Rabu, 23 Oktober 2013

Mega sing Anyar

Awan iku swasana kelas 5 B SDN Wiyung I rame banget. Sawise pelajaran matematika purna bocah-bocah ing kelas iku age-age ngaso. Nanging saka kabeh bocah kang ana ing kelas iku ana bocah loro sing isih asyik anggene crita. Bocah loro iku ora liya Mega lan Alin. Bocah loro iku kekancan raket wiwit isih ana TK nganti saiki kelas 5 sekolah dasar. Saking rakete anggene kekancan kaya-kaya kena dipesthekake saben ana Alin ing kono mesthi ana Mega. Ing dina kapisan mlebu iku bocah loro iku padha crita pengalamane nalika mudhik lebaran kepungkur. Senajan bocah loro iku sasuwene iki nunggal kelas nanging sejatine bocah loro iku asale saka dhaerah kang beda. Alin sejatine asale saka tlatah Tulungagung dene Mega asale saka Trenggalek. Bocah loro iku ketemu lan bisa kekancan kanthi raket ing kutha Surabaya iki jalaran padha-padha melu wong tuwane kang pindhah tugas.
    Wektu mlebu iku Mega crita pengalamane wektu lebaran ing Trenggalek. Wektu iku Mega crita yen ing dhaerahe Trenggalek kana dheweke dimasakake sega thiwul lan sayur iwak laut dening simbahe sing rasane enak banget. Saliyane iku wektu dolan ing daleme mbahe riyaya kepungkur Mega diajak dening mase ponakan sing jenenge mas Danang menyang sawijining pantai sing endah banget. Miturut critane mega pantai iku yen didulu saklebatan padha karo tanah lot kang ana ing pulo Bali, jalaran ing tengah-tengahe pantai kuwi ana karang sing wis malih rupa kayadene pulo cilik kang ana ing tanah lot bali kae. Wong-wong dhaerah kono ngarani pantai iki kanthi aran pantai Pelang. Ing pantai iki wong-wong ora oleh golek iwak kanthi migunakake prau jalaran para warga nganggep yen anane nelayan iki bakal ngregedi pantai kang endah iki.
    “Wah, apik temen no Me pantaine?”
    “Ya, mesthi ta lin, apa maneh ing cedhake pantai pelang iku ana air terjune sing banyune seger banget. Jiann... pokoke apik banget lin suk nek awakmu mulih menyang Tulungagung lan aku uga mulih menyang trenggalek awakmu bakal dakajak dolan menyang omahku”.
    “Iya, me! Tapi aku kan.....”
    “Wis pokoke ora ana tapi-tapinan awakmu kudu gelem”
    “Iya, me”.
    “Eh, Lin wiwit mau sing crita kok pancet aku ae. Endi critamu nalika liburan wingi?”
    “Aku..aku”.
    “awakmu nyapa lin?”
    “Aku ndak nyang ngendi-ngendi me?”
    “Hlo, kok isa ilo? Jaremu biyen kae awakmu sakluwarga wis entuk tiket lan kari budhal tok?”
    “Iki dudu perkara tiket me. Iki perkara liya?”
    “Perkara apa lo lin”.
    “Ngene hlo critane, wingi nalika aku lan kaluwarga wis cepak-cepak kanggo pulang kampung. Wektu iku bapak wis nggawa klambi-klambi kang bakal digawe adhik bayiku. Ya.. nek miturut itungan dhokter iku adhikku bakal lair pas ing hari h+2 lebaran. Mula bapak wis nyepakake sekabehane kebutuhan kang dibutuhake. Nangng pranyata itungane pak dhoter iku mleset. Adhikku sidane lair nalika dina h-2 sadurunge lebaran. Dadi aku lan sakaluwarga pungkasane wurung mudhik menang Tulungagung” kandhane alin sinambi nglebokake buku pelajaran jalaran wis wektune istirahat.
    Nalika Alin nglebokake buku pelajaran menyang njero tas, Mega weruh tase Alin kang anyar. Sanalika Mega rumangsa pengin nduwe tas kaya kang diduweni Alin kasebut. Kagawa rasa pengin kang ngrembaka banjur Mega takon menyang Alin.
    “Wah... tasmu apik temen Lin. Tuku ana ngendi kuwi?”
    “Suwun lo Me!, iki anggenku tuku saka mae Pak Djito sing manggon ana ing kulon pasar Wiyung Me.”
    Arep takon regane tas iku pira Mega rumangsa ora kepenak marang Alin jalaran dheweke wedi yen kancane iki samengkone bakal salah tampa. Mula dheweke mung meneng wae ln age-age ngejak kancane kasebut enggal-enggal ngaso. Ing sekolahane Alin lan Mega iku ana peraturan yen pinuju ngaso ora ana siji-sijiya siswa kang oleh dumunung ana ing njero kelas. Jalaran nalika semono sempet ana kedadeyan salah sijining siswa ana kang kelangan dhuwit lan sawise ditlesih dening sawijining guru kang njupuk dhuwit kalamau jebule kanca sakelase bocah kang kelangan dhuwit. Wiwit dina iku kabeh siswa kang sekolah ing kono ora dikeparengaken dolanan ing njero kelas yen pinuju ngaso. Ora watara suwe bocah loro iku wis ana ing njaba kelas. Nalika ing njaba kasebut Mega ngajak Alin menyang kantin. Dina iki Mega lagi ulang taun lan critane dina iki Mega ngajak Alin menyang kantin saperlu ditraktir.
    “Lin, ayo melu aku menyang kantin!” pangajake Mega menyang Alin.
    “Ora, wae Me. Dina iki aku ora sangu” panulake Alin.
    “Wis ta Lin, awakmu aja nulak pangajakku iki. dina iki aku rak ya ulang taun, anggenku ngajak awakmu menyang kantin iki mau karepku arep ngrayakake dina ulang taunku. Gelem ya Lin!” pangajake Mega marang kancane kasebut.
    “Iya, matur nuwun sadurunge ya Me. O, iya Me awakmu dina iki rak ya ulang taun lan aku kelalen urung sempet ngucapake selamat ulang taun marang awakmu.”
    “Alah, ora usah dipikir nemen-nemen Lin, bakune saiki ayo menyang kantin.”
    Alin mung meneng keprungu pangajake kancane kasebut lan dheweke mung manthuk kanthi alon aweh pratandha yen nyarujuki pangajake kancane kasebut. Bocah loro kasebut mlaku kanthi gegandhengan tangan mlaku bareng menyang kantin. Mega milih nraktir kancane mau ing kantin sekolahan jalaran karesikan kang ana ing kantin sekolahan iki luwih jinaga tinimbang jajanan liya kang ana ing njaba sekolahan.
    Jam 12 awan bel saka ruwang guru muni. Munine bel kasebut aweh pratandha yen piwulangan ing sekolahan dina iki wis rampung. Sawise ndonga bareng bocah-bocah iku padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.  Nalika mulih iku Mega isih kepikiran tas anyar dhuweke Alin. Dheweke rumangsa meri menang tas dhuweke kancane kasebut. Mua dheweke pengin kandha menyang ibuke sawise tekan ngomah mengko supaya dipundhutake tas kang padha karo tas duweke Alin. Sawise tekan ngomah Mega langsung nguncalake tase menyang ruwang tamu lan banjur mlayu nggoleki ibune.
    “Bu, bu bu aku mengko pundhutna tas anyar nggih bu!” panjaluke Mega menyang ibune.
    Ora watara suwe ibune metu saka pawon sinambi nggawa lawuh sarta sayur kanggo dharan siyang Mega sakaluwarga. Amarga nalika mulih sekolah mau ora uluk salam kaya padatane lan malah bengak-bengok. Mula ibune mau ndukani Mega.
    “Ora, lo Me, saiki awakmu wis gedhe mbok ya nek mulih saka sekolahan ki uluk salam ben ibu ngerti yen kowe wis teka. aja blusak-blusuk tur ya aja bengak-bengok, iku kurang pantes kanggone bocah sekolah. Tumindak kaya mangkono kuwi kudu kok ilangi.”
    “inggih Bu” wangsulane Mega sinambi tumungkul jalaran dheweke rumangsa luput.
    “Sik ta ibu tak takon, kaya isih wingi ibu mundhutke tas kanggo awakmu, ning saiki njur awakmu njaluk dipundhutne tas maneh. Gek ibu oleh dhuwit teka ngendi, apa maneh iki rak ya tanggal tuwa bapakmu uga durung gajian. Gek tas sing wingi ibu pundhutke kae kena apa?”
    “Nggih mboten kenging menapa-napa Bu. mung kula pengin gadhah tas kados gadhahane Alin Bu” wangsulane Mega sinambi dolanan kain pucuk sragame.
    “Apa? Mung meri karo tas duweke kancamu banjur awakmu kepingin ditukokae tas maneh? Ora bakal ibu turuti nek alasanmu kaya mangkono” wangsulane Ibune sinambi rada mencereng.
    Mega sing wis kadhung kepingin banget nduweni tas kaya duweke Alin banjur Mega isih ngotot supaya kekarepane mau disembadani dening ibune.
    “menawi mboten pareng nggih sampun bu. kula badhe dolan saniki lan kula mboten bakal maem saderenge dipundhutake tas ingkang sami kaliyan tas gadhahane Alin lan menawi mengke kula sakit niku ibu ingkang nyebabaken” wangsulane Mega sinambi mlayu ninggalake ibune.
    Meruhi tumindake anake kang kaya mangkono ibune mung ngelus dhadha. Arep menggak ibune ora kumawa menggak playune anake kasebut. Ing njero ati ibune ngrasa luput jalaran wiwit biyen ibune tansah nyarujuki apa wae kekarepane anake wadon kasebut. Sadawane dalan anggene mlayu ninggalake mau Mega terus nyalahake ibune kang ora gelem nuruti kekarepane. Dheweke ngira yen ibune wis ora sayang karo dheweke maneh. Saiba kagete nalika ing dalan dheweke ketemu klawan alin kang lagi dodolan gorengan.
    “Hlo, Lin awakmu kok?”
    “Iya, Me. Wiwit ibu babaran kae aku saiki ngrewangi ibu kanthi dodolan gorengan ya saka anggenku dodolan iki aku bisa ngrewangi ibu kanggo kebutuhan pawon lan aku uga bisa golek sangu dhewe. Saliyane iku aku uga isih bisa nabung sithik mbaka sethithik kanggo keperluan sekolahku. Ya saka anggenku dodolan gorengan wiwit liburan riyaya kae aku biosa tuku tas dhewe Me” kandhane Alin sinambi mbenakake tutup gorengan kang mbukak jalaran katerjang angin.
    “Oalah dadi ngono ya Lin”
    “iya, Me. Me sepurane ya aku tak ngubengake daganganku dhisik!”
    “Iya, Lin muga-muga laris” wangsulane Mega.
    Sawise Alin ninggalake papan iku Mega nggraita awake dhewe. Dheweke rumangsa isin klawan Alin, jalaran Alin wis bisa ngrewangi ibune dene dheweke bisane mung gawe repot ibune. Mula sawise ngaca marang kancane mau ing njero ati tuwuh kekarepan bakal ngowahi sekabehane tumindake wiwit dina iki. sajroning ati Mega mbatin yen dheweke kudu bisa dadi Mega sing anyar. Mega sing bisa mabntu sarta nyenengake ati ibune. Ora watara suwe mega age-age ninggalake papan kuwi. Dheweke kepengin enggal-enggal bali lan bakal njaluk pangapura marang ibune awit dheweke rumangsa luput marang ibune jalaran tumindake mulih sekolah mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar