruh tumindakake pawongan kasebut kanthi asli tanpa ana siji-sijiya kang ditutupi. Saka sekabehane sesawangan kang dakweruhi ing kono aku dadi mbenerake apa kang dikandhakake dening angin ing sawetara kapungkur yen manungsa urip iku kebak dening pandakwa.
Ngene larah-larahe nganti aku nduwe panemu kaya mangkono. Ing sawijining perangan papan kang daktekani iku aku weruh sawijining pawongan tilas narapidana kang pengin nyoba nyawiji klawan masyarakat. Sing ndadekake ewuh ing kedadeyan kasebut yaiku masyarakat wis ora gelem nampa pawongan kasebut jalaran weruh cathethan sejarah diduweni dening pawongan kasebut. Senajan ing batine pawongan kang tilas narapidana kasebut wis tuwuh tekad ora bakal ngambali maneh tumindake kang nrejang norma-norma lan paugeran kang ana ing masyarakat nyatane masyarakat tetep kukuh ora gelem nampa pawongan kasebut. Saperangan masyarakat kang nulak pawongan kasebut ana sing mung meneng tanpa ana ukara sing kawetu. Ing perangan masyarakat liya ana sing tega kandha “Dijarne wae amrih dheweke bisa ngundhuh wohing pakerti”
Keprungu apa kang dikandhakake dening pawongan kasebut aku dadi ngrasa kena apa pandakwa iku luwih kejem tinimbang peluru utawa lading. Yen ta lading utawa peluru upama ditamakake marang manungsa sing bisa ngrasakake lara iku rak mung sawates raga wae. Beda dene yen iku pandakwa, samesthine iku upama ditamakake marang manungsa sing bisa ngrasakake lara mesthine ora mung raga wae nanging uga batin.
Kaya kang wis dimangerteni yen larane batin iku luwih lara tinimbang larane raga. Larane raga bisa mari nanging larane batin kadhang kala bisa nganti digawa nganti tumekaning pati. Yen ing kasunyatane ake pawongan kang nduweni pandakwa ala tumrap mantan narapidana sarta anane panemu “amrih ngundhuhing pakerti” kaya kang dumadi ing papan kono aku dadi mbatin kudu menyang ngendi pawongan kasebut njangkahahe lakune?
Menawa yaiku sing jalari akeh para narapidana ngambali maneh lelakone kang kliru. Sejatine dheweke wis nduwe tekad bakal ngrubah uripe kanthi nindakake cara kang bener lan pengin diakoni dening masyarakat minangka pawongan anyar tanpa kudu ndulu apa kang nate dumadi ing wektu kawuri. Nanging yen ora mangerti cathetane ing wektu kawuri mesthine akeh manungsa sing ora bisa siyaga yen ing sawayah-wayah pawongan kasebut tuwuh niyat durjanane sing pengin milara masyarakat ing wektu-wektu tartamtu.
Ah, embuh dadi manungsa iku pancen angel.
Sawise tutug anggenku weruh sesawangan ing kono angin bali nggret tanganku menyang perangan liya. Ing papan kono aku weruh sesawangan kang ndadekake aku kaget banget. Ing kono aku weruh pawongan kang blegere, dedeg piyadege lan swarane mirip banget klawan aku.
Nalika angin nggeret tanganku saya cedhak tansaya katon kanthi cetha yen pawongan kasebut mirip banget aku. Ora watara suwe katon wewayangane sawijining kenya kang ora bisa daklalekake. Wewayangane kenya iku tansah ngelingake aku marang sawijining kenya kang wis kasil mbangun prasasti kanti wujud tatu kaya dene tatu kang ana ing pulunge atiku. Biyen nalika sepisan ketemu klawan kenya iku aku ngira ya kenya iku kang bakal aweh tentreming atiku nalika nepaki gorehing ati lan jiwaku. Nanging apa kang dumadi ing kahanane kabeh suwalike.
“Oh, Olivia kenapa slirane tega tumindak kaya mangkene wong manis.”
Ngenani apa kang dumadi ing sore iku jebule angin pengin ngajak aku meruhi apa kang sejatine dumadi. Pancen ing papan kene aku dadi bisa maca sarta ngerti apa kang ana ing batine pawongan siji lan sijine. Aku dhewe ora mangerti aku iki ana ngendi. Nanging ing papan kene aku ngrasa tentrem lan ayem. Ora ana maneh rasa sepi kang kaya dakrasakake saben dina.
Bali maneh menyang sesawangan kang dakweruhi ing ngarepku. Lelakon kang ditindkake dening pawongan sakloron iku aku eling banget jalaran aku dhewe uga wis nate ngalami lelakon kang kaya mangkono. Nanging sing mbedakake yaiku ing titi wanci iki aku bisa maca sarta meruhi apa kang ana ing njrone ati kekarone.
Ing njero atine wong lanang kang mirip aku kuwi aku bisa weruh yen apa sing dirasakake dening pawongan kasebut padha dene kang dakrasakake nalika ngalami kedadeyan kasebut. Ing batine tuwuh pengarep-arep yen kenya kang ana ing ngarepe iku bakal dadi sumber semangat lan tansah gelem ngrungu sekabehane crita lan lelakone.
Nanging saiba kagetku nalika weruh apa kang ana ing batine kenya kasebut, sawise weruh apa kang sumimpen ing atine kenya kasebut aku dadi mbatin apa iki kang uga ana batine Olivia ing wektu-wektu kuwi. Aku dhewe uga durung bisa mesthekake. Ing batine kenya kuwi aku bisa maca yen pawongan kaya kang ana ing ngarepe iku mung pantes diwenehi pengarep-arep bakal bisa ngrengkuh dheweke. Sebab, saka anane pengarep-arep kaya mangkono apa kang dadi pepinginane kenya kasebut bakal bisa kasembadan. Saka kono aku uga ngrasa yen biyen Olivia uga nate tumindak kaya mangkono. Olivia seneng banget menehi pengarep-arep marang aku senajan sekabehane janji-janjine iku wekasane aku ngerti yen kabeh palsu.
Bubar kedadeyan iku banjur ana owah-owah gedhe dumadi marang aku. Aku wis ora ngrasakake sepi maneh senajan tanpa ana esemane Olivia. Jalaran samungkure kedadeyan kasebut aku bisa cecaturan klawan angin ngenani apa kang dumadi ing sajembare donya. Ngenani apa kang dumadi sadurunge aku bisa cecaturan sapejagongan klawan angin aku ora eling apa-apa. Sing dakelingi mung  aku lungguh ijen ngenteni tekane candhikala ing sawetara sore. Saliyane iku aku wis ora eling apa-apa.
Mung wae ing sawijining sore ing sawijining papan kang kebak dening ganda wewangi lan kembang-kembang ana gundukan lemah kang ing kono ana sawijining tugu kang ngukir jenengku. Ing sapejagonganku klawan angin sarta candhik ala siji mbaka siji katon wewayanganing pawongan kang padha ngatonake tangis palsu amarga kelangan aku. Kanthi linair pawongan kasebut rumangsa kelangan banget mitra kang ditresnani. Nanging adoh ing puung atine aku ngerti yen pawongan kasebut ngrasa kelangan banget jalaran wis ora ana maneh pawongan kang bisa dimanfaatake kayadene kang dikarepake. Saka sapejagongan sore iku aku uga weruh wewayangane  Olivia. Dheweke uga ngatonake tangis palsu ing sangarepe maesanku naging aku ngerti adoh ing batine kana dhewe nangis merga ora ana maneh pawongan sing saguh nyembadani pepinginane kayadene aku nyembadani sekabehane pepinginane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar