Rabu, 23 Oktober 2013

Piwulang Saka Kembang Bakung



Ana polatan beda kang dituduhake dening Eky sawise pindhah sekolah menyang Surakarta. Dheweke pindhah menyang kutha kang kawentar kanthi sinebut kutha Batik lan kutha Bengawan iki jalaran melu bapak kang pindhah kerja. Nalika isih sekolah ana Surabaya Eky ngono sawijining bocah kang sumringah lan tansah enthengan tangan. Tegese saben-saben ana kanca kang nandhang kasusahan mesthi bakal direwangi senajan kadhang kala apa kang ditindakake dening Eky kuwi ngurbanake kasenenganane. Dhewe nindakake iku kabeh kanthi rasa ikhlas lan dheweke nduwe panemu yen menawa kanthi cara mangkono dheweke bakal bisa ngrembakake pasrawungane.
Nanging sawise Eky melu bapake pindhah menyang Solo iki polatane katon beda kaya padatane. Saben-saben mulh sekolah dheweke mesthi nangis lan ngunci kamare saka njero. Pisan pindho owah-owahan kang ana ing Eky isih bisa dimaklumi dening bapak lan ibune. Nanging sawise ana seminggu sekolah ana Surakarta polatane Eky tetep ora owah tansah nuwuhake rasa cubriye marang ibune.
Mula saka kuwi ing sawijining sore nalika omah kahanane sepi jalaran bapake Eky isih durung mulih kerja. Ibuke Eky nimbali Eky sing kawit mulih sekolah mau langsung mlebu kamar lan durung mangan awan. Ibune wedi yen tumindake Eky kaya mangkene terus bisa-bisa anake wadon kang banget ditresnani kuwi bisa kena lara magh jalaran kasep anggene mangan.
“Ky, Eky coba mrenea sedhilut wae ibu pengin ngomong karo awakmu?”
Eky sing kawit mau nangis sesenggukan ana kamar, sawise ngusapi eluhe banjur jumangkah saka paturone lan banjur marani ibuke. Tanpa dinyana dening Eky ibuke Eky wis ana ing ruwang dhahar lan panjenengane katon ibut nyepakake sega salawuhe.
“Wonten napa Bu?”
“Iki ibu njupukake maem kanggo awakmu. Awakmu kudu maem dhisik, awakmu ora kepengin lara maneh lan nginep menyang rumah sakit maneh ta?”
“Inggih Bu” wangsulane Eky cekak.
Apa kang dikandhakake ibuke iku tansah ngelingake Eky marang sawetara wektu kepungkur nalika dhewe mlebu menyang rumah sakit jalaran kena lara tipes. Dheweke yen kelingan wektu kuwi ngrasa wedi, awit ing rumah sakit iku ora kepenak. Wis maeme ora enak tur ora bisa bebas nembang-nembang lan nari-nari kaya nalika ana ngomah.
Eky ngono pancen bocah kang aktif lan seneng marang budaya Jawa, wiwit sadurunge sekolah dheweke wis seneng nembang-nembang Jawa. Apa kang disenengi Eky iki pancen lumrah jalaran simbahe Eky saka ibune ngono sawijining dhalang wayang purwa. Mula wiwit cilik simbahe kasebut wis ngenalake Eky marang sawernane tembang-tembang Jawa.
Nalika Eky rampung anggene ngrahabi maem kang wis dicawisake dening ibune, dumadakan Ibune takon marang Eky.
“Ky, pirang-pirang dina iki sawise awakmu pindhah sekolah kok kaya ana kang seje marang tumindakmu. Sejatine ana apa ta Ky?”
Wiwitane Eky meneng wae, nanging amarga dheweke wis kuwat maneh ngempat apa kang dirasakake ana dhadhane, bocah wadon iku wekasane gelem blaka marang ibune.
“Ngeten hlo Bu, kula ngraos sasampunipun kula pindhah sekolah wonten Surakarta niki kula ngraos asal kanca-kanca kang benten kaliyan kanca-kanca kula ingkang wonten Surabaya” wangsulane Eky.
“Beda piye ta Ky maksudmu kuwi? Ibu kok ora paham.”
“Ngeten hlo Bu, wonten kelas kula ngraos mboten pikantuk kawigaten saking kanca-kanca. Kula asring banget diece kaliyan kanca-kanca nalika kula kepingin aweh pambiyantu tumrap kanca kula ingkang kesusahan. Sedaya ingkang kula tindakaken nalika wonten kelas kados babar pisan mboten digape kaliyan kanca-kanca. Kula sampun mboten krasan malih Bu sekolah dhateng ngriki. Pripun bu, upami kula pindhah mawon dhateng Surabaya malih?”
“Hlo..hlo kok nganti pengin pindhah sekolah barang. Hla terus yen pindhah menyang Surabaya awakmu arep manggon karo sapa? Awakmu rak ya ngerti yen bapakmu wis dipindhah kerjane menyang kene?”
“Nggih, kula mangke tak tumut eyang mawon Bu. Kula sampun mboten krasan sekolah wonten ngriki malih. Awit tumindake kanca-kanca kula ingkang kados mekaten” wangsulane Eky.
“Ya, kudune awakmu kudu luwih sabar maneh hlo Ky ngadepi kanca-kanca kang kaya mangkono kuwi. Menawa kanca-kancamu kuwi durung kenal karo awakmu sawutuhe saengga bisa tumindak kaya mangkono.”
“Kula ngraos kok mboten kok Bu, awit kula saben dinten ketawise tansah dipun siriki dening kanca-kanca. Nalika Bu Guru paring soal lan kula saged njawab menapa ingkang dipun takenaken dening Bu Guru kalawau kanca-kanca kados tambah serik kaliyan kula Bu” wangsulane Eky ngyakinake ibune amrih ibuke percaya yen dheweke diseriki dening kanca-kancane.
Suwe-suwe ibune ngrasa yen ora gampang ngyakinake anake kuwi amrih ora pindhah sekolah. Ibune banjur mikir cara liya kanggo ngyakinake anake kuwi yen amrih bisa ditampa ing lingkungane sekolah kang anyar kuwi mbutuhake wektu. Wekasane ibune nemu cara kanggo ngyakinake anake kuwi supaya ora pindhah sekolah.
“Ky, coba melu ibu sedhilut wae!” pangajake ibuke sinambi nggandheng anake tumuju menyang mburi omah.
Sawise teka mburi omah ibune banjur takon menyang anake wadon kuwi sinambi astane nuding menyang kembang bakung kang tuwuh kanthi endah. Kembang bakung kang tuwuh ana sapinggiring dalan iku tetep katon endah senajan ora ana kang aweh kawigaten tumrap kembang kasebut. Kembang bakung kang ana sapinggiring dalan kuwi tetep setya aweh kaendahan tumrap isen-isening donya.
“Ky, jajal ibu takon apa awakmu nate nggatekake kembang bakung kae?” pitakone ibune.
“Mboten Bu, wangsulane Eky cekak.”
“Sejatine saka kembang bakung kae ana pitutur luhur sing menawa kena kanggo nglurusake perkara kaya sing kok alami. Kembang bakung kae tetep aweh kaendahan tumrap isen-isening donya. Senajan dheweke kuwi babar pisan ora ana pawongan kang aweh kawigaten tumrap dheweke, dheweke tetep aweh kaendahan sarta mbabar ganda wangi marang sapa wae. Senajan sadawane uripe wiwit saka mekare nganti mranggas kembange ora ana pawongan kang aweh kawigaten tumrap dheweke ora ana rasa sedhih ing atine. Kembang bakung kuwi tetep aweh kaendahan awit iku kang dadi pesthine. Kudune awakmu bisa nyonto patuladhan kang digambarake saka lelakone kembang bakung kuwi” panjaluke ibune.
Wekasane Eky ngerti apa kang dikarepake ibuke. Dheweke banjur mikir lan ngrasa ora ana gunane mikirake pamawase kanca-kancane ing sekolahan. Eky ngrasa yen saiki sing paling wigati dheweke tetep tumindak kanthi becik marang sapa wae. Menawa kanthi cara kaya mangkono menawa bisa ngowahi panemune kanca-kancane marang dheweke.
Eky uga dadi percaya yen kabeh iku mbutuhake wektu lan kaendahane lelakon iku ora bakal luntur saka anane pangecene liyan. Dheweke bakal dadi Eky kaya sing wingi, Eky sing sumringah lan enthengan tangan. Tegese gelem aweh pambiyantu tumrap sapa wae lan ora bakal mikirake apa kang diwawas dening liyan ngenani tumindake kang seneng tetulung.
Angin sore sumilir tipis nasak lan nggawa wangine kembang bakung. Bebarengan karo wektu iku Eky ngrangkul bangkekane ibune kanthi keket. Eky matur nuwun banget marang ibune jalaran wis dituturi ngenani babagan kasebut. Ngenani babagan pindhah sekolah wis ora dipikirake Eky maneh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar