Dina iki mujudake dina kang sepisanan kanggo Imam mlebu ing sekolahane kang anyar. Amarga ngetutake bapake kang dadi Guru, Imam kerep pindhah-pindhah sekolah. Jalaran kudu melu bapake pindhahan. Sekolah panggonane imam iki wis kapitung sekolahan kaping telu kang dileboni dening Imam. Biyen rikala pisanan pindahah sekolah Imam seneng-seneng wae. jalaran ing sekolahane kang kaping pisan Imam tansah didadekake kalah-kalahan. Saben dina bontotan lan sangune mesthi dijaluki dening kakak kelase. Nanging suwene suwi pungkasane Imam nduwe kanca akeh lan dheweke ora diganggu dening kakak kelase maneh. Ana siji kang ndadekake Imam ora seneng marang bapake yaiku saben-saben dheweke nduwe kanca raket, bapake mesthi ngajak pindhahan saengga ndadekake dheweke kelangan jejak marang kanca-kancane. Anggene kelangan jejak iki disebabake amarga rikala semono ing papan panggonane bapake Imam ditempatake isih akeh kang durung nduwe hp. Saliyane iku rata-rata saka kancane Imam mau uga anake guru saengga kancane mau uga kerep pindhahan. Mula saka iku kang ndadekake Imam rumangsa ora seneng yen kudu pindhah-pindhah maneh.
Esuk iki ora kaya padhatane ana owah-owahan ing tumindake Imam. Jam setengah enem esuk dheweke biyasane wis tangi lan wis kelut-kelut omah. Nanging dina iki ora. Senajan tangine wis wiwit jam lima esuk mau nanging dheweke ora enggal-enggal adus. Sapu sing biyasane nyapu-nyapu isih cumanthel ing panggonane. Nalika ditakoni ana apa, apa saiki awake lagi lara babar pisan Imam ora aweh pawangsulan.
Meruhi kahanane anake ang kaya mangkono iku sajake Bapake Imam wis tangggap ing sasmita. Anake mau banjur dicedhaki banjur ditakoni kena apa kok ora enggal-enggal adus. Nanging sing ditakoni mung meneng wae tanpa ana ukara kang kawetu. Sawise sawetara wektu meneng banjur Imam gelem ngomong. Ing omonge mau Imam kandha menyang bapake yen dheweke keweden yen kedadeyan-kedadeyan kang dialami ing sekolahane sing biyen dumadi maneh. Lan saiki babar pisan ora ana siji-sijiya kanca kang ditepungi. Imam uga kandha menyang bapake yen dheweke wis kesel kudu ngadhepi bocah-bocah anyar kang durung ditepingi. Amarga miturut pangirane saben-saben bocah anyaran mesthi ngalami nasib kaya dheweke.
Ketepakan dina iki ibune Imam lagi gerah lan kang nggenteni pakaryan kang samesthine ditindakake dening ibune Imam iki dina digantene bapake Imam. Wiwit esuk mau sadurunge subuh bapake Imam wis tangi saperlu nyepakake sarapan kanggo Imam lan adhine. Keprungu panggresahe Imam mau banjur Imam diajak bapake menyang pawon. Ing pawon kuwi bapake Imam nggodhog banyu ing panci telu kang beda. Nalika ditakoni banyu maubakal digawe apa bapake Imam babar pisan ora aweh pawangsulan. Meruhi patrape bapake kang kaya mangkono Imam dadi bingung dhewe.
Sawise kira-kira limalas menit banyu kang ana ing njero panci iku mau umub kabeh. Mangerteni banyune mau umub njur bapake Imam ngakon supaya njupuk wortel siji, endhog siji lan isine kopi saka njerone kulkas. Tanpa kumecap apa-apa banjur Imam langsung tumuju menyang kulkas lan njupuk barang-barang sing dikarepake dening bapake. Nalika ditinggal Imam njupuk barang-barang kang dikarepake dening bapake mau, banyu ing panci kang wis umub iku diangkat lan diudhunake ing cedhake meja mangan. Ora watara suwe kanthi gupuh Imam njupuk barang-barang pesenane bapake mau. sawise barang-barang mau wis nglumpuk banjur siji mbaka siji menyang banyu panas kang mentas dientas kuwi. Wortel dilebokake ing panci dhewe, endhog uga dilebokake ing panci dhewe lan ora lali isi kopi mau uga dilebokake ing panci dhewe.
Sawise kabeh dileboakake ing banyu panas mau. bapake Imam ngakon supaya pancine mau ditutup supaya banyune ora cepet adhem. Imam kang dikandhani kaya mangkono mau mung manut wae. sawise ditutup dening Imam sinambi nunggu apa kang dumadi sabanjure. Bapake kandha marang dheweke supaya Imam nyawang owah-owahan apa kang bakal dumadi nalika wis teka ing wektune. Kira-kira wis 20 menit anggene ngenteni apa kang bakal dumadi saka panci kang dileboni wortel, endhog lan isi kopi mau.
Nalika tutup panci dibukak siji mbaka siji banjur dening bapake Imam ditakoni apa wae owah-owahan kang dumadi ing tetelune barang mau. Nanging babar pisan Imam ora bisa nuduhake ana ing ngendi owah-owahane. Amarga miturut panyawange Imam kang ana owah-owahan ya mung ing isi kopi mau kang njalari banyune sing maune putih saiki malih dadi ireng. Lan saka kopi kang atos mau sawise kena panasing banyu tansah ngowahi banyu kang ambune sarta rasane sepa tansah nduweni aroma. Dene wortel lan endhog mau belegere isih padha lan katone ora ana owah-owahan. Banjur bapake Imam ngakon nuthuk nganggo sendhok nanging sawise ngetutake apa kang dikandhakake bapake mau Imam njomblak kaget. Iki kabeh merga mangerteni owah-owahan kang dumadi marang wortel lan endhog. Wortel sing maune atos bareng kena banyu panas kanggo sawetara wektu dadine malih empuk dene endhog kang maune empuk saiki malik malih dadi atos.
Sawise weruh apa kang dumadi marang barang telu mau. Banjur bapake Imam takon ana sasmita apa kang sumimpen ing barang telu mau upama dicakake ing kedadeyan kang kok alami saiki. Keprungu pitakone bapake mau Imam mung gedheg wae. kanthi tlaten bapake Imam banur njelasake sasmita saka barang telu mau. Banyu panas mau digunakake kanggo nggambarake swasana utawa masalah kang diadhepi dening manungsa dene wortel, isi kopi lan endhog mau kanggo nggambarake watake manungsa.
Wortel nggambarake watake manungsa kang atos sarta kolot nanging sawise ngadhepi kahanan kang kebak dening kasengsaran watake dadi owah. Sing maune watake atos lan kukuh panemune sawise ngalami kahanan kang kaya mau dadine malih nglokro lan tansah kelangan sekabehaning daya kang diduweni. Saben dina kang dina mung nggetuni apa kang wus dumadi lan ora gelem gumregah tangi kanggo ngowahi kahanane awake dhewe.
Dene endhog nggambarake watake manungsa kang maune nduweni watak nurut lan alus budine nanging sawise ngalami dina-dina kang kebak coba saengga patrape marang wong liya malih malik grembyang. Sing maune alus saiki malih dadi atos kaya dene watu. Masiya tekan njaba isih katon alus budine nanging sawise dijeguri atine banjur lagi katon apa kang dadi ing kasunyatane.
Kang pungkasan yaiku kopi. Kopi nggambarake manungsa kang nduweni watak kang atos nanging sawise kena owah-owahane banjur kopi malih dadi pribadhi kang beda. Pana utawa sungkawane swasana orane ndadekake kopi dadi pribadhi sing luwih atos nanging malah kepara dadi pribadhi kang nyenengake sakiwa tengene.
Sawise nyethakake kabeh marang anake. Banjur bapake mau takon marang Imam. Imam diakon milih supaya dadi pribadi sing endi nanging sing ditakoni mung meneng tanpa swara. Ing sajroning meneng mau pranyata Imam wis weruh arep dadi sing endi. Sing ngerti pilihane Imam ya mung dheweke sarta Gusti Kang Maha Kuwasa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar