Wis dadi adate bocah
kost-kostan yen kudu ngirit sangu kiriman saka ngomah. Apa maneh yen isih
kuliyah lan durung nyekel gawe babar pisan. Lan kuliyahe iku ing sawijining
kutha sing gedhene kaya Surabaya. Apa-apa kudu mbayar, pancen yen dipikir-pikir
ngono pancen luwih penak kuliyah ana ngomah. Saliyane bisa luwih ngirit uga
bisa rada ngenthengake wong tuwa anggene mbiyayani kuliyah. Nanging merga
jurusan sing dakpilih iki anane mung ana ing Surabaya dadi gelem ora gelem aku
kudu ngekost ana ing Surabaya.
Jujur wae aku iki tipe
wong sing krasanan dadi yen wis ngrasa bosen marang kost-kostan sing dakkosti
aku mesthi pindhah. Senanjan anggenku
kost iku mau isih telung wulan yen wis ngrasa ora krasan aku mesthi pindhah lan
ora ana sing bisa nggondheli aku. Yen dakitung-itung sasuwene kuliyah wolung
semester wis luwih saka limang kost-kostan sing dakpanggoni. Rata-rata sing
njalari aku ora krasan yaiku solah bawane ibu kost sing cerewet lan cethile
ngalah-ngalahke bang thithil wae. Durung jatuh tempo wae mesthi wis dijaluki
dhuwik kostan. Yen wis nemoni ibu kost modhel kaya mangkono ora ana telung dina
aku bakal oncat saka papan kono lan golek kost-kostan liya sing ibu koste bisa
mangerteni kahanane anak koste.
Nanging nyatane ing
surabaya kuwi angel banget nggoleki ibu kost sng bisa mangerteni kahanane anak
kose. Rata-rata ibu kost kang ana ing dhaerah kampusku nduweni patrap kang
padha. Kaya ibu kostku sing keri iki wis cerewet tur cethile jian ora umum.
Obah saobah sing ditindakake dening anak kostse mesthi diluputake. Nganti ana bocah
sing kost lagi sedina langsung pindhah merga ora kuwat ngadhepi ibu kostku.
Anehe ing kostku sing keri iki aku rada krasan yen dibandhingake klawan
kost-kostanku sing biyen. Sing njalari krasan iki mau ora perkara kost-kostane
sing murah utawa panggene sing kepenak. Nanging merga pitepunganku klawan kenya
ayu sing dodolan tahu ing sacedhake kostku.
Kenalku klawan kenya
ayu sing bakul tahu iku pancen ora sengaja. Wiwit jaman semester siji biyen aku
wis biyasa masak sega dhewe dene lawuhe kari golek ing warung-warung kang
sumebar ing kawasan kampus. Wektu iku kampus nepaki lagi liburan lan akeh
warung-warung kang tutup. Beras sing dakmasak wis malih rupa dadi sega lan
weteng iki wis ora kena diapusi lan njaluk enggal diisi. Senajan wektu iku
Surabaya lagi disawuri udan grimis saka langit nanging ora bisa
ngalang-ngalangi jangkahku kanggo golek adune sega.
Sawise muter-muter
sepuluh gang nanging durung daktemoni anane tandha-tandha warung sing bukak.
Nalika teka ing gang pitu ana warung bukak. Meruhi kahanan kang kaya mangkono
kuwi aku ngrasa marem jalaran sega sing ana ing kamar kostku ora suwe maneh
bakal mlebu menyang wetengku. Lan cacing-cacing sing wis wiwit sore mau protes
enggal mandheg anggene protes. Tibane apa sing dumadi sabanjure ora kaya sing
dakkarepake warung kuwi ora ngedol lawuh lan menawa gelem tuku kudu tuku
sasegane. Meruhi kahanan kang kaya mangkono aku banjur mundur lan golek papan
liya sing gelem ngedol lawuh wae.
Anggenku nerusake laku
nganti gang telu ing kono aku ngincer bakul gorengan langgananku. Apese bakul
gorengan langgananku iku mau ora dodol. Jarene wong-wong sing ana sakiwa
tengene kono panjenengane lagi ngeterake manten menyang mojokerto. Ing njero
ati aku banjur mbatin, “kojur tenan iki mengko, mosok kudu mutih?”
Nalika pengarep-arepku
kanggo golek adune sega sing wis mateng iku pupus saka kadohan aku nyawang ana
lampu ublik kang manggon ora adoh saka bakul tahu langgananku. Yen weruh
sasmita kaya mangkono aku percaya yen ing kana mesthi dodolan gorengan. Ora
suwe-suwe langsung wae aku mlayu menyang papan kang ana lampu ublike iku. Kaya
ngapa senengku bareng cedhak saka kono aku weruh tahu goreng kang nggodha
banget. Tahune gedhe-gedhe lan katone gurih banget tur isih kemendheng jalaran
isih nembe diangkat saka wajan.
Ing kono aku
tolah-toleh merga ora nyumurupi ana ngendi bakule. Amarga wis ora tahan ngempet
rasa ngelihe weteng aku banjur cluluk.
“Bu, tumbas bu?”
Anggenku ngambali ana
kaping telu nanging bakule tahu ora mangsuli babar pisan. Banjur nalika
anggenku cluluk kaping papat saka arah wetan ana sawijining kenya nganggo kaos
oblong lan clana jeans sadengkul nyedhaki rombong tahu kuwi. Saya cedhak saya
katon yen kenya kuwi isih enom tur ayu banget banget. Ayune ayu alami tanpa
nganggo make-up kayadene sing ditindakake dening kenya jaman saiki. Saliyane
iku sing ndadekake aku kepranan sandhang penganggo sing digawe iku sederhana
banget beda adoh yenditandhingake klawan kanca-kanca kuliyahku. Endi sing niru
selebritis korea, endi amrik lah pokoke rena-rena. Tapi kenya iki senajan
nganggo sandhang penganggo kang sederhana tetep katon ayune lan ora ngalongi
ayune barang sacuwil-cuwila. Wiwitane dakkira yen kenya iku uga arep tuku padha
karo aku. Nanging tibane aku kliru, kenya ayu kuwi jebule sing dodolan tahu.
“Ngersakake pinten mas?
Sepurane mas iki mau mentas golek uyah ana toko sebelah” kandhane kenya kuwi.
Aku ngrasa kisinan
amarga mau wis nyeluk ibu marang dheweke. Sinambi ngempet isin aku banjur
mangsuli.
“Anu mbak tigang ewu
mawon,” kandhaku.
“Ndamel petis napa
mboten mas.”
“Mboten wae, mbak
nanging lomboke radi kathah nggih” panjalukku.
“Iya, Mas.”
Ora watara suwe tahu
sing tak pesen dielungake dening kenya kuwi. Nalika nampa tahu kang dielungake
dening kenya kuwi atiku dadi trataban. Untunge aku bisa ngendalekake awak
saengga ora katon grogi. Bubar nampa tahu saka dheweke aku langsung mulih
menyang kost-kostan.
Tekan kost-kostan aku
langsung njupuk piring lan tahu kang mentas tak tuku langsung taksaut. Ora
kelalen kecap sewu telunan uga tak suwek lan tak campur dadi siji karo sega lan
tahu. Pancen mung lawuhan tahu lan kecap nanging aku muji syukur marang Gusti
awit ing dina iki aku isih diparingi rejeki bisa mangan nganti wareg.
Mbuh kena daya apa
wiwit kedadeyan iku aku tansah kelingan terus karo kenya kang dodolan tahu
kasebut. Sedina wae ora tuku tahune ana rasa kang ora kepenak ing njero dhadha.
Senajan ing dina kasebut aku ditukokake lawuh sate dening kancaku sing mentas
jadian nanging aku ngrasa isih kurang yen durung tuku tahu ing rombonge kenya
ayu kasebut. Aku banjur mbatin.
Kira-kira “Apa iki sing diarani cinta pada pandangan pertama?”
Amarga ing njero dhadha
isih ana rasa ngganjel merg pengin ngerti sapa jenenge kenya ayu kuwi. Pepinginan
kanggo mangerteni sapa sejatine kenya ayu sing bakul tahu iku ora bisa diempet
maneh aku banjur njaluk tulung menyang kancaku wadon sing kebenaran ngekos ora
adoh saka panggenane kenya ayu kang bakul tahu kuwi kanggo meruhi sapa sejatine
dheweke.
Seminggu candhake
kancaku kuwi wis ngerti sapa sejatine kenya ayu kang bakul tahu kuwi. Nanging
kancaku wadon kuwi tibane ora gelem gratisan anggene nindakake panjalukku
kasebut. Dheweke njaluk bebana arupa martabak Holand kang kawentar enak. Mbuh
merga lagi kasmaran utawa merga perkara liya wekasane aku nyarujuki pepinginane
kancaku wadon kasebut. Sawise tuku
martabak Holand aku langsung marani kancaku wadon kasebut.
Ing sadawane dalan
antarane papan anggenku tuku martabak Holand tumuju menyang kost-kostane
kancaku wadon kuwi gegambaran kenya ayu bakul tahu kuwi nglenggana ing
pikiranku. Aku dadi mesam-mesem dhewe perkara dikira aku wong edan aku ora
nggas penting dina ik aku bakal weruh sapa sejatine kenya ayu bakul tahu sing
wis kasil ndudut pangrasaku.
Satekane kost-kostane
langsung wae kancaku wadon kuwi dak telpon.
“Halo, Fit saiki aku
wis ana ngarep kostmu enggal metua iki pesenanmu wis dakgawakake?”
“iki Deni ya?”
“iya, sapa maneh dadak
macak lali nomerku ora kok simpen ta?”
“Hp-ku mari rusak Den
dadi nomermu lan nomerek kanca-kanca ilang kabeh.”
“O,alah ngono ta? Ayo
ndang gage metu selak ora sabar aku!”
“Oke bos, sedhilut
maneh iki lagi nembe sembahyang aku.”
Ora watara suwe Fitri
metu saka njero kost-kostane lan mlayu banjur nyaut plastik kang ana tanganku.
Bareng dipesthekake yen martabak sing dakgawa iku pancen martabak Holand
temenan banjur Fitri ngomong.
“Sadurunge sepurane
sing akeh lo Den ya yen kabar sing bakal kok weruhi iki ora kaya sing kok
karepake.”
“Wis ta, critaa sapa
jenenge aln asline ngendi?”
“Ya aku bakal ngomong
sapa sejatine dheweke. Bakul tahu sing ayu tur ws kasil nyolong atimu kae
jenenge Ririn asline saka Trenggalek...”
“Terus” Durung rampung
anggone Fitri ngomong kepeksa dakpunggel.
“Ah, rungokna dhisik ta
yen aku crita” Fitri katon mangkel wektu takpunggel critane.
“Dheweke iku ana kene
merga melu bojone kerja ana surabaya. yen kowe kepingin ngerti kost-kostane
dakterke.”
Keprungu tembung
ngetutake bojone kerja menyang Surabaya langsung ilang dayaku senajan ing ati
ora trima merga kenya sing tak senengi di duweni wong liya nanging aku kudu
lila legawa. Menawa iku wis dadi pesthining Gusti. Aku isih dheleg-dheleg nampa
kasunyatan kuwi. Fitri sing nyawang aku dheleg-dheleg terus kanthi sengaja
muterake lagune Didi Kempot sing judule “Jambu Alas” keprungu lagu kuwi dadi
tansaya sumpeg rasane dhadha. Nasib...nasibbb batinku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar