Kutha Solo pancen sawijining kutha ing Jawa Tengah kang nduweni patilasan
sejarah kang akeh banget. Ing kutha kang kawentar minangka sebutan kutha
bengawan iki akeh banget peninggalan-peninggalan wangunan sejarah kang arupa
keraton. Saliyane iku ing kutha iki kaya dene kutha-kutha ing Indonesia uga
bisa ditemoni sawetara paninggalane jaman Kolonial Walanda. Salah sawijining
pannggalan bangsa Walanda kang nganti saiki isih bisa diprangguli yaiku Benteng
Vastenberg.
Benteng Vastenberg iki mapan ana sacedhake keraton kasunanan Suarakarta.
Yen dideleng wujude ngono kahanane benteng paninggalane bangsa walanda iku
katon nrenyuhake banget. Jalaran katon ora krumat lan ana saka saperangan
wewangunan benteng kasebut sing wis rusak. Yen dideleng saka blegere benteng
vastenberg iki kawangun kanthi migunakake campuran arsitektur Walanda lan uga
migunakake arsitektur Jawa.
Ngenani anane campuran arsitektur Jawa bisa kabukti kanthi anane arca penjaga kang diwangun ing scedhake
lawangane benteng. Saliyane iku ing ngarepe benteng iki uga ana patung nandi
cacah loro. Benteng Vastenberg kang ana ing kutha Solo iki pancen nduweni
sejarah kang dawa. Benteng iki mulane diwangun kanthi pangajab bangsa Walanda
bisa meruhi sekabehane tumindak kang bakal ditindakake dening Keraton kasunanan
Surakarta. Benteng iki uga mirip klawan benteng-benteng liyane ing kene uga
tinemu anane parit-parit perlindungan
kang digunakake kanggo ngredhem gempuran saka pihak musuh.
Benteng Vastenberg diwangun kanthi anane printah saka Gubernur Van Der Berg
sing wektu iku minangka pepundene bangsa walanda kang manggon ana Indonesia.
Benteng iki diwangun rikala taun 1774 lan rampung rikala taun 1779. Sawise
indonesia mardika sabanjure benteng iki digunakake kanggo markas Brigif VI Kostrad.
Kedadeyan kang nrenyuhake tumrap benteng iki kawiwitan rikala taun 1991.
Nalika taun 1991 benteng iki ditukargulingake klawan pihak swasta lan lemah
kang ana ing kono dikapling-kapling dadi wolung perangan. Malah ing taun 2008
benteng kang ngandhut sejarah iki bakal dirubuhake lan bakal diganti dening
sawijining hotel tingkat telulas. Untunge para budayawan lan sejarawan solo
wektu iku bisa menggak kedadeyan kasebut.
Nanging ing sawalike sejarah ngenani benteng tinggalane walanda kasebut
akeh crita-crita ora tinemu nalar kang kerep dumadi ing benteng Vastenberg iki.
Ngenani kedadeyan kang ora tinemu nalar kasebut diandharake dening Kahono
sawijining bakul asongan kang kerep ngedol dodolane ana sakupenge benteng.
Miturut kang diandharake dening Kahono ing benteng kuwi saben-saben malem
jemuah kliwon lan malem selasa kliwon kerep keprungu swara-swara nyalawadi kang
kawetu saka njero benteng. Kadhang kala swara kang kawetu saka njero benteng
iku memper swarane pawongan kang lagi baris. Saliyane kuwi uga kerep banget
keprungu swarane wong wedok nangis.
Kahono uga nambahake yen samungkure keprungu wanita nangis ora watara suwe
mesthi katon kaya ana klibate wanita walanda jumangkah mlebu menyang sawijining
papan sing biyen digunakake kanggo rapat klawan bangsa Walanda. Saliyane iku
miturut apa sing dicritakake dening Kahono ing wektu purnamasidhi biyasane kaya
ana sesawangan kayadene tentara kang lagi baris. Lan kadhang kala ana uga penampakane jendral bangsa
walanda. Wewayangan kaseut dpercaya minangka wewayangane bangsa walanda jalaran
dedeg piyadege luwih dhuwur tinimbang bangsa Indonesia lan saka sandhang
penganggone cetha yen iku dudu tentara Indonesia. Kawetu sesawangan aneh
kasebut biyasane kawiwitan nalika cahyane rembulan tumiba ing pojok-pojokaning
benteng. Kerepe anane sesawangan kang ora tinemu nalar kasebut yen miturut
Kahono dumadi jalaran nalika dhek jaman perang kemerdekaan biyen akeh tentara
Walanda kang nemahi pati ing laladan kono lan ora dikuburake kanthi samesthine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar