“Den, arep menyang
ngendi?” Takone Resty marang Deny.
“Arep tuku es campur
nang ngarep sekolahan Res, aku ngelak banget iki”, semaure Deny sinambi
ninggalake Resty kang isih dolanan karo kancane.
“Aja ngombe es hlo
Den, yen mari olah raga! Awakmu nek ya ngerti ngendikane Pak Gayuh mau,
yen mari olah raga iku ora apik yen ngombe es. Becike yen mari olah
raga iku ngombene banyu putih. Apa maneh awakmu rak ya ngerti yen karesikane
bakul-bakul nang pinggir dalan iku durung mesthi kejaga” pangelinge
Resty marang Deny.
“Ah, awakmu ki cerewet.
Perkara becik orane nek ya aku dhewe sing nanggung. Aku hlo ora njaluk
dhuwitmu wekk” pangecene Deny marang Resty.
Pancen
awan iku hawane kutha Tulungagung panas banget kamangka jam isih nuduhake
jam sepuluh esuk ananging rasane kaya-kaya wis jam siji awan. Dina iku
SD Tunas Harapan lagi nganakake latihan senam kanggo lomba tingkat kecamatan
kang bakal dilaksanakake seminggu maneh. Saka saperangan siswa kang
sekolah ing kono kang kadhapuk minangka wakil sekolahan kang bakal melu
lomba ing antarane Deny lan Resty kuwi. Deny minangka ketua kelompok
senam putra. Dene Resty minangka ketua kelompok senam putri.
Amarga
wektune kanggo melu lomba ing kecamatan iku wis mepet banget. Mulane
ana bocah 20-an kang entuk dispensasi ora melu pelajaran. Ananging senajan
ora melu pelajaran bocah 20 mau digula wenthah dening Pak Gayuh supaya
gerakane senam katon luwes lan padha. Saben-saben sadurunge miwiti anggene
nggulawenthah senam Pak Gayuh mesthi ngendika marang bocah-bocah supaya
ora tuku es yen pinuju bubar olah raga. Amarga miturut kandhane Pak
Gayuh kahanane awake manungsa yen pinuju rampung olah raga terus diombeni
es iku kaya dene gelas kang dipanasake banjur diwenehi banyu es dadine
gelas mau bisa pecah. Gelas pecah iku menehi sasmita awake manungsa
kang bakal bisa dadi lara yen ngombe es sawise olah raga. Apa maneh
yen miturut kandhane Pak Gayuh akhir-akhir iki akeh bakul es sing nakal.
Tegese banyu sing digawe es iku dudu banyu mateng nanging banyu menthah.
Saliyane iku kang ndadekake rasa legi sajrone es kuwi mau durung mesthi
nek gula ananging bisa wae saka pemanis gaweyan sing cetha banget ngrugekake
kanggo kesehatan.
Mula
saka kuwi wiwit dina iku bocah-bocah akeh kang keweden yen ngombe es
sawise rampung olah raga. Lan wiwit dina iku uga akeh bocah-bocah sing
nggawa ngombe dhewe saben menyang sekolahan. Senajan luwih praktis uga
luwih kejaga karesikane. Amarga digawa teka mahe dhewe-dhewe. Ora mung
wayah olah raga bae nanging uga dina-dina biyasa. Sajake bocah-bocah
wis sadhar yen es ngono ora becik kanggo kesehatan. Apa maneh yen tukune
saenggon-enggon cetha yen nguwatiri. Iki disebabake mangkok sing digawe
madahi es mau anggene ngisahi ora resik banget dadine bisa-bisa ndadekake
lara weteng.
Saka
bocah-bocah mau sing katone ora nggatekake apa kang dingendikane dening
Pak gayuh salah sawijine ya Deny kuwi. Kanca-kancane akeh sing wis ngelingake
supaya aja seneng ngombe es, apa maneh yen njajan es iku saenggon-enggon.
Nanging apa sing dikandhakake dening kancane mau babar psan ora direken
dening Deny. Wis patang dina Deny tuku es terus-terusan. Bakul kang
kerep ditukoni Deny yaiku bakul es sing manggon es ing ngarep sekolahan.
Pancen saka pihak sekolahan dhewe wis nglarang para bakul iku dodolan
ing sekolahan. Ananging isih wae bakul-bakul iku isih wae ngengkel lan
anggene dodolan kucing-kucingan saka pihak sekolahan. Jan-jane ngono
saka pihak sekolahan wis nyedhiani kantin kanggo para siswa sing kepingin
njajan. Ing kantin kono uga ana sing bakulan es. Es kang didol ing kantin
kuwi luwih kejaga karesikane lan banyu kang digunakake kanggo nggawe
es iku cetha banyu mateng sarta kang ndadekake rasa legi sajrone es
mau uga gula temenan lan dudu pemanis gaweyan kayata bangsane sari manis.
Senajan
wis weruh yen ing kantin wis ana kang dodolan es nanging babar pisan
Deny ora gelem tuku ing kantin jalaran mungguhe Deny rasane es kang
didol ing kantin iku rasane ora legi kaya dene es kang dituku ing ngarep
sekolahan. Iki wis cetha yen sing dodolan es ing ngarep sekolah iku
nggunakake pemanis gaweyan. Jalaran antarane gula asli lan pemanis gaweyan
iku yen ditandhingake cetha luwih legi pemanis gaweyan.
Wektu
kanggo melu lomba mung kari rong dina. Bocah-bocah tansaya sengkud anggene
gladhen. Ananging nalika wektu latihan kang kari rong dina iku Deny
ora mlebu sekolah jalaran nandhang lara. Kanca-kancane ditakoni ananging
ora ana sing mangerteni sejatine Deny lara apa. Nalika latihan dina
kuwi Pak Gayuh ngendika marang bocah-bocah supaya yen rong dina maneh
Deny isih tetep durung waras saka anggone lara Pak Gayuh bakal ngajak
bocah-bocah ngendhangi Deny. Ancase aweh semangat marang Deny supaya
enggal-enggal waras.
Nganti
hari H Deny isih tetep lara, kepeksa Deny ora melu lomba senam tingkat
kecamatan. Sadurunge budhal Pak Gayuh ngajak bocah-bocah ndonga supaya
tansah ndonga marang Gusti Kang Maha Kuasa supaya diwenehi lancar lan
ora ana alangan apa-apa. Jam sewelas awan kabeh wis rampung lan lomba
dina iku kelakon kanthi sukses lan ora ana alangan apa-apa. Kaya janjine
wingi sabubare lomba Pak Gayuh ngajak bocah-bocah ngendhangi Deny. Tekan
omahe Deny, Pak Gayuh lan kanca-kancane diacarani supaya mlebu menyang
omah dening Bu Widya. Sawise mlebu omah Pak Gayuh lan saperangan
kancane mau jumangkah ngetut lakune Bu Widya tumuju menyang kamare Deny.
Ing kamar kuwi katon Deny kang lumah-lumah tanpa daya. Ing meja cedhak
ambene Deny akeh obat-obatan kang samesthine obate Deny.
“Piye
Den, wis rada mendingan ta?” pitakone Pak Gayuh marang Deny.
“Dereng
Pak, niki angga kula taksih nggreges kaliyan lemes kaliyan madharan
kula sakit sanget pak!” wangsulane Deny.
“Bu
Wid, sejatosipun Deny menika gerah menapa hlo kok dangu mboten mlebet
sekolah?” pitakone Pak Gayuh marang Ibune Deny.
“Miturut
ngendikane Dhokter Zuhriyah ingkang mriksa Deny kalawingi menika Deny
gerah madharan jalaran jajan sembarangan” wangsulane Ibune Deny marang
Pak Gayuh.
“Pak
kula nyuwun pangapunten amargi mboten nuruti ngendikanipun panjenengan
lan pranyata ingkang panjenengan aturaken leres saestu” ucape Deny
menyang Gurune.
“Iya
Den! Ra dadi ngapa ning aja kok baleni maneh lo ya”.
“Inggih
Pak”.
“Res,
aku uga njaluk ngapura marang awakmu ya. Jalaran aku ora nuruti omonganmu
nalika semana. Upama aku nuruti apa sing kok kandhakake samesthine aku
dina iki bisa melu lomba, banjur kepriye lombane iki mau lancar ta tur
entuk juara apa ora?” pitakone Deny marang Resty.
“Ora
apa-apa kok Den. Saiki awakmu wis ngerti dhewe ta apa sing dikandhakake
dening Pak Gayuh iku bener. Mulane wiwit saiki aja jajan sembarangan.
Bakune saiki awakmu kuu teratur anggenmu ngombe obat supaya enggal waras,
banjur bisa sekolah maneh. Syukur banget dina iki mau lombane lancar
banget tursing makili sekolahane dhewe kabeh entuk juara senajan mung
juara loro” wangsulane Resty.
Keprungu
wangsulane Resty mau atine Deny dadi campur-campur. Dheweke melu ngrasakake
seneng jalaran sekolahane wis kasil dadi juara senajan dheweke ora melu
lomba. Saliyane iku Deny uga ngrasa sedhih jalaran ora bisa melu lomba.
Wiwit dina iku Deny janji ing njero ati yen ora bakal jajan saenggon-enggon
maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar