Jam rolas awan bel kang ana ing sekolahane Widya wis ditabuh dening Pak Marno. Bel kang ditabuh iku mau ngemu teges yen piwulangan ing dina iki wis rampung. Lan, munine bel mau sejatine wis diantu-antu dening sekabehane murid-murid kang sekolah ing SD I Mojowarno. Nanging dina iki Widya sakancane durung bisa enggal-enggal bali tumuju menyang omahe dhewe-dhewe amarga dina iki Widya lan kanca-kancane kelas enem lagi ana tambahan jam kanggo ngadhepi Ujian Nasional kang bakal dianakake taun ngarep. Senajan wektu kanggo UAN isih adoh nanging pihak sekolahan anggone Widya sekolah wis pengin cepak-cepak luwih dhisik kanggo ngadhepi UAN kasebut kanthi pangajab siswa-siswa kang sekolah ing kono bisa pikantuk NEM kang apik lan bisa lulus kabeh.
Jam rolas tet bocah-bocah kelas siji nganti kelas lima wis padha nyangklong tas lan bali menyang omahe dhewe-dhewe. Dene kanggone bocah enem isih istirahat sinambi ngrantu jam tambahan belajar. Nalika istirahat iki ana saperangan kang menyang kantin kang maem ana kantin lan ana kang tetep ing kelas mbukak bontotane dhewe-dhewe. Ing ruwang kelas 6 B iku ana bocah wadon loro sing ayu-ayu kang lagi mbukak bontotane dhewe. Bocah loro iku ora liya Resty lan Widya. Bocah loro iku pancen kekancan akrab wiwit kelas siji SD. Lan, bocah loro iku omahe uga amping-ampingan mula saben budhal mulih bocah iku mesthi bareng.
Sinambi mbukak bontotane dhewe-dhewe bocah iku dhiskusi ngenani piwulangan sing diwenehake Bu Dewi wingi. Ana seththik sing durung dimangerteni dening Widya ngenani bab tata surya. Mula dheweke takon marang Resty sing luwih ngerti pelajaran IPA. Pinuju lagi enak-enake dhiskusi dumadakan saka mburi ana kancane sing jenenge Rizal dolanan bal-balan saka botol banyu mineral ing njero kelas. Amarga kegawa asyike dolanan bal-balan botol banyu mineral kuwi ora sengaja tangane Rizal nyenggol bontotane Resty. Wusanane bontotan sing digawa Resty teka mau kutah ing plesteran. Rumangsa tumindake mau salah mula Rizal enggal njaluk pangapura marang Resty.
“Res, sepurane ya! Aku mau ora sengaja” kandhane Rizal sinambi nyedhaki Resty kang lagi ngresiki plesteran kang reged amarga kutahan bontotane.
Keprungu pitakone Rizal kang njaluk ngapura iku Resty mung meneng wae tanpa ngucap apa-apa. Dheweke mung manthuk kanthi alon lan tanpa kumecap apa-apa. Resty katon gela banget marang tumindake kanca nunggal kelase iku. Meruhi kancane kena musibah Widya enggal tanggap ng kahanan dheweke njupuk sapu kang ana ing ruwangane Pak Marno kanggo ngresiki utah-utahan bontotane Resty mau. sawise kasil ngresiki ruwangan kelase bocah loro iku nali mlebu ing ruwangan kelas maneh sinambi ngrantu jam tambahan pelajaran diwiwiti. isih jam setengah siji ateges jam kanggo miwiti tambahan pelajaran isih suwe. Ing njero kelas kuwi Widya nerusake anggene maem, nanging dheweke rumangsa mesakake kancane sing ora melu maem awan. Mula dheweke terus mbagi bontotane mau marang Resty. Wiwitane Resty pancen nulak nanging sawise dipeksa dening Widya Resty pungkasane gelem nampa.
Ora watara suwe jam tambahan iku kawiwitan. Kabeh siswa pada nesmakake anggen Bu Novi nerangake babagan sistem tata surya. Kala-kala ana siswa kang ana sing durung ngerti ngenani apa kang diterangake gurune kuwi banjur ngacung lan njwluk pirsa marang gurune ngenani babagan kang durung dimangerteni kasebut. Meruhi muride takon ngenani piwulangan kang durung dimangerteni kasebut ora ndadekake Bu Novi duka nanging malah ndadekake Bu Novi seneng jalaran miturut panemune Bu Novi siswa kang gelem takon marang sawijining babagan kang durung mangerteni iku nuduhake yen siswa kasebut pancen temen-temen nduweni tekad supaya bisa. Beda maneh kalwan siswa kang ora ngerti lan ora gelem takon marang gurune utawa kancane kang luwih ngerti, iku ngono atege siswa kuwi mau ora nduwe tekad kang kuat kanggo bisa.
Jam setengah telu tambahan pelajaran dina iki wis rampung. Samwise maca donga bocah-bocah kuwi enggal bali tumujumneyang omahe dhewe-dhewe. Amarga omahe padha-padha sadesa lan jarake saka sekolah mung sakilo mula Widya lan Resty anggone mulih mung ngepit kanth goncengan.
Dina kuwi hawne panas banget. Senajan wis jam setengah telu sore hawane isih tetep panas. Nalika enak-enak gegojekan ing tengah dalan Widya lan Resty weruh ana dompet rupa coklat kang gumletahak ing tengah dalan. Tujune wektu kuwi nepaki swasana dalan lagi sepi saengga ora ana wong kang mangerteni dompet mau kejaba bocah loro kuwi.
“Eh, Wid dompet kuwi dijupuk apa ora enake?” pita. Amarga ora ngerti omahe Pak kone Resty marang Widya.
“Ya dijupuk wae Res, menawa ing njerone ana KTP-ne saengga bisa awake dhewe ngerteni sapa sing nduwe dhompet iku mau!”.
“Iya, Wid. Sapa ngeti awake dhewe mengko bakal entuk sangu saka sing nduwe kan lumayan kanggo nambah sangu, heee...heee”.
“Hussh,,, ora oleh ngono hlo Res! Ngendikane bu guru wingi yen aweh pitulungan ngono kudu ikhlas lan ora oleh ngarepake apa-apa”.
“Iya, Wid. Aku ya ngert ning iku mau mung guyonan kok”.
Sabanjure bocah loro kuwi mandheg saperlu njupuk dompet werna coklat iku mau. nalika dibukak ing kono ana dhuwit sing cacahe pitungatus ewu. Lan ing donpet iku mau ana KTP-ne. Ing KTP iku mau tinulis jenenge Pak Hermanto kang dumunung ana ing Desa Bangsri. Desane sing nduwe dompet mau ora adoh saka desane Resty lan Widya. Sawise rembugan sedhela ngenani kapan anggene mbalekake dompet iku marang sing nduwe. Bocah kaloron mau mutusake mbalekake dhompet iku mau dina iki uga. Anggone menehake dhompet iki mau dina iki uga jalaran bocah loro iku mau ngrasa menawa sing nduwe lagi bingung nggoleki dhompete kuwi lan mbok menawa sing nduwe lagi butuh dhuwit kanggo nyukupi kebutuhane.
Kira-kira jam telu bocah loro iku mau wis tekan ing laladan desa bangsriamarga ora mangerteni omahe Pak hermanto sing sisih endi, banjur bocah loro kuwi takon marang ketua RT. Sawise entuk pituduh saka ketua RT bocah loro kuwi enggal tumuju alamat kang wis dituduhake Pak RT kalamau.
“Kula, nuwun!”
“Mangga, mangga pinarak” ngendikane sing nduwe omah.
Ora watara suwe sing nduwe omah metu saka njero lan minarakake bocah kaloron.
“Ana, apa ya ndhuk”.
“Anu bu, niki napa leres dalemipin Pak hermanto?” pitakone Widya marang sing nduwe omah.
“Iya, ndhuk iki bener omahe Pak Hermanto. Aku sisihane Pak Hermanto dene Pak hermanto iki lagi metu. Mau jarene lagi arep nggoleki dompete sing ilang. Sampeyan iki sapa lan ana perlu apa kok nggoleki bapak?”
“Anu bu, niki kula Widya lan niki kanca kula Rsety. Kula saking desa Batangsaren. Ancas kula sowan ngriki niki kalawau kepingin nyaosaken niki!” wangsulane Widya sinambi ngelungake dompet kang mentas ditemu kuwi.
“Hlo, iki rak dompete bapak?”
“Inggih bu. Niki wau nalika kula wasul sekolah kula nemokake dompet niki gumlethak dhateng margi. Saderenge cobi panjenengan cek rumiyin. Saderenge kula nyuwun agunge pangapunten menawi wonten barange bapak ingkang ical. Kula dalah kanca kula mboten mundhut napa-napa kejawi mirsani KTP-ne bapak punika”.
Bu Hermanto ngecek isine dompet kasebut. Ing njero dompet iku mau ana dhuwit cacahe pitungatus ewu, KTP, SIM lan STNK. Sawise ngecek lan ora ana barang sing ilang babar pisan banjur bu hermanto ngendikan marang bocah loro kasebut.
“Matur nuwun ndhuk. Iki wis dakcek lan ora ana sing kalong siji-sijiya. Ndhuk iki minangka tandha matur nuwunku marang awakmu sakloron” ngendikane bu Hermanto sinambi ngelungake dhuwit.
“Mboten, bu matur nuwun. Kula ikhlas kok anggen kula mbantu niki wau”.
“Aku ya, ikhlas lo ndhuk. Tulung tampanana ora apik nulak pawenehane wong kuwi” ngendikane bu Hermanto kanthi rada meksa.
Amarga dipeksa dening bu Hermanto pungkasane Resty lan Widya gelem nampa pawenehane bu Hermanto kasebut.
“Inggih bu matur nuwun” ucape Widya lan Resty kanthi bebarengan.
“Iya, ndhuk padha-padha.”
Sawise kuwi Resty lan Widya banjur pamitan marang bu Hermanto jalaran wektune wis tansaya sore. Widya lan resty wedi yen bapak lan ibune nggoleki jalaran iki mau pamite mung melu tambahan belajar wae. anggene mulih ditutake klawan bu Hermanto nganti teka ing ngarep gerbang omahe. Sadawa-dawane dalan bocah loro iku mau ngrasa ayem jalaran wis bisa mbantu wong liya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar