Jaman biyen ana sawijining kraton kang diprentah raja kang adil sarta wicaksana. Sang Prabu kasebut nduweni asma Prabu Harya Kusuma. Sang Prabu banget ditresnani dening rakyate jalaran Sang Prabu nduweni kawigaten kang gedhe banget marang rakyate. Saben-saben ana rakyate kang nandhang kasusahan Sang Prabu mesthi aweh bantuwan marang rakyate kasebut tanpa mawas saka agama, ras, lan budayane rakyat kang nadhang kasusahan. Ing jamane Prabu Harya mrentah para rakyat ngrasa ayem banget. Jalaran babar pisan ora ana maling kang wani njupuk barang duweke warga. Para prajurit mesthi jaga sedina sewengi kanggo njaga keamanan sarta gawe tentreme atine para warga. Saliyane iku Sang Prabu uga nduweni rasa adil kang gedhe. Kabeh pawongan kang nduweni kaluputan diukum padha karo kaluputan kang ditindakake. Saliyane iku Sang Prabu ora mbedak-mbedakake rakyate sing sugih lan sing mlarat dianggep padha lan saupama ana kang salah kabeh bakal ngalami proses paukuman kang padha.
Nanging sawijining dina sang Prabu ngrasa sumelang. Jalaran nganti yuswane kang ngancik sepuluh windu sang prabu durung pinaringan putra. Rasa sumelang iku tansaya ngebaki dhadha yen pinuju bengi. Saben wayah bengi Sang Prabu kerep nggraita kepriye nasibe kerajaane yen sawayah-wayah dheweke kapundhut lan ora ana sing nerusakae mimpin kerajaane. Jan-jane sang prabu nduweni sedulur kang bisa ngganteni kalungguhane minangka raja. Nanging, sang prabu ora sarujuk yen sedulure iku ngganteni kalungguhane nata praja jalaran sedulure mau seneng nindakake tumindak kang ala.
Mula kanggo ngusadani rasa sumelange sang prabu ngenani sapa calon kang bakal nerusake mimpin kerajaan banjur sang prabu nindakake semedi kanggo nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Kuasa. Saka anggone nindakake semedi iku Sang Prabu pikantuk sarana saka Gusti Kang Maha Kuasa kanggo nentokake sapa kang bakal ngganteni sang Prabu nata ing Kerajaan Wana Carita.
Ing dina kang wis ditentokake Sang Gusti Prabu nglumpukake para nom-noman kang ana ing kerajaan kuwi ing alon-alon kutha. Nom-noman kang diklumpukake kuwi ora dideleng sugih apa orane. Kabeh warga sauger umure ngancik rong puluh taun wis dikeparengake melu sayembara kuwi. Kira-kira nalika srengenge wis ana ing sandhuwure sirah sang Prabu rawuh ing alon-alon. Nalika rawuh ing alon-alon iku Sang Prabu ngasta winih kacang kang cacahe padha karo nom-noman kang ana ing alon-alon.
Sawise dirasa para nom-noman wis padha nglumpuk Sang Prabu banjur ngendika marang para nom-noman kuwi.
“Para taruna rakyatku, dina iki aku bakal nganakake sayembara lan sapa wonge kang kasil nindakake sayembara iki bakal pikantuk bebana kang gedhe saka aku.”
Keprungu ngendikane junjungane para nom-noman iku padha rumangsa seneng jalaran yen kasil nindakake apa kang disayembarakake dening Sang Prabu dheweke bakal pikantuk bebana kang gedhe. Ora watara suwe sawijining abdi kraton enggal macakake apa sayembara kang dikarepake dening Sang Prabu.
“Para Taruna sok sapa sing kasil nandur winih kacang wis sumadya lan bisa tuwuh kanthi becik bakal jumeneng nata ing Kerajaan Wana Carita dene sing ora kasil bakal nampa paukuman kang abot saka Sang Prabu jalaran anggene nindakake sayembara iki ora temenan” mangkono ngendikane abdi dalem kraton.
Sawise ekeprungu ngendikane abdi kraton kaya mangkono kang wani melu sayembara iku malih dadi sethithik jalaran ora kabeh nom-noman kang ana ing kraton kuwi wanin nanggung resikone. Kira-kira kang wani melu sayembara kuwi mung kari cacah seket. Saka nom-noman cacah samono kuwi rata-rata anake pejabat lan mung sethithik kang anake wong ora duwe. Salah sijine kang melu sayembara kuwi Wicitra. Meruh Wicitra melu sayembara kuwi ana saperangan aweh pangalembana lan ana kang aweh pangece. Jalaran ing ngatase anake randha desa wae kok wani melu sayembara kang resikone abot kaya mangkono. Jalaran tekade wis jejeg Wicitra wis ora mikirake apa kang dumadi ing tembe mburine. Bakune dheweke makarya kanthi temenan lan ora lali ndedonga marang kang gawe urip mengkone mesthi bakal pikantuk asil kang kaya kang dikarepake. Senajan diece karo kancane Wicitra tetep ora wigih lan kukuh marang apa kang dadi gegayuhane.
Wektu terus lumaku lan swasana ing alon-alon kuwi saya suwe dadi tansaya panas. Sang abdi dalem krajaan enggal ngakon nom-noman kang gelem melu sayembara kuwi supaya njupuk winih kang wis sumadya. Sawise diutus dening abdi dalem amrih milih winih kang paling apik para nom-noman kasebut padha gemruduk mlayu tumuju grobak kang isine kebak dening winih kacang. Anggene njupuk para nom-noman iku ora mung siji nanging sakarepe dhewe. Nganti-nganti Wicitra mung kebageyan sawinih wae. Sawise kabeh kasil njupuk winih kuwi sang Prabu ganti ngendikan.
“Para taruna saiki kowe kabeh wis kasil nggawa winih kacang kang wis dicepakake dening abdiku. Saiki kowe dakkongkon supaya nandur winih kuwi kanthi becik lan telung wulan maneh kowe kabeh dak kongkon supaya kumpul maneh ing kene kanthi nggawa tanduranmu. Saka kono aku bakal bisa aweh pambiji marang kowe kabeh apa kowe gelem makarya kanthi temenan apa ora!!” mangkono kandhane Sang Prabu.
Wektu terus lumaku lan ora krasa wis ngancik telung wulan saka dina wektu Sang Prabu nganakake sayembara. Sawise wektu lumaku telung wulan kuwi rata-rata kang melu sayembara kuwi rumangsa bungah jalaran tanduran padha tuwuh kanthi becik. Nanging ora kanggone Wicitra, dheweke katon susah jalaran siji-sijine winih saka anggene melu sayembara kuwi babar pisan ora ngatonake tandha-tandha bakal tuwuh. Senajan wis digonta ganti lemahe nanging tetep ora gelem tuwuh. Jalaran kegawa rasa judege lan wedi bakal pikantuk ukuman saka Sang Prabu mula nalika ana sawijining kancane kang uga melu sayembara kuwi ngajak menyang alon-alon dheweke nulak. Weruh anake katon susah mbok randha aweh panglipur marang anake.
“Wis ta le, tekaa nang alon-alon mengko yen ditakoni dening Sang Prabu wangsulane kanthi apa-anane dakkira sang Prabu bakal ngerti kok?” kandhane ibune.
“Kula mboten wantun mbok, mangke kula yen diukum pripun? Wong rumiyin Sang Prabu sampun ngendika menawi sinten ingkang mboten saged nindakaken menapa ingkang dikarepaken Sang Prabu bakal pikantuk ukumna kang abot sanget kok mbok”
“Wis ta le, awakmu ora salah mbok yakin kowe ora bakal diukum. Ayo kana ndang budhal mengko selak kawanen” panjaluke mbok randha menyang anake.
Kanthi ati kang mamang antarane budhal apa ora pungkasane Wicitra budhal menyang alon-alon. Dheweke wis pasrah yen mengkone bakal diukum dening Sang Prabu. Ing alon-alon wis kebak dening wong-wong sapantarane kanthi nggawa tanduran kacang kang tuwuh kanthi lemu-lemu. Meruhi Wicitra kang ora nggawa tandurane para nom-noman kang ana ing alon-alon kuwi padha aweh pangece marang Wicitra. Anggene aweh pangece iku seru banget lan swara-sawara pangece mau kasirep nalika Prabu rawuh. Nalika sang Prabu rawuh kabeh para nom-noman iku cep klekep ora ana sing wani nyuwara. Sawise ndulu apa kang digawa dening para nom-noman Sang Prabu manggut-amnggut. Nanging bareng meruhi ana sawijining nom-noman kang ora nggawa tanduran Sang Prabu enggal nimbali nom-noman kuwi. nom-noman iku ora liya iya Wicitra.
“Heh, le sapa jenengmu kok kowe wani-wani teka ing alon-alon kene tanpa nggawa tanduran kamangka kowe wis ngerti yen sok sapa wonge sing ora kasil nandur winih kacang saka aku bakal oleh ukuman kang abot banget.”
“Ampun Gusti Prabu, nami kula Wicitra. Kula sampun ngertos yen kula bakala diukum jalaran kula mboten saged nindakake menapa ingkang Gusti kersakaken. Menawi saniki Gusti bakal ngukum kula, kula mboten bakal nolak.”
Keprungu omongane Wicitra kang kaya mangkono para nom-noman liyane padha surak huuu... Nanging anggene surak iku mau ora suwe jalaran Gusti Prabu enggal ngleremake para nom-noman kang padha surak iku. Sawise kahanan bali lerem sang prabu banjur ngendikan.
“Wicitra jalaran kowe ora saguh nindakake apa kang kaya dakkarepake mula kowe dakwenehi ukuman kang paling abot. Ukuman iku ora liya yaiku kowe kudu ngganteni aku dadi raja” mangkono kandhane Sang Prabu.
Keprungu apa kang dikandhakake Sang Prabu kang kaya mangkono kabeh padha bingung lan ora percaya. Kena apa pawongan kang ora bisa nindakake apa kang dikarepake Sang Prabu malah didadekake Raja. Meruhi kahanane rakyate kang bingung Sang Prabu banjur ngendikan maneh.
“Samesthine kowe kabeh bingung kena apa aku milih Wicitra kang bakal dadi sesulihku nata ing negara kene. Aku milih dheweke jalaran dheweke iku jujur lan nduweni tanggung jawab kang gedhe. Sejatine winih kacang saka aku kuwi kabeh wis tak godhog kabeh lan mokal bakal bisa tuwuh. Anane winih-winih kuwi bisa tuwuh mesthine wis kokganti ya ta?” pitakone Sang Prabu marang nom-noman liyane. Keprungu pitakone Sang Prabu kang kaya mangkono ora ana siji-sijiya kang wani mangsuli jalaran kabeh padha rumangsa salah lan wis tumindak ora jujur. Wiwit dina iku Wicitra jumeneng nata ing krajaan Wana Carita dheweke uga mboyong mboke menyang kraton. Ing njero kraton Wicitra urip tentrem lan anggone mimpin ora beda adoh karo raja sadurunge, rakyate tetep guyub tumata lan urip tentrem
Tidak ada komentar:
Posting Komentar