Pirang-pirang dina iki Pak Danu judeg pikire amarga mikirake owah-owahan kang dumadi marang anake. Jalaran sawise pindah tugas menyang kutha solah tingkahe anake lanang kuwi malik grembyang. Deny sing biyasane sumringah saiki malih dadi bocah kang brangasan. Deny malih gampang nesu lan saben-saben nesu kang dadi sasaran kanggo nglampiasake nesune iku ora liya ya adhine sing jenenge Gayuh. Adhine sing aran Gayuh iku umure isih watara patang taunan. Saben-saben nesune teka Gayuh mesthi dadi sasarane. Gayuh kerep dicakot tangane sakayange dening Deny. Mesthi wae Pak Danu duka banget marang tumindake Deny kasebut. Nanging kepriye maneh wis makaping-kaping didukani dening bapake nanging sikepe Deny kang kaya mangkono tetep ora mari-mari malah saya suwe malah tansaya ndadra.
Amarga rumangsa judeg meruhi kahanane anake kasebut, sawijining dina Pak Danu njaluk tulung marang kancane ngenani masalah kang lagi dumadi ing anake kuwi. Pungkasane saka kancane mau Pak Danu pikantuk solusi kanggo ngendalekake emosine anake lanang iku. Bubar mulih teka omahe kancane kasebut Pak Danu mampir menyang toko bangunan saperlu tuku papan kayu lan paku. Tekan ngomah papan kayu kasebut dening Pak Danu digawe saemper kaya pager lan dipasang ing mburi omah. Sawise pager kayu kasebut dadi banju Pak Danu nimbali anake.
“Den, iki pager kayu iki bakal dak pasrahake marang sliramu, saliyane iku uga ana paku kang bakal dakpasrahake marang sliramu. Mengko yen sawayah-wayah awakmu lagi nesu lan ora bisa ngontrol emosine paku iki pakukna menyang pager kuwi ya?” ngendikane Pak Danu marang Deny sinambi menehake pethil lan paku marang Deny.
Sakawit Deny rumangsa bingung, nanging amarga wedi yen bapake duka menawa barang kang diwenehake ditulak pungkasane Deny ngiyani marang apa kang dadi panjaluke bapake kasebut. Saliyane iku Deny uga rumangsa marem jalaran dheweke bisa nglampiasake sekabehane emosine tanpa didukani dening bapake. Awan kuwi mulih sekolah lambene Deny katon mecucu. Sadurunge mlebu ngomah ora lali Deny uluk salam banjur salaman menyang bapak lan ibune. Meruhi anake lagi mecucu kaya mangkono Pak Danu mung mesem wae. sawise salin sragam lan mangan awan Deny langsung jumangkah tumuju menyang pager kang wis digawekake dening Pak Danu khusus kanggo Deny. Teka kono langsung wae Deny ngencepake Paku iku menyang papan kuwi. Dina-dina sabanjure saben-saben Deny rumangsa nesu dheweke langsung ngencepake paku-paku kuwi menyang pager kasebut. Kadang sedina wae Deny bisa ngencepake 20 paku ing pager kuwi.
Dina terus gumanti lan saben dina cacahe paku kang diencepake Deny saya suwe saya suda. Lan kadhang kala Deny babar pisan ora ngencepake paku iku menyang pager kuwi. Anggene ora ngencepake paku iku jalaran Deny wis sadhar yen ora ana gunane maneh yen kudu ngencepake paku menyang pager kuwi. Saliyane iku dheweke ngrasa yen wis bisa ngendalekake emosine.
Meruhi owah-owahan kang dumadi marang anake kang wis ora ngencepake paku menyang pager kang wis digawe kuwi Pak Danu nimbali Deny.
“Den, Deny kene jajal lungguha sandhing bapak!” ngendikane Pak Danu ing sawijining sore.
“Wonten, napa hlo pak?”
“Wis ta reneya dhisik!, yen ditambali wong tuwa iku age-age mara aja nyauri saka kadohan, iku ngono tumindak kang kurang becik”.
“Inggih, pak!” wangsulane Deny alon sinambi mlaku tumuju menyang ruwang tamu.
Sawise teka ruwang tamu banjur Deny lungguh ing sacedhake bapake.
“Kene-kene le, lungguh jejer bapak kene, dak sawang pirang-pirang dina iki kok awakmu wis ora maku papan kuwi maneh. Apa awakmu saiki wis bisa ngendhalikake rasa nesumu ta le?” pitrakone Pak Danu sinambi ngaras rambute anake.
“Nggih, pak kula sampun saged ngontrol emosi utawi nesu kula pak, amargi kula raos mboten wonten paedahipun menawi kula nesu lajeng kula maku papan punika. Napa malih niki lak nggih nepaki wulan siyam ngendikanipun bu guru menawi tiyang siyam niku yen emosi utawi duka pahalane bakalan kirang. Napa leres mekaten pak?”
Keprungu wangsulane anake mau pak Danu rumangsa ayem jalaran saiki anake wis bisa ngendalekake emosine.
“Iya le, bener apa sing dikandhakake bu guru iku. Wong pasa iku pancen ora oleh nesu. Mulane, awakmu kudu bis ngontrol dhiri. Ya wis saiki bapak nduwe panjaluk maneh. Mengko yen awakmu rumangsa nesu lan awakmu wis bisa ngontrol rasa nesumu kae paku-paku sing wis kok encepake ing pager kae cepotana siji mbaka siji”.
“Inggih pak” wangsulane Deny.
“Ayo-ayo kene buka dhisik mengko rembukane diterusake maneh. Kae mejide wis adzan becike enggal-enggal buka dhisik. Ora apik yen buka ngerekake wektu buka” ngendikane ibune Deny sing kawit sore mau ibut nyepakake dhaharan kanggo buka kulawargane.
“Ya, bu ne” semaure Pak Danu saka ruwang tamu.
“Saiki awakmu wis ngert ta le apa sing kudu kok tindakne yen awakmu rumangsa bisa ngendalekake nesumu iku?”
“Inggih pak, kula sampun ngertos”.
Dina-dina candhake saben-saben Deny bisa ngontrol emosine paku-paku kang wis diencepake kuwi sisji mbaka siji dicepoti. Senajan dheweke rumangsa kabotan nanging dheweke mikir yen luwih becik kangelan nyepot paku tinimbang nesu. Jalaran yen nesu ing wulan pasa iku bakal ngilangake pahalane wong pasa. Dadi yen pahalane ilang sing diolehi mung rasa ngelak lan luwe wae.
Kira-kira rong minggu candhake paku-paku kang sadurunge mancep ing pager-kager kang di yasa dening Pak Danu wis kasil dicepot dening Deny. Meruhi pager kang wis ora ana pakune maneh kuwi. Ing sawijining dina karo nunggu wayah buka Pak Danu cecaturan karo Deny ing teras mburi.
“Le, saiki bapak wis percaya marang awakmu. Bapak wis percaya yen awakmu saiki wis bisa ngendhalekake nesumu. Bapak nyuwun anggenmu ngendhalekake nesumu ora mung mandheg ing wulan pasa iki wae nanging uga ing wulan-wulan sabanjure”.
“Inggih pak, mangke bakal kula leksanakaken menapa ing bapak suwun”.
“Nanging le, saiki coba sawangen tilas pager sing kok paku kae. Ing kono ninggalake bolongan cilik-cilik. Awakmu biyen lak ngerti dhewe sadurunge kok paku mbiyen pager kuwi mulus tanpa ana bolongan babar pisan. Mulane saka pager sing maune mulus terus saiki dadi bolong-bolong kudune awakmu bisa ndudut sasmita saka kedadeyan kuwi!”
“Inggih pak, riyen pancen pager niku mulus lajeng samenika owah dados bolong-bolong. Nanging sasmita napa ingkang kinandut salebetipun kedadosan niku kula mboten ngertos pak”.
“Yen awakmu durung ngerti iki bapak bakal njelasake marang awakmu. Paribasan pager kuwi ya le. Awakmu ing titi wektu tartamtu mesthi bakal nesu marang sawijining pawongan utawa malah bisa nduwe salah marang sawijining pawongan. Prayogane wong sing nduwe salah utawa tau nesu marang sawijining pawongan kudu njaluk ngapura marang pawongan sing kok nesoni utawa sing kok luputi. Ning awakmu ora ngerti menawa pawongan iku wis aweh pangapura marang awakmu sadurunge awakmu njaluk ngapura. Terus kaya apa kang disasmitakake dening paku kae senajan awakmu wis njaluk ngapura ing telenge ati pawongan sing tau kok nesoni utawa sing kok salahi kuwi bakal tetep ana tatu-tatu cilik kaya dene bolongan-bolongan cilik sing ana ing pager kae. Mulane wiwit dina iki awakmu kudu ngati-ati yen tumindak lan aja gawe gelaning liyan”.
“inggih pak” wangsulane Deny.
Sabubare Pak Danu njlentrehake apa maksude ngongkon maku lan nyepot paku iku Deny dadi ngerti apa kang sasuwene dikarepake dening bapake. Ora watara suwe sabubare Pak Danu njlentrehake sasmita saka paku mau. mejid wis nyuwarakake adzan kang mratandhani wis teka ing titi wancine buka kanggo pawongan kang nindakake pasa. Saliyane iku teka ruwang makan ibune Deny uga wis ngaturi age-age enggal buka pasa. Bapak lan anak iku age-age mlebu ngomah lan jumangkah menyang ruwang makan saperlu buka pasa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar